Miturut golonganing
tembung ana 10 werna:
1. Tembung Aran (Kata Benda)
Tuladha:
radio, lemari, meja, sepedhah, kursi, mangkok, lsp.
2. Tembung Kriya (Kata Kerja)
Tuladha:
mangan, nyapu, nulis, nembang, maca, mlayu, lsp.
3. Tembung Ganti (Kata Ganti)
Tuladha:
aku, kowe, dheweke, lsp.
4. Tembung Wilangan (Kata Bilangan)
Tuladha:
siji, setengah, loro, sethithik, lima, akeh, lsp.
5. Tembung sipat/kaanan (Kata Sifat)
Tuladha:
apik, abang, bagus, seneng, susah, putih, lsp.
6. Tembung Katrangan (Kata Keterangan)
Tuladha:
ngisor, wetan, tengah, kulon, nduwur, kene, lsp.
7. Tembung Pangguwuh (Kata Seru)
Tuladha:
wah, tulung, aduh, lho, ah, eh, lsp.
8. Tembung Sandhangan (Kata Sandang)
Tuladha:
Sang , Raden, Hyang, Kyai, lsp.
9. Tembung Panyambung (Kata Sambung)
Tuladha:
sarta, wusana, lan, mulane, lsp.
10. Tembung Pangarep (Kata Depan)
Tuladha:
saka, menyang, ing , sing, mung, yen, lsp.
Sumber:
Daryanto.
S.S. Kawruh Bahasa Jawa Pepak.
Surabaya: APOLLO LESTARI.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar