Minggu, 30 November 2014

Suwunging ati



Papan yuntak tangis nanging atiku suwung

Mung pangeran maha peparing

Srana nebas mrih iman tan garing

Nganti lingsir sore tak tunggu

Karep ben bisa ngrasake musiking rindu

Kasdu bangkit nrangsang sewu wahyu

Nata ati murih nyawiji jejeg lumaku

Yen sang surya kae wus doyong ngulon

Bejik sarwa prasaja apa iki lelakon

Urip lirih laras laris dadia wewaton

Mulat laku becik jawa tanggon

Tekatku moh ringkih murih hebat

Kaya uriping geni sing bulat bulat

Iki dadi prasasti bangun jiwa dadi kuat

Adoh srei dengki sifat jahat keparat

Mung gusti pangeranku kang maha agung

Papan nyuntak tangis lamun atiku suwung

Mung pangeran kang maha peparing

Srana nebas mrih tan garing

Tansah eling



Mula eling dieling
Supaya bisa eling
Sira kudu tansah eling karo pepeling
Saka Gusti Kang Maha Wening

Lamun sliramu besuk bisa dadi panguwasa
Ben bisa anduweni watak wicaksana
Lan kudu bisa nindakake purba wasesa
Wasis kang ngempakake panguwasa
Kanthi tulus luhuring pakarti
Temah kang kapurba tan kerasa
Kang kawasesa rumangsa mulya tan upama

Pangusawa para bapa rena
Para sanak kaluarga
Para manungsa donya
Kang yogiswara utama

Citra tresna



Pengen citra ngenu surasa

Tan bisa nadyan mawa sewu acara

Wujud sebut yuntak panglangsa

Pancen susah nyipta ing sastra

Nanging wes dadi ciri wancine lan hobi

Nadyan sak imit tak tulis dadi gurit

Murat marit dadi arti

Mung pengen ngundi mrih suka ing ati

Yen ing dada iki mrentul citra tresna

Tratapan isi ati tinulus dadi ukara

Iki caraku nyingkirake sewu ukara

Rinangkit pituas mring maha kuasa

Ora isin lamun cinacat

Ya ben tak tampa kebak amanat

Muga bida sembada becik iman kuat

Urip bekti illahi iling maring akhirat

Silsilah-silsilahing Ukara



Silsilah-silsilahing ukara sing perlu diweruhi ana 6 werna:

1. Ukara Kandha (Kalimat Langsung)
Tuladha:
- “Kowe kudu sing sregep sinau” dhawuhe ibu.
- Bapak ngendika, “Sesuk aku menyang Surabaya.”

2. Ukara Crita (Kalimat tak Langsung)
Tuladha:
- Ngendikane ibu, yen sregep sinau mesthi pinter.
- Kancaku takon, kena apa aku wingi ora mlebu sekolah.

3. Ukara Tindak (Kalimat Aktif)
Tuladha:
- Adhikku ngundhuh pelem.
- Ibu mundhut jajan kanggo adhik.

4. Ukara Tanggap (Kalimat Pasif)
Tuladha:
- Kuene dipangan adhik.
- Klambine dikrikiti tikus.

5. Ukara Pakon (Kalimat Perintah)
Tuladha:
- Balekna sepedhah iki menyang omahe Paklik.
- Jupukna bukuku ing ndhuwur meja kuwi.

6. Ukara Panjaluk (Kalimat Permohonan)
Tuladha:
- Tulung aku penekna pelem kuwi.
- Coba kowe mreneya dak kandhani.

Sumber:
Daryanto. S.S. Kawruh Bahasa Jawa Pepak. Surabaya: APOLLO LESTARI.

Silsilah-silsilahing Tembung



Miturut golonganing tembung ana 10 werna:

1. Tembung Aran (Kata Benda)
Tuladha:  radio, lemari, meja, sepedhah, kursi, mangkok, lsp.

2. Tembung Kriya (Kata Kerja)
Tuladha: mangan, nyapu, nulis, nembang, maca, mlayu, lsp.

3. Tembung Ganti (Kata Ganti)
Tuladha: aku, kowe, dheweke, lsp.

4. Tembung Wilangan (Kata Bilangan)
Tuladha: siji, setengah, loro, sethithik, lima, akeh, lsp.

5. Tembung sipat/kaanan (Kata Sifat)
Tuladha: apik, abang, bagus, seneng, susah, putih, lsp.

6. Tembung Katrangan (Kata Keterangan)
Tuladha: ngisor, wetan, tengah, kulon, nduwur, kene, lsp.

7. Tembung Pangguwuh (Kata Seru)
Tuladha: wah, tulung, aduh, lho, ah, eh, lsp.

8. Tembung Sandhangan (Kata Sandang)
Tuladha: Sang , Raden, Hyang, Kyai, lsp.

9. Tembung Panyambung (Kata Sambung)
Tuladha: sarta, wusana, lan, mulane, lsp.

10. Tembung Pangarep (Kata Depan)
Tuladha: saka, menyang, ing , sing, mung, yen, lsp.

Sumber:
Daryanto. S.S. Kawruh Bahasa Jawa Pepak. Surabaya: APOLLO LESTARI.

Raden Paku

Raden Paku iku yogane Syekh Maulana Ishak saka Mesir. Kawin kaliyan wong jawa anake Raja Blambangan arane Prabu Minak Sembuyu. Proses kelahirane Raden Paku iku rodok angel. Syekh Maulana Ishak saka blambangan iku kenek fitnah. Akeh wong sing gak seneng akhire Panjenengane diusir nyang negarane dewe yaiku diengkon mulih nyang Mesir. Nalika diusir anggite Dewi Sekardadu ora oleh, panjenengane pingin milu.

Ing kerajaan Blambangan dipimpin kaliyan Prabu Minak Sembuyu, yaiku tedhak turune Prabu Hayam Wuruk saka kerajaan Majapahit. Ing sawijining dina Prabu Minak Sembuyu lan bojone iku kuwatir amerga anak siji-sijine sing jenenge Dewi Sekardadu iku lara. Larane wis pirang-pirang ulan. Bareng lara-lara dijalukna nang ndi-ndi gak ana sing bisa marasna. Pancen nalika iku kerajaan Blambangan keterak pegebluk utawa penyakit. Wis akeh korban sing mati, gambaran babad tanah jawa “esok lara sore mati”. Kabeh pendhudhuk wedi lan penggaweyan saben dina dadi macet total.
Prabu Minak Sembuyu iku gawe sayembara “Sapa sing bisa marasna anakku, yen wedok diaku dulur, yen lanang isih enom dipek mantu, yen lanang tuwa ya diaku bapak”. Sayembara iku nyebar ing plosok negri, nganti pirang-pirang ulan ora ana sing sanggup milu sayembara iku mau. Bojone Prabu Minak Sembuyu malah tambah sedih lan kuwatir, akhire Prabu Minak Sembuyu ngibur bojone kaliyan cara yaiku ngongkon Patih Bajul Sengara lan prajurit-prajurite lunga nang puncak gunung golek wong sakti sing tapa kesentikan kanggo ngobati Dewi Sekardadu.
Ing lereng gunung Patih Bajul Sengara kepetuk wong tapa sing sakti yaiku Resi Kandabanya. Panjenengane ngandani.
“ing Goa kana ana pertapa sakti saka adoh, jajal paranana!”.
 Akhire Patih Bajul Sengara marani lan ing kana kepetuk Syekh Maulana Ishak sing lagi tafakur ing goa, penjenengane dakwah sengedan ing Blambangan. Syekh Maulana Ishak iku salah sawijining wong sing saka Mesir. Panjenengane dicelok dijak nang istana Blambangan dikongkon nambani Dewi Sekardadu. Akhire ditambani kaliyan Syekh Maulana, diparinggi gusti Allah jodho, waras. Bareng waras Dewi Sekardadu seneng kaliyan Syekh Maulana wong pance sayembarane iku ngono na Syekh Maulana Ishak iku ganteng, karo-karone padha geleme, padha senenge. Akhire dinikahna, wong loro urip bebarengan.
            Syekh Maulana Ishak ing Blambangan iku wis pitung wulan dadi adipati. Saben dina pendhudhuk Blambangan akeh sing mlebu islam. Nanging Patih Bajul Sengara nentang, ora mari-mari olehe ngajak Sang Prabu Minak Sembuyu supaya ora peduli kaliyan ajakane Syekh Maulana Ishak. Nalika iku Patih Bajul Sengara neror pengikute Syekh Maulana Ishak. Dicolong, disiksa lan dipeksa mbalik nang agama lawas. Klakuwan sing kaya ngono iku mau dilakoni Patih Bajul Sengana kaliyan cara sengedan-sedan. Ora suwe banjur Syekh Maulana Ishak ngerteni perkara iku.
Syekh Maulana Ishak ngongkon Dewi Sekardadu nyandra bapakne. Ngene:
“Lhe cadranen bapakmu iku, bapakmu wis rekasa”.
Pancen Prabu Minak Sembuyu raja nanging sayange durung gelem mlebu islam, sing perkara gagah lan gantenge iku wis ora nyacat. Tapi gak gelem mlebu islam iku cacate. Akhire bojone nurut kaliyan lanangane. Prabu Minak Sembuyu dicacat perkara sugihe ya sugih, gagahe ya gagah, kedhote ya kedhot. Na Islam iku piye durung ngerti. Akhire Dewi Sekardadu iku ngene:
“Bapak, nek panjenengan kersa mangertosi agama islam ya nango kamarku tek diulang cara-carane islam”.
Akhire dikengken nang kamar. Bareng Prabu Minak Sembuyu ndelok nang nggone kamare, pas iku wayahe sembahyang, mbuh sholat asar apa maghrib ngono. Pas ndek pinggir lawang langsung mbukak lawang lan disawang. Ndek njero kamar iku Syekh Maulana Ishak lagi sujud. Kersane panjenengane dipledhingi silet, akhire nduwe pikiran ngene:
“Mantu randuwe tata, randuwe duga, wong tuwa kate mlebu kok dipledhingi silet!.”
Akhire Prabu Minak Sembuyu nentang. Ora geduga nduwe mantu gak nduwe tata, gak nduwe duga. Lha Pancen sujud kan njengking mledhing langsung Prabu Minak Sembuyu nduwe pikiran ngene:
“Aku ora geduga nduwe mantu sing gak nduwe tata krama, wis pateni wae!”.
Nalika iku Dewi Sekardadu wis mbobot pitung ulan. Akhire angkate dipateni, Syekh Maulana Ishak pamitan nang bojone badhe kesah nang ujung pangkah.
“Lhe aku tak lungga wae nang ujung pangkah kana, tak mertapa ing kana, engko nek kapan sak wayah-wayah anakku lahir aku kandhanana, aku ndek kana.”
Pas tengah wengi, Syekh Maulana Ishak nandhang rasa abot amerga kudu ninggalna bojo sing ditresnani sing lagi meteng pitung ulan. Panjenengane lunga dhewe ninggalna Blambangan. Esuke pasukan Blambangan sing dipimpin Patih Bajul Sengara iku nrobos melbu daerah Kadipaten sing ditinggalna Syekh Maulana Ishak, ing kana Patih Bajul Sengara kecelek, kabeh istana Blambangan iku diojat-ajetna banjur ora nemu Syekh Maulana Ishak sing diancam lan digetingi.
Saben dina Patih Bajul Sengara ora mblenger olehe mbujuk Prabu Minak Sembuyu supaya mbuwak putune.
“Panjenengan wis ngerti durung, bakal putumu iki tedhake wong islam, wong islam iku ora nduwe tata, ora nduwe duga, panjenengan wis ngalami kan nalika ana wong tuwa teka kok malah dipledhingi silet. Sak wayah-wayah dipateni wae!.”
Dadi wis nduwe rencana yen putune lahir mesthi bakal dipateni, giyapa ngrawati anak wong islam sing gak nduwe tata, gak nduwe duga.
Nalika Dewi Sekardadu wis krasa yen arep nglahirna, langsung wae amblas nitek Syekh Maulana Ishak, sampek teka nggone pangkah kana gak nemokna, akhire mlaku ngulon sek gak nemokna, banjur dheleng-dheleng lan ngucap.
“Ndek ndi panggonane kang Mas Maulana iki?”.
Bareng wis pegel olehe ndelekki lan saking panase kongkeben, akhire ndek kana iku ngumbar susune lan diarani maja kopek. Bareng ngono ngulon-ngulon goleki banyu, mari ngono banyune diambet-ambet sahingga ing kana diarani mbetengah. Mari sholat dzuhur amblas ngulon-ngulon maneh, ndek kana lengah-lengoh ngesir diarani maja sir. Bareng ndek kana sek rano mlaku ngulon-ngulon didhang kok sek rano wae, akhire dienteni kaliyan sholat maghrib ing tlaga sadang. Ing kana sek ora ana wae akhire ngulon-ngulon kebaros nang nggone sentul, dadi panjenengane wis ra kuat, awake nyentul-nyentul dadi ing kana terus diarani desa sentul. Akhire ngalor banjur leren turu layar-layar dadi ing kana diarani desa klayar. Bareng wis dalu terus leren nang tlaga ringin bok menawa petok bojone ing kana.
Akhire pas wayah esuk wetenge lara banjur mlayu ing desa Kemantren yaiku ing Gunung Paku daerah pinggire Sunan Drajat Paciran. Ing kana bayine Dewi Sekardadu lahir kanthi ditulungi dukun sing jenenge Nyai Sakeca. Nyai Sakeca njenengi bayi komau yaiku “Raden Paku”. Prajurit Patih Bajul Sengara Krungu yen Dewi Sekardadu nglahirna ing daerah Kemantren akhire prajurit Blambangan teka arep mateni. Pak ne ora seneng amerga iki keturunane wong islam. Nalika Dewi Sekardadu mari nglahirna, panjenengane ngerti yen arep ana prajurit Blambangan mateni akhire siaga, bayine diwadahi peti banjur ditinggal ados wiladah ing pinggir segara. Bayine sing diwadahi peti mau dideleh ndek pinggir segara ditinggal ados wiladah. Bareng ados ndlalah kersane gusti Allah ana ombak gedhe nyalat kotak peti mau lan peti iku katot ombak. Banjur langsung ditututi ora nyandakna. Akhire panjenengane sampek tutok ing selat Bali kana. Kontak peti sing isi Raden Paku mau kinter ngetan ing tengah segara.
Ing kana ana rombongane Nyai Ageng Pinatih lungga dagang saka Gresik nglintasi Selat Bali. Nalika prahune ing tengah segara dadakan prahune iku nerak peti. Prahu ora bisa obah, nahkoda ngongkon prajutit-prajurite nilekki sebabe macet iku mau. Bareng mari dipriksa ndlalah prahu iku mau nabrak peti, nahkoda ngongkon prajurite supaya njukuk peti iku banjur diengkon gawa menduwur nang kapal. Peti dibuka, kabeh wong sing ana ing peti iku kaget ing njero iku isine bayi sing lucu lan bayi iku ngetokna gandha wangi. Dadi bayu laut, peti, sak bayi-bayine ya wangi dadi ing kana diarani Banyuwangi.
Nahkoda banjur ngajak prajurite nglanjutna nglayar nang Bali, nanging prahu ora bisa obah mengarep. Nanging nalika prahu dienggokna nang arah mulih nang Gresik prahu bisa mlaku sabanter-bantere. Dadi rombongane Nyai Ageng Pinatih iku mau gak sida dagang, digawani duwek ya gak sida kulakan amerga nemu bayi. Tutok ing Gresik nahkoda lapor nyang Nyai Ageng Pinatih sinambi mbukak peti.
“Nyai, peti iki sing gawa aku lan prajurit liyane mulih akas, ndewek ora bisa nerusna dagang lan kulak.” Kandhane nahkoda.
“Bayi...? bayine sapa iki?” kandhane Nyai Ageng Pinatih sinambi njupuk bayi saka njero peti.
“Bayi iku ndewek temokna ing tengah segara Selat Bali Nyai!.” Kandhane nahkoda.
Bayi iku mau banjur dipek Nyai Ageng Pinatih lan diangkat dadi anak kuwalonne. Pancen Nyai Ageng Pinatih iku Randha. Gak nduwe anak dadi bareng nemu anak ya senenge ra karuwan.
“Wis gak sida dagang yowis, pek-peken duwikku iku. Oh ya kowe nahkoda, prajurit eleng-elengen! anak iki tak jengeni “Jaka Samodra” amerga nemune ing samodra.” Kandhane Nyai Ageng Pinatih.
Mbok Randha iku mau seneng temen, amerga nemu anak, donya akeh, bandha akeh, gak nduwe anak. Panjenengane ngramot nganti gedhe gedhe gedhe, banjur nalika Jaka Samodra umur 11 taun disekolahna nang Raden Rahmat Sunan Ampel Surabaya. Sekolah nang kana iku ngajine puwinter, cerdas. Diulang pisan wis bisa nampa, wis langsung njaluk leh ngaji liya. Jaka Samodra nalika ngaji iku gak tau disalahi ambi Raden Rahmat, berarti iku tandha yen ngajine bener. Dadi telung bengi iku khatam qur’an wis ora disalahi kaliyan mbah Raden Rahmat. Amerga saking mantepe ngajine. Diulang kitab kuning ya ngono gampang fahamane sampek akhire ditakoni kaliyan Mbah Raden Rahmat.
“Cong aku ora percaya, koen iki anake sapa?”
“Kula yogane mbok Randha Gresik sing jengene Nyai Ageng Pinatih Kyai”. Jawabe Jaka Samodra.
Raden Rahmat isih gak percaya Akhire ngirim layang nang Mbok Randha Nyai Ageng Pinatih Gresik. Bareng Nyai Ageng Pinatih nampa layang awake ogel rakaruwan, bingung barang. Ing pikirane ngene.
“Anakku iki gawe perkara apa ndek kana, apa ngrugekna uwong, ta apa? aku kok sampek dikirimi layang, apa ta sangune kurang?”
Ndek omah iku gugup rakaru-karuwan pance saking senenge kaliyan Jaka Samodra. Akhire Mbok Randha Nyai Ageng Pinatih nglayar nang Surabaya ambi gawa duwek, jajan rakaru-karuwan. Ing kana Mbok Randha Nyai Ageng Pinatih madhep nyang Raden Rahmat.
“Pak yai wonten napa kula kok sampek sampeyan timbali mriki, enten perkara napa?” pitakone Nyai Ageng Pinatih.
“Ora ana perkara apa-apa, aku sejatine pengen ngerti, apa bener ta Jaka Samodra iki bener-bener anakmu?” kandhane Raden Rahmat.
“Nggih yai niku yoga kula kiyambak”. Mbok Randha Nyai Ageng Pinatih nutup-nutupi, ora ngakoni yen Raden Rahmat iku anak nemu.
Nanging Raden Rahmat bisa nenger yen Jaka Samodra iku anake dulure.
“Jaka Samodra iki lak pance anake dulurku Syekh Maulana Ishak. Tak delok praupane kok kaya dulurku ana erepe. Na tak delok praupane kok ya eca”. Ujare Raden Rahmat.
Akhire Nyai Ageng Pinatih ngaku yen nemu bayi iku mau ing samodra nalika dagang.
            Nalika Jaka Samodra mondok ing Surabaya iku akrab kaliyan putrane Raden Rahmat yaiku Raden Makdum Ibrahim. Amerga wis gedhe nalika iku umur 16 taun lan panjenengane ya wis pinter, dadi wong loro iku dikongkon lungga sinau nang Mesir.
“Wis koen wong loro na lunga nang Mesir, ing kana akeh wong pinter saka negara liya. Ing kana uga ana ulama gedhe sing nduweni gelar Syekh Awwalul Islam, panjenengane iku bapak kandungmu sing jenenge Syekh Maulana Ishak. Na lunga mrana, sinauwa, ngalapha berkah. Kabeh iku kanggo uripmu sokmben.” Kandhane Raden Rahmat.
            Wanti-wantine Raden Rahmat iku mau dilakoni kaliyan Jaka Samodra lan Raden Makdum Ibrahim. Tutok ing Mesir wong loro iku dipapak kaliyan Syekh Maulana Ishak kanthi rasa seneng. Panjenengane guwerek amerga lagek pisan iku weroh putra kandunge. Akhire wong loro padha omong-omongan, Raden Paku nyeritakna nang bapakne wiwit bayi nganti ditemu kaliyan Nyai Ageng Pinatih terus disekolahna nang Surabaya nganti nyampek Mesir. Syekh Maulana Ishak uga nyritakna wiwit dakwahe ndek Blambangan terus ninggalna bojone sing lagi meteng.
            Mari cerita-cerita ngono Raden Paku sedih. Amerga mikir makne.
“Saiki make nang ndi, isih urip apa piye?”
“Wis cong, nek koen mikir makmu terus koen gak sida ngalap berkah, golek ilmu kanggo nyiarna agama islam. Saiki koen kudu konsentrasi nang sinaumu wae.” Kandhane Syekh Maulana Ishak.
            Nalika sinau ing kana iku Raden Paku, gampang nyantole. Nganti ana sing ngarani Raden Paku entuk ilmu laduni, yaiku ilmu sing saka Gusti Allah. Akhire Raden Paku entuk gelar “Ainul Yaqin”. Amerga dianggep wis cukup diengkon mulih na Gresik lan digawani lemah sing dibungkus lawon putih.
“Wis yowis amerga ngajimu wis pinter lan umuru wis cukup, muliha wae nang Gresik, cocokna lemah iki lan dekna pondok ndek kana”. Kandhane Syekh Maulana.
Raden Paku lan Raden Makdum Ibrahim mulih nang Surabaya disek amerga laporan nang Raden Rahmat, banjur ing kana iku Raden Paku diengkon mulih nang Nyai Ageng Pinatih Gresik, banjur Raden Makdum Ibrahim diengkon lunga nang Tuban.  
“Wis saiki na mulih cong, nyambutta gawe kanggo nyaur utang”. kandhane Raden Rahmat.
Bareng wis mulih nang Gresik Raden Paku matur nyang ibune “Buk kula badhe nyambut gawe”.
“Wis ra usah, aku wae sing nyambut gawe.
Raden paku isih nyereng wae yen kepengin nyambut gawe, akhire diizini kaliyan ibuke.
“Wis yowis na nyambut gawe bareng prajurit- prajuritku” Mbok Randha ngendhika ngono. Banjur nyelok para prajurit- prajurite dikandhani ngene:
“Wiwit saiki koen kabeh na nyambutta gawe bareng Raden Paku, pokoke koen miluwa bendharamu, apa wae sing dijaluk bendharamu turutana, aja nganti mbok gelakna mbok sengiti”. Mbok Randha Nyai Ageng Pinatih nglakoni ngono iku mau amerga ben ora ngecewakna anake sing ditresnani.
Akhire  Raden Paku milu dagang nang daerah Palembang, panggonan sing biyen makne tau kedampar. Ning kana Raden Paku milu wong mburuh, ing kana ya milu ngedunna beras, ya gelpung, ya apa wong pancen ning kana iku dagang karo kulak. Dagangan sing saka Gresik mau digelar nyang pasar lan diumumna.
“Sapa wae sing gelem ngameka sakkarepmu.”
Para prajurit- prajurite ya ora wani ngelengna, kewuhan wong pancen saka omah mau wis diwanti apa wae kekarepane bendharamu turutana. Dagangan kabeh sing saka Gresik iku mau disodakohna kabuweh bres. Nalike ape mulih banjur Raden Paku ngongkon prajurite ngene:
“Wis pokoke larahan sing ana ing pasar Palembang iki momoten nang prahu kabeh, supaya nek mulih prahune ora oling kenek ombak.” Perintahe Raden Paku.
Rikala ngebyarna awor duwik awor apa, ana wong sing nyegati lan ngomeng-ngomeng rakaru-karuwan.
“He bocah lelana, koen kok wani rene mbejat pasar, andhum barang ngeneki apa karepmu? ngeneki mateni pasar!.”
“Lha wong aku iki kan sedekeh, ya apa kok ana sing wani ngalang-alangi, sampeyan iku sapa?.” Kandhane Raden Paku
Aku iki anake Ratu Palembang, nek kowe wani-wani tak kandhakna Ratu Palembang nae.”
Akhire rame perkara dilarang kaliyan wong Palembang. Na pas iku dagangane Raden Paku ya wis entek banjur ngejak mulih, lan sadurunge mulih para prajurite dikongkon momot sakanane larahan padasan dikongkon madahi kabeh. Pokoke dibeki prahune, nek durung bek isih dikongkon ngebeki. Pokokne ya ana wedhi, watu, kayu, larahan godhong-godhong sembarang kaler melbu prahu kabeh. Pokoke nek ora bek ora oleh leren disek. Dadi prajurite mau ya gur nurut wae. Bareng wis bek Raden Paku ngajak mulih. Ndek tengah segara klayaran mau. Prajurite wis dha masang gendhera kanggo tandha nek ape tutok Gresik supaya tek nang dipapak. Prajurit- prajurite padha siap-siap ndudah dagangan iku mau. Ing njero prahu Prajurit- prajurite padha rembugan ngene:
“Piye iki nek diomeng bendhara Mbok Randha?.”
“Wis engko nek tutuk pinggir ayo padha mlayu dhewe-dhewe, piye cah dikongkon dagang kok tambah oleh larahan, piye iki engko laporane?”. Prajurite padha umyek ngono.
Bareng medon saka prahu dipapak kaliyan Mbok Randha Nyai Ageng Pinatih, Raden Paku iku mau langsung dipondhong kaliyan Mbok Randha njaluk medhun ora oleh.
“Mbok kula sampeyan donna, kersane kula tak mbongkar dagangan kula.”
“Wis ora, engko tek dibongkar Prajurit- prajurite iku, ana sing jagane mbongkar dhewe, dagangan apa ta?.” Kandhane Mbok Randha.
Dadi Mbok Randha wis krungu kabar yen isi prahu iku mau larahan, dadi Mbok Randha guneman ngene:
“Wis yowis larahan wae kok, regane pira, sek larang regamu, wis njarna wae kerem lak yowis larahan wae kok, ape digawe apa ta?.”
Bareng Mbok Randha wis ngendhong sedina suwengi Raden Paku njaluk medon iku isek ora oleh wae. Meksa-meksa akhire oleh medhon banjur nitikki Prajurit- prajurite ngejak ngetokna dagangan sing saka Palembang mau. Nalika prajurite arep ndudah wedhi, larahan kayu sing ndek njero prahu iku mau dadi intan, berlian, sak piturute. watu iku bisa dadi bahan sing warna-werna sing endah-endahan. Mbongkar nganti pirang-pirang ulan ora ngarekna. Sek iiiiseeek wae, sampek kawitan iku digawe seper sepuluh, seper sepuluh iku mau isih ora ngarekna wae akhire nek oleh ngedonna seper sepuluh oleh bawon sitok, nek kapan oleh telu peken sitok. Sek ora ngarekna wae ngusungi donyane, suwembarang kaler dagangan sing saka palembang iku dadi barang sing endah-endah kabeh.
Donyane Mbok Randha Nyai Ageng Pinatih ya pulih. Dadi donya sak prahu sing rupa berlian, emas, intan mau diwehna Mbok Randha kabeh digawe ngileni dagangane, kaliyan ngileni bandhane nalika panjenengane nyekolahna Raden Paku iku mau. Banjur wis pulih kabeh Mbok Randha ora kere nanging tambah sugih. Dadi wiwit saiki ing daerah Gresik iku dadi daerah sing bejo kanggo dagangan. Dadi angger isih ana gunung wae, yaiku gunung Paku iku wong sing dagangan bisa enggal bejo. Na iya temenan gunung ndek kana iku payu nganti saiki entek dikeruk kanggo mbangun omah, nganti Gunung Paku saiki iku dadi pelabuhan. Bareng mari ngedonna donyane Raden Paku isih nitek Mbokne nyang Palembang, dadi nalika mari nitek mbokne ing Palembang anggite iku ngislamna mbahne Prabu Minak Sembuyu iku mau.
Ing daerah Gresik iku Raden Paku sampek ngedekna pondok, amerga lemahe ya cocok kaliyan lemah sing digawakna bapakne nalika ing Mesir iku. Bareng ngono panjenengan mbalek ing pondok banjur dikengken ngislamna mbahne yaiku Prabu Minak Sembuyu. Akhire nitek mbahne amerga ajenge diislamna. Nalika mbalek nang Raden Rahmat ing ndalan iku ing Tandhes Prabu Minak Sembuyu seda. Dadi makame sing ana ing Tandhes iku diarani kuburan Mbah Ratu.
Suwene-suwe nalika Raden Paku wis nyebarna agama islam ing daerah Gresik lan sakpiturute banjur pikanthuk gelar sunan. Amerga ana wali sanga iku mau. Dadi panjenegane diarani wali iku amerga ana wali liyane, dadi sing ngerti wali iku ya sing dadi wali.
Raden Paku iku dikawikna kaliyan wadon loro. Sing ngawikna ya Raden Rahmat. Awitan ape nikah kaliyan putrine Raden Rahmat. Banjur iku Ki Ageng Bungkul kepingin nduweni mantu sekti, lan pas iku nduwe wit dlima ndek ngarepe omah, akhire panjenengane gawe sayembara “Sapa sing bisa njikek dlima bakal tak kawikna kaliyan anakku Dewi Wardah”. Nalika iku jaka akehe satus sing milu sayembara ora hasil malah mati kabeh. Sing bisa gawa ya Ainul Yaqin, Raden Paku iku. Akhire Ki Ageng Bungkul ngene:
“Wis aja dipateni Raden Paku iki, mosok wis mateni wong satus isih ape mateni uwong wae. Wis pokoke njarna ben urip iku ape tak nikahna mbek anakku Dewi Wardah.”
Nalika iku Raden Paku bingung amerga panjenengane ya ape nikah kaliyan putrine Raden Rahmat yaiku Dewi Murtasiah. Akhire panjenengane sowan nang Raden Rahmat.
“Mbah Yai, pripon niki kula kok dikongkon nikah kaliyan putrine Ki Ageng Bungkul padahal kula kan ajenge nikah kaliyan putri panjenengan.”
“Wis ra usah bingung-bingung, nikahen karo!, wong lanang iku oleh nikah luweh saka siji!, dadi mari nikah kaliyan Dewi Murtasiah koen langsung nikah karo Dewi Wardah.”
 Kandhane Raden Rahmat.
Ya pas dina iku Raden Paku sedina nikah kaliyan wong loro. Banjur bojone mau digawa mulih na Gresik. Dakwah nang kono nang nduwur gunung. Sakwise nduwe bojo panjenengane akas dagang nglayar numpak prahu morak marek. Sinambi dagang panjenengane ya nyebarna agama islam. Suwene-suwe dagang iku mau ora srek nek atine. Panjenengane nduweni kepinginan nyiarna islam kaliyan ngedekna pondok Pesantren. Sakdurunge ngedekna pondok panjenengane pamit kaliyan ibune yaiku Nyai Ageng Pinatih.
“Mbok kula nyuwun pamit ninggalna dagang, kula badhe ngedekna pondok pesantren.” Kandhane Raden Paku
“Wis yowis gak apa-apa nak.” Nyai Ageng Pinatih ora kabotan, panjenengane ngrestui anake ngedekna pondok. Amerga  nalika iku donyane Nyai Ageng Pinatih sing saka Raden Paku isih akeh kaya-kaya ora ngentekna.
            Raden Paku miwiti tafakur nyang goa ing desa Kembangan lan Kebomas nganti patang puluh dina patang puluh bengi. Mari tafakur panjenengane kelingan kaliyan wanti-wantine bapakne. Yaiku nyocokna lemah kanggo panggon ngedekna langgar. Panjenengane mlaku-mlaku, saka desa Margonoto tutok ing gunung sing atis. Ing kana panjenengane nyocokna lemah akhire  diparingi cocok. Dadi ing gunung kana sing jenenge Desa Sidomukti panjenengane ngedekna langgar. Amerga ing kana iku gunung, dadi langgar pesantrene dijenengi Pesanten Giri. Tembung Giri ing bahasa sangsekerta yaiku Gunung.
            Raden Paku entuk dukungan lan semangat saka garwa-garwane lan gurune Raden Rahmat, ora suwe panjenengane bisa nyiarna agama islam kanthi sae. Lan bisa nyebar ing nusantara. Santri-santrine akeh sing teka Arab, Mesir lan Cina. Kabeh iku amerga pengembaraane Raden Paku nalika dagang mrana-mrana. Ya wiwit iku panjenengane dadi ulama gedhe sing nduweni jasa sing ora bisa dilalekna kaliyan pendhudhuk jawa timur lan sekitare.
            Dadi Raden Paku iku mimpin kerajaan Giri nganti kurang luwih rong puluh taun. Panjenengane nduweni gelar Prabu Satmata nalika mimpin Giri Kedaton. Pengaruh Raden Paku iki luwih gedhe kaliyan kerajaan-kerajaan islam ing jawa lan sekitare. Kang dadi buktine yaiku anane kebiasaan yen ana sing arep dinobatna dadi raja kudu njaluk pengesahan saka Raden Paku.
            Nalika taun 1506 panjenengane wafat, dimakamna ing Gresik. Banjur kepemimpinane diganteni kaliyan anak keturunane yaiku Sunan Dalem, Sunan Sedomargi, Sunan Giri Prapen, Sunan Kawis Guwa, Panembahan Ageng Giri, Panembahan Mas Witana Sideng Rana, Pangeran Singanegara (ora keturunan Raden Paku), lan sing pungkasan  Pangeran Singosari. Pangeran Singosari mimpin Giri Kedaton nganti tau 1679. Bareng Pangeran Singosari wafat entek kekuasaan Giri Kedaton. Nanging kharisma Giri Kedaton sing dadi ulama gedhe lan wali isih tetep abadi nganti saiki.

Narasumber:
  1. Abdul Chayi, lahir ing Lamongan, 25 Mei 1947. Alamat: Payaman Solokuro Lamongan Jatim. Panjenengane umur 67 taun. Makarya dados petani.
  2. Adlim. Umur 30 tahun, Alamat: Solokuro Lamongan Jatim. Panjenengane makarya dadi petani nanging nduweni keahlian ing bidang kesenian kentrung.
  3. Arjo, lair ing Lamongan, 9 Januari 1955. Alamat Payaman Solokuro Lamongan. Panjenengane makarya dados petani.
  4. H. Ach. Khusairi. S.Pd.I. Alamat: Solokuro-Lamongan-Jatim. Panjenengane umur 55 taun, makarya dados guru Agama ing MI Miftahul Ulum Solokuro lan dados petani lan nduwei keahlian ing bidang kesenian kentrung.
  5. Syueb. Alamat Jambon Sendang Agung Paciran Lamongan. Panjenengane makarya dados petani.