Gajah
Mada inggih menika putrane Raja Majapahit kaliyan Nyai Andongsari. Kang lair
taun 1300. Gajah Mada kuwi nama asline Jaka Mada. Amerga laire ing desa Mada
Kabupaten Lamongan. Panjenengane kalebu keturunan Syekh
Subaqir, Syekh Subaqir inggih menika Muhammad Al Baqir bin Ali Zainal Abidin
bin Husain bin Ali bin Abu Thalib, salah sawijining Wali angkatan kawitan ing tlatah
Jawa.
Nalika
Jaka Mada wis gedhe digawa Mbahe ing desa Ngimbang. Wilayah kang cedhak Bluluk,
inggih menika salah sawijining Pakuwon ing Pamotan, benteng Majapahit ing
wilayah lor, nanging benteng kang utama ana ing Desa Tenggulun Solokuro. Daerah
Modo-Ngimbang-Pamotan-Bluluk lan sekitare pancen ibu kota wiwit jaman Kerajaan
Kahuripan Airlangga. Anak putune uga ngedekna ibukota ing kana, amerga
panggonane cocok kanggo pertahanan lan cedhak kaliyan kali Lamongan inggih
menika cabang utama Kali Brantas.
Ing
kecamatan Babat kuwi digeser kaliyan cicit Airlangga nyang arah Kertosono
Nganjuk. Lan ing jaman Jayabaya digeser maneh
nyang Mamenang Kediri. Banjur kaliyan Ken Arok digeser melbu maneh ing
Singosari. Lajeng kaliyan Raden Wijaya dibalikake ing arah muara, inggih menika
ing Tarik. Nanging anake kang didadikake gantine ya kuwi Tribuwana Tungga Dewi.
Kang didadikake ratu ing daerah Lamongan-Pamotan-Bluluk-Kahuripan.
Nalika
Gajah Mada lan limalas pasukan bhayangkara nylametake
Raja Jayanegara saka amukan Ra Kuti lan Ra Tanca, banjur Jayanegara langsung
digawa nang arah Lamongan, yaiku ing Badander Bojonegoro, lan Badander Kabuh,
Jombang, karo-karone padha rute ing arah Lamongan. Saka
godakan kuwi telik sandi Ra Kuti kang disebar ing prajurit Majapahit lan njaluk
nasehat nyang Mbahe yaiku Mbah Wonokerto. Mbah ngramalake yen prakara
kuwi bakal gawa Trimo utawa Gajah
Mada dadi wong gedhe ing Majapahit, wektu kuwi Gajah Mada dadi pandhega pasukan
Bhayangkara.
Nalika Gajah Mada wis gedhe wis dadi
pandhega Bhayangkara panjenengane ditinggal ibuke wafat. Ing wilayah Ngimbang-Bluluk kuwi ana situs kuburan Ibuke Gajah
Mada, yaiku Nyai Andongsari. Uga ana bukti saka patemonan ghoibiyah. Akeh winasis
asal desa Karang pakis, Kabuh. Gajah Mada kuwi milu agama Islam kang nduweni pawakan
gedhe. Ing kana uga ana situs kuburan kontroversial, amerga kuburan kang diyakini
dadi kuburan Gajah Mada. Kuburane kuwi madep nyang arah kang persis kaya kuburane
wong Islam. Nanging ora ana bukti sejarah kang bisa ngeyakinake yen kuwi
sejatine kuburane Gajah Mada.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar