Silsilah-silsilahing
ukara sing perlu diweruhi ana 6 werna:
1. Ukara Kandha (Kalimat Langsung)
Tuladha:
-
“Kowe kudu sing sregep sinau” dhawuhe ibu.
-
Bapak ngendika, “Sesuk aku menyang Surabaya.”
2. Ukara Crita (Kalimat tak Langsung)
Tuladha:
-
Ngendikane ibu, yen sregep sinau mesthi pinter.
-
Kancaku takon, kena apa aku wingi ora mlebu sekolah.
3. Ukara Tindak (Kalimat Aktif)
Tuladha:
-
Adhikku ngundhuh pelem.
-
Ibu mundhut jajan kanggo adhik.
4. Ukara Tanggap (Kalimat Pasif)
Tuladha:
-
Kuene dipangan adhik.
-
Klambine dikrikiti tikus.
5. Ukara Pakon (Kalimat Perintah)
Tuladha:
-
Balekna sepedhah iki menyang omahe Paklik.
-
Jupukna bukuku ing ndhuwur meja kuwi.
6. Ukara Panjaluk (Kalimat Permohonan)
Tuladha:
-
Tulung aku penekna pelem kuwi.
-
Coba kowe mreneya dak kandhani.
Sumber:
Daryanto.
S.S. Kawruh Bahasa Jawa Pepak.
Surabaya: APOLLO LESTARI.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar