Kesenian
Tayuban inggih menika kesenian kang ana ing dusun Bango Lamongan. Biyasane
dipengeti nalika ulang taun kemerdekaan yaiku ing wulan Agustus. Adicara
dilaksanakaken nganti suwengi diwiwiti kanthi resik-resik dusun. Banjur nyiapna
kanggo pentas tayuban kang ana ing ngarep balai dusun ngisor wit asem. Wit asem
kuwi dipercaya ana penunggune yaiku Danyang Bango.
Latar
belakang tayuban inggih menika masyarakat dusun Bango isih percaya nenek
moyang. Jaman biyen kuwi ana salah sawijining warga kang lara nemen, wis akeh
para Kyai lan dukun saka daerah liya kang usaha ngobati nanging ora ana sing
bisa. Akhire ana teka pandhega gong saka Tuban, panjenengane nyobi ngobati
akhire kersane Allah taala ingkang lara wau dipun paringi waras. Ya wiwit kuwi
tradisi gong ana ing Dusun Bango. Biyen kuwi tau ora nekakna tayuban banjur ana
salah siji warga kang kesurupun, diganggu kaliyan penunggu danyang Bango. Dadi
nganti saiki Tayuban kuwi mesti ana ing dusun Bango, nanging ora akeh kang
seneng nonton, biyasane namung bapak-bapak kang milu partisipasi ing adicara
menika.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar