Nalikå
iku Parmin isíh cilík durúng ngêrti åpå-åpå. Nangíng yèn saiki kirå-kirå wís
lulús Taman Kanak-Kanak, kèpårå wús kèlas siji SD. Sanadyan isíh cilík, Parmín
wís kèlingan sabèn wayah akèh udan, jago klurúk gênti gêntèn sajak pamèr
kabisan tantang-tantangan, simbóké wís ora ånå sandhingé, ora ngêlóni. Ésúk iku
sawisé kråså ånå sunar suryå sumunar mlêbu kamar, grégah Parmín ngêlèkaké måtå
tangi ngulèt sawêtårå. Banjur kêthêmak-kêthêmêk marani méja nyaút pohúng gódhóg
síng cêmawís ånå piríng síng kêmbangan ijo-ijo. Wús kråså warêg banjúr mênyang
sawah pójók déså nusúl simbóké.
"Mbóóók..."
pambêngóké Parmín.
Simbóké
síng nêmbé tandúr karo kancané cacah limå ånå têngah-têngah sawah nolèh mêmburi
bêbarêngan.
"Wís
tangi, Lé," wangsulanê simboké Parmín karo isíh nggêgêm winíh pari síng
durúng ditancêpkê.
"Bapak
êndi, Mbók?"
"Kaé
nggaru íng sawahé Lík Wirå kidúl kuwi," wangsulané simbóké karo isíh
nggêjêjêr ngadêg.
"Aku
nyusúl Bapak yå Mbók."
"Yå...
åjå adóh-adóh, ånå galêngan waé. Ngombéné ånå gubúg kaé ..." wangsulané
simbóké karo nêrusaké anggóné tandúr síng wús olèh sêparo pathók.
Rampúng
kabèh, simbóké Parmín ndhisiki ninggalaké sawah dikinthíl Parmín karo nyangkíng
cèrèt síng wís ora isi wédang. Simbóké nggéndhóng cêthíng síng ugå wís kóthóng,
isiné gawan såkå ngomah wís gusís. Têkan omah simbóké Parmín kagèt sêtêngah
mati jalaran omahé kêbak wóng, tuwå ênóm, ånå ugå bocah cilík barakané Parmín
anaké. Mlêbu pêkarangan, simbókê Parmií dipêthukaké wóng lanang sêtêngah tuwa
karo wóng wédok síng nêmbè ngandhút.
"Nyuwún
ngapuntên, Bu. Kulå damêl kagèt panjênêngan."
"Nggíh
... inggíh ...wóntên nåpå?...Kadóspundi Pak...?" wangsulanè simbóké Parmín
karo isíh ngèwèl sikilé.
Ngêrti
omahé kêbak uwóng lan simbóké ómóng-ómóng karo wóng lanang síng durúng
dingêrtèni Parmín katút kawêdèn. Cêngkélak Parmín bali mlayu marani bapaké ånå
sawah síng adóhé udåkårå sêtêngah kilo.
"Ånå
åpå Lé?" pitakóné bapaké ora sabar.
Parmín
durúng mangsuli isíh mênggèh-mênggèh karo tudang-tudíng, nudingi prênah omahé.
"Ånå
åpå?" Bapaké mbalèni takón karo ngóyóg-óyóg awaké Parmín.
"Omah
akèh uwóng Pak," kandhané Parmín karo nudíng omah.
"Wah
cilåkå yèn síng têkå têntara Låndå ... wóngé putíh dhuwúr nggåwå bêdhíl åpå
irêng cilík kåyå Bapak?" pitakóné Bapaké.
Parmín
ora mangsuli, múng gèdhèg karo bikut ngusapi kringêt íng rainé.
Nalikå
mêruhi omahé ora ånå kêdadéyan åpå-åpå kêjåbå katón sawènèhíng pawóngan síng
dikênal íng plataran, atiné nyicíl ayêm. Luwíh-luwíh nalika têkan pêkarangan
omah wís dipêthúkaké bojoné karo wóng lanang sêtêngah tuwå mèsêm sumèh
ngulúngaké tangan, têtêpungan.
"Pangapuntên,
Pak. Kulå ndamêl kagèt ... kulå sagotrah niki kêplayu ngungsi. Kithå wiwít dalu
sampún dirêbút têntara Låndå.
Pårå
pêjuwang mundúr dhatêng dhusún ngracík rancangan kanggé nglawan kanthi gêrilya.
Amargi
kahanan kithå mbêbayani tumrap ingkang mbótên purún ndhèrèk Låndå, kulå dipún
prayogakakên kalíh pårå pêjuwang supadós nyingkír ngungsi.
Wilujêng
kulå sagotrah sagêt dumugi ngriki dipún kancani kalíh têntara pêjuwang ingkang
mémba-mémba amóng tani."
Mangkono
kurang luwíh anggóné mènèhi katrangan pawóngan sêtêngah tuwå iku. Mangêrtèni
dhódhók sèlèhé kahanan sakålå polatané Bapaké Parmin byar padhang.
Simbóké
Parmín tanggap, énggal nggódhóg wédang lan ngglêpung gaplèk kanggo nyugúh
tamuné cacah wólu síng dipêsthèkaké kaluwèn.
Wóng
cacah wólu mau Pak Budiónó sêkaliyan garwå síng nêmbé ngandhút tuwå, putrané
têlu lanang loro wadón siji. Déné síng loro manèh tanggané Pak Budiónó síng
mèlu ngungsi jalaran wís ora duwé kulawarga. Sanadyan wóng désa Bapaké Parmín
sithík-sithík uga ngêrti mênawa nêgara lagi kêna prahara. Landa kêpingín
mbalèni nguwasani Ibu Pêrtiwi síng nuwúhaké bêbantên guguríng pahlawan
kusumaníng bangsa. Yèn têntara pêjuwang mèh sabên dina ana síng têkan désané
nangíng njujúg kalurahan síng pancèn didadèkaké markas pêjuwang awít égúh pratikêlé
Pak Lurah. Mundhak dina kahanan ora tambah aman nangíng sansaya gawat.
Têntara
pêjuwang síng nêmbé têka ora suwé ana kalurahan, nangíng têrús bablas mlêbu
alas utawa nyingkír ana padhukuhan síng mêncíl kang manút pétúng sêngara
dingêrtèni Landa. Thiwúl síng wís matêng ditumplak ana bèri blêk bundêr
kêmbangan abang, mêthuthuk kaya gunúng kêbúl-kêbúl amarga didang ana kukusan. Gula
jawa síng diirís cilík patíng tèmplèk ngubêngi gunúng thiwúl ngganda sumúb.
Ora
lali parutan klapa síng wís dicampúr uyah sêthithík disandhíngaké. Piríng síng
ora tau dinggo ditokaké supaya tamuné padha karênan atiné. Dhasar luwé, kathík
tangkêp sarta pangrêngkuhé marang tamuné katón tulús grapyak sumanak, sêdhéla
waé suguhané kari sêparo. Nangíng atiné simbóké Parmín dadi nêlangsa nalika
anaké wédók tamuné síng cilík dhéwé nangís ora gêlêm thiwúl, njalúk mangan
sêga. Kamangka dina kuwi ora duwé bêras babar blas.
Bapaké
Parmín awèh sasmita bojoné karo nudingi omahé Lík Wira, tanggané, supaya nyilíh
bêras saéntuké, yèn ora duwé golèk silihan liya.
"Mín,
Parmín, kadingarèn isíh awan ngéné wís santai.
Êntèk
pa karaké?"
Parmín
kagèt. Swara síng diapali iku nggliwaraké pikirané síng nêmbé nglambrang
puluhan tahún kêpungkúr nalika dhèwèké isíh cilík nyusúl simbóké lan bapaké yèn
lagi nggarap sawah. Ya íng pójók dalan iki dhèwèké ajêg dolanan nunggóni wóng
tuwané.Bédané sawah-sawah íng pójók désa saiki wis malíh dadi pasar modhèrn,
pasar swalayan.
"Mín,dijak
ómóng kók malah njublêk kaya wóng bingúng."
"Ora.
Aku ki nêmbé kêsêl bubar ngêtêraké karak íng warúng-warúng langganan.
Lha
kók ana warúng wóng ramé ngrêmbúg jaré brónjóng ora kêna ngambah dalan kutha.
Jaréné
ngganggu têtumpakan liya,"cêlathuné Parmín.
"Síng
kandha sapa?"
"Ya
kanca-kanca bakúl síng brónjóngé nangkríng ana sêpéda móntór. Mbók coba tulúng
Kang, kowé síng nyambút gawé ana kêcamatan golèkna katrangan síng cêtha.
Yèn
kabar kuwi tênan modar panganku. Golèk pangan nyêtóri karak nganggo brónjóng
kaya aku ngéné iki bakal kapitunan yèn bab iki bênêr, aku iki nganti kondhang
diundhang Mín Brónjóng, ya ra Kang?"
"Pêrcaya
aku."
"Aku
iku mau lagi thêngêr-thêngêr lèrèn nggagas kabar bab larangan brónjóng numpang
sêpéda móntór.
Lho
kók ora kêjarak aku kèlingan anaké Pak Budiónó síng jaman pêrang ngungsi kaé lo
Kang. Élíng ra?
Anaké
síng mbarêp lanang kabaré saiki dadi pêjabat pêntíng íng Jakarta. Síng nómêr
loro dadi pêngusaha suksès, déné nómór têlu, wadón, síng ora doyan thiwúl
nalika ngungsi kaé, saiki dadi garwané pênggêdhé."
Warna,
anaké Lík Wira, tanggané Parmín, ora mangsuli, múng manthúk-manthúk.
"Kang,
apa anaké Pak Budiónó ki kèlingan désa kéné ra ya?"
"Êmbúh.
Mbók wís ra sah nggagas. Ana apa ta? Kón mbóróng karakmu ngono pa?"
"Ya
ora. Apa doyan, ra doyan, wóng pêjabat sugíh."
"Wís,
wís, aku pamít sík, arêp mampír nyang kalurahan ngêtêrné layang saka
kabupatèn."
Parmín
ora mangsuli múng manthúk.
Dhèwèké
isíh lunggúh nyawang tilas sawah síng dadi papan dolanané jaman ciliké, banjúr
gênti nyawang brónjóng lan sêpéda móntór kridhitan síng wís buthúk.
Sumber:
Jagad
Jawa – Solopos
Tidak ada komentar:
Posting Komentar