Sewu
tresna kurang siji
Kang
kudu dijangkepi
Nanging
wayah kang ora ana
Wayah
kang wus byar rina
Surya
kang wus mijil ing donya
Kokok
betok kang gupuh
Gupuh
kanggo para janma kang makarya
Makarya
sewu candhi kanggo tresna
Tresna
kang sejati tan bisa diganti
Nanging
wayah byar rina ora bisa, wus mijil
Mijil
kang gawe gumateling surya
Gawe
kluwung kang endah
Kang
gawe wirangrong iki sansaya nlengsep ing driya
Driya
adi utama
Tidak ada komentar:
Posting Komentar