Kesenian
tradisional Jaran Jinggo yaiku kesenian jaran goyang kang nggabungna seni
musik, religi, tari lan supranatural. Kesenian iki ana ing Desa Solokuro Kabupaten
Lamongan. Dipun pandhegani kaliyan Bapak Samporno. Kesenian kuwi dianggep wis
langka. Biyasane diudhang ing adicara sunatan, ulang tahun lan Karnaval. Tuan
rumah kang ngundhang biyasae nggadahi arek cilik kang durung umur sepuluh taun.
Dadi anake kuwi ditunggangna jaran. Kang
nganggo klambi pangedhene. Klambi kang gemerlap kaya pangeran.
Jaran kang ditunggangi arek cilik
kuwi diarak mubeng desa. Biyasane ing prapatan lan ing omahe mbahe arek cilik,
jaran lan pawang nglakoni atraksi supranatural dipun pandhegani kaliyan ketua pawang.
Dadi arek cilik mudun lan jarane kuwi joget-joget milu irama musik jidor, gong
lan kendhang. Disambi anggota ana kang maca sholawat. Rampung joget biyasane
langsung antraksi, dadi jaran disiapna klasa lan bantal banjur disulap ben
turu, para pawang joget mubengi jaran. Ora suwi pawang langsung kesurupan. Ya
pancen sengaja digawe kesurupan amerga iku bagian saka antraksi.
Ngundhang Kesenian Jaran Jinggo iki
bayare lumayan gedhe yaiku 3-5 juta tiap sak pentas. Nanging ora rugi amerga
antraksi lan jogete kuwi bisa gawe senenge masyarakat kang nonton. Keunikan
kesenian iki yaiku ana ing atraksi lan jogete jaran. Jaran kan ora padha jaran
liyane. Jaran Jinggo menika namung terkenal ing sekitar Lamongan. Ing daerah
liya mestine ya ana nanging cara apresiasine kang bedha.
Sumber:
https://ahmadmufidchomsan.wordpress.com/2013/03/02/jaran-jenggo-solokuro/
Tidak ada komentar:
Posting Komentar