Tradisi
slametan mbuak mala yaiku tradisi ana ing desa Solokuro Lamongan, biyasae
diwiwiti kanthi bancaan. Tuan rumah kang
ngadakna slametan kuwi ngundhang bocah cilik akehe pitu dijak bancaan sega
ambeng lan bubur werna pitu. Kang nduweni tujuwan kanggo mbuak mala lan uga
silaturahmi antar tetangga sakiwa tengene.
Ing
slametan iki ana sapiranti ubo rampai kayata Sega ambeng, Jangan kulupan pitung
werna ana (Bayem, godhong menyok, kangkung, kecipir, jireng, lembayung, lan
godhong kates), Sambel klapa, Lauk pauk, endhog pitik godokan akehe pitu, Bubur
tawar pitung werna, Jajan pasar pitung werna ana (bongko, jumbleg, lepet,
katol, gemblong, lemet, lan lempog), Sendok kang digawe saka godhong lontar lan
Duwit.
Tata
cara slametan mbuak mala inggih menika tuan rumah ngundhang bocah cilik akehe
pitu banjur dikandhani yen niate ngundhang iku nylameti sakkeluwarga kanthi
tujuwan supaya mala kang tau nimpa kaluwarga bisa mlayu adoh. Banjur tuan rumah
ngengken sesepuh kangge miwiti donga yaiku surat al fatihah lan doa
kaselamatan. Rampung donga tuan rumah ngengken bocah cilik sing akehe pitu
kanggo bancaan sega ambeng lan bubur tawar pitung werna. Yen sega lan bubur
kuwi mau isih nyisa si tuan rumah langsung mbuak sing adoh yaiku dibuak ing
sawah utawa kali. Kang dipercaya malane ben ora mbalek maneh, ben kintir milu
miline bayu. Nalika bocah cilik arep bali nang omahe dhewe-dhewe tuan rumah
menehi endhog siji-siji, duwit, lan jajanan pasar gawe oleh-oleh kaluwarga ning
omah.
Saperangan
ubo rampai kang ana ing nduwur mau nduweni makna dhewe-dhewe kayata Sega ambeng
lan kulupan pitung werna nglambangna masyarakat desa solokuro mayoritas dadi
petani, dadi hasil makaryane dhewe kang digawe bancaan. Bubur pitung werna kang
rasane tawar nglambangna raenake uripe bisa mlayu adoh. Endhog pitu nglambangna
awal mula kehidupan. Jajan pasar nduweni tujuwan ngenalna bocah-bocah cilik,
yen jajanan pasar ing desa Solokuro ana akeh banget lan luwih enak saka jajanan
modern. Jajanan pasar uga jajanan kang sehat marga ora nganggo pengawet, pemanis,
utawa pewarna. Godhong lontar nglambangna wong jawa dadi nyesuaikna ben cah
cilik ngerti yen godhong lontar bisa di gawe sendok. Lan ing pungkasan,
saperangan ubo rampai mau akeh sing jumlahe pitu, pitu kuwi nglambangna dina,
yaiku ing seminggu ana pitung dina.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar