Gawang-gawang
katón pasuryané mitra-mitraku. Pucêt lan lêncu kåyå ora duwé gêtih. Ngêrêsing
lêlakón lan sêsanggan uríp ndadèkaké mitra-mitraku katrêm ing panandhang. Ora
bédå karo aku, malah kêpårå luwíh sêngsårå yèn katandhíng karo mitra-mitraku.
Aku
múng biså turu salawasé uríp, tanpå duwé dåyå åpå-åpå. Súkmå síng sasuwéné iki
katrêm ing ragaku kåyå-kåyå kêpéngín oncat. Mbókmênawa sawijiníng wêktu mêngko
aku ora bisa nyandhêt anggóné arêp oncat ninggal ragaku. Awít aku kråså mênåwå
sukmaku wís ora kuwagang manggón íng raga ringkih iki.
"Åpå
síng biså dåktindåkåké kånggo kowé dinå iki," Rêmbulan wís ånå sandhingku.
Dhèwèké sisihanku. Pasuryané katón résík, ayu lan manís bangêt. Aku kåyå-kåyå
ora bósên yèn nyawang dhèwèké. Kadhangkålå aku duwé panyakråbåwa mênåwå
satêmêné dhèwèké wís bósên karo aku lan kahananku. Nangíng katóné dhèwèké ora
kêpéngín natóni pangrasaku.
"Ora
ånå síng prêlu kótindakaké," wangsulanku.
"Kêpiyé
kahananmu...., aku ngajab mugå sansåyå apík. Ngêrti ora, aku kêpéngín
bêbarêngan lungå mênyang pantai. Kirå-kirå biså åpå ora?"
Pitakóné
Rêmbulan iki angèl bangêt dakwangsuli.
"Kêpiyé?
Biså åpå ora?"
"Êmbúh....,
aku ora ngêrti," wangsulanku bingúng.
"Mêsthi
kåyå mangkono wangsulanmu," Rêmbulan katón kuciwa.
"Mbókmênåwå
biså," têmbúngku alón.
"Tênan?"
Mripaté sing éndah katón tansåyå blalak-blalak.
"Mbókmênåwå..."
"Ah...,
ibå éndahé..., aku kêpéngín gawé patúng såkå wêdhi!" panyawangé nrawang
adóh.
Gawang-gawang
pasuryané mitra-mitraku ngéglå manèh. Åpå kirå-kirå síng pådhå ditindakaké
wêktu iki. Kèlingan lêlakóné salah sijiné mitraku, jênêngé Miskan. Miskan wís
omah-omah lan wís duwé anak siji. Sawisé nglairaké anaké, bojoné Miskan dadi
lara-laranên, miturút dhóktêr, ginjêlé ora bisa lumaku kanthi bêcík.
Déné
anaké nandhang tumór ganas íng sirah. Kabar síng daktåmpå kèri-kèri iki, jaré
Miskan wis ora nyambút gawé, awít pérusahaan papané nyambút gawé bangkrút. Íng
batin aku múng biså prihatin, liyané prihatín aku ora biså åpå-åpå, awít
kahananku síng ringkíh tanpå dåyå. Kadhangkålå aku ora trimå karo kêrsané Gusti
Allah, généyå aku ciniptå sarwå ringkíh?
"Hayo,
ngalamún manèh! Iki dakgawakaké sênênganmu," Rêmbulan nyénggól tanganku
karo nuduhaké wóh apêl.
"Múng
siji?"
"Siji
waé kowé ora tau bisa ngêntékaké. Pisan iki kowé kudu biså ngêntékaké apêl iki".
Tangané kang alús wís ngranggèh ladíng síng ånå méjå lan kanthi trampíl
ngóncèki wóh apêl.
Katón
manèh wêwayangané mitrå cêdhakku, jênêngé Rudi. Rudi wís pitúng taún omah-omah.
Anaké síng pisanan mati awit lair prématúr. Anaké sing nomêr loro durúng suwé
iki ugå mati, dêmam bêrdarah. Kåyå-kåyå isíh krungu tangís sêdhih bojoné Rudi.
Wêktu iki, Rudi owah pikirané. Tindak-tanduké sansåyå anèh. Aku kèlingan nalikå
sawijiníng soré Rudi mênyang kuburan, jaré arêp mêthúk anak-anaké.
"Wah...,
arêp udan," têmbúngé Rêmbulan alón. Pasuryané katón sênêng. Sakêplasan
katón ana sawijiníng bab síng ndadèkaké Rêmbulan sênêng. Dhèwèké mèsêm, wóh
apêl wís dióncèki lan wís dipårå dadi wólu.
"Iki
wís dióncèki, gèk énggal dimaêm..., kudu êntèk."
"Yèn
ngéné iki ora adíl. Luwih bêcík aku mangan siji kowé ugå mangan siji. Mangkono
satêrusé," wangsulanku sakénané.
"Iyå...,
nangíng kudu êntèk, lho!"
Irisan
wóh apêl daktåmpå lan dakpangan. Lêgi bangêt. Pranyåtå ilatku isih biså
mbédakaké råså.
Daksawang
Rêmbulan ugå mèlu mangan wóh apêl. Panyawangé marang aku béda karo padatan.
Mbókmênawa ånå síng arêp dikandhakaké.
"Ånå
åpå?" Pitakónku alón.
"Upåmå..."
Rêmbulan ora nêrusaké têmbungé.
"Upåmå
åpå?"
"Kowé
ora nêsu yèn aku kåndhå bab iki?"
"Ora."
"Tênan?"
Aku
manthúk.
"Upåmå
sawijiníng wêktu mêngko awaké dhéwé ora biså barêng, åpå kowé isíh nrêsnani
aku?" Rêmbulan ndhingklúk.
"Mêsthi
waé. Aku bakal nrêsnani kowé salawasé," wangsulanku mantêp. Sanadyan ånå
råså lårå sing norèh batinku. Aku kråså têmbungé minångkå sasmitå mênåwå
Rêmbulan bakal ninggalaké aku. Nangíng kabèh panyåkråbåwå banjúr dakbusak såkå
pikiranku.
Aku
ngrumangsani yèn sasuwéné iki aku malah ngrépótaké Rêmbulan. Mbókmênåwå
Rêmbulan wis bósên tênan karo kahananku. Aku biså nåmpå kabèh karêpé Rêmbulan,
lan upåmå Rêmbulan ninggal aku, aku lilå lêgåwå. Sanadyan ånå råså sing
tumabêt.
Wóh
apêl isíh têlúng iris. Rêmbulan isíh mênêng. Sirahé tumungkúl. Aku dadi
mêsakaké nyawang dhèwèké kåyå mangkono.
"Kowé
ora prêlu rumångså lupút...., aku síng lupút. Sasuwéné kowé dadi sisihanku, aku
bangêt ngrépótaké kowé. Pisan waé aku durúng tau nyênêngaké kowé. Aku njalúk
pangapurå awít kêkuranganku iki....," têmbúngku kêntèkan pangarêp-arêp.
Satêmêné
aku wêdi kélangan Rêmbulan, nangíng aku ora kêpéngin Rêmbulan sêngsårå uripé
yèn uríp barêng karo aku. Aku kêpéngin uripé Rêmbulan kêbak kabagyan. Lan aku
ngrumangsani ora bakal bisa ndadèkaké uripé bagyå mulyå. Saliyané kuwi,
sêsambunganku karo Rêmbulan ora dipangèstóni déning wóng tuwané Rêmbulan.
Prêkårå klasik, wóng tuwané Rêmbulan kêpéngin anaké omah-omah karo wóng
bêrhasíl. Êmbúh apa maknané bêrhasil kuwi.
Nalikå
pikiran lan angênku isíh ngulandårå, Rêmbulan pamít. Êmbúh Rêmbulan lungå
mênyang ngêndi.
Sawijiníng
wêktu dakcoba nggólèki ragaku..., lan daksawang ånå trêbêla dipêndhêm ing
kuburan...., lan síng njêro trêbêla kuwi pranyata ragaku....!
Sumbe:
Jagad
Jawa - Solopos
http://ki-demang.com/index.php/cerita-cekak-jawa/909-008-sketsa-klawu
Tidak ada komentar:
Posting Komentar