Prosesi ritual wilujengan nagari Mahesa
Lawung, sing lagi wae diadani dening kraton Kasunanan Surakarta, nduweni makna
brastha kebodhowan, awit kebo mono minangka simbul sing wis dadi ila-ilane wong
jawa, yaiku bodho longa-longo kaya kebo.
Prosesi
ritual taunan sing tansah diuri-uri dening kraton trah wiwit dinasti Mataram
islam iku wis lumaku atusan taun kepungkur. Ritual iki minangka asok caos
dhahar marang panguwasa lelembut alas Krendhawahana, Kanjeng Ratu Kalayuwati
sing manggon ing tlatah Desa Gondangrejo, Karanganayar. Pancen ing kraton iki
tansah nguri-nguri budaya caos dhahar marang lima pangayom gaib kraton, sing
wis lumaku atusan taun wiwit madege kraton-kraton ing tlatah jawa.
Kalima panguwasa gaib mono, kanthi
rinci dijlentrehake dening KRHT Pujodiningrat, minangka ngulama kraton Kasunan
Surakarta, marang PS ing sela-selane prosesi ritual wilujengan nagari Mahesa
Lawung, durung suwe iki. Penguwasa gaib ing sisih kidul yaiku Kanjeng Ratu
Kencanasari sing manggon Parang Kusumo, ing segara kidul, melu tlatah
Ngayogyakarta. Prosesi rituale kinaran Wilujengan nagari sedhekah laut.
Ing prosesi caos dhahar kanggo
panguwasa lelembut kuwi arupa nglabuh bekas pengangem Paku Buwono sing wektu iku
minangka raja ing kraton Kasunanan Surakarta Hadiningrat. Dadi yen saiki ya
agemane Paku Buwono (PB) XIII. Penunggu gaib ing siseh wetan dikuwasani dening
Kyai Lawu, sing manggon ing Gunung Lawu, Tlatah Karanganyar. Prosesi ritual
wilujengan nagari sedhekah gunung iki ubarame sesajine arupa sega golong,
ingkung pithik jago sing isih jumagar, sing dimasak tanpa bumbu.
Yen ing siseh kulon dipasrahake
panguwasa gaibe dening Kyai Sapu Jagad, sing manggon ing Gunung Merapi,
Boyolali. Kanthi ubarampe sesaji sing mligi padha karo ing Gunung Lawu, sing
diarani sedhekah gunung utawa wilujengan nagari sedhekah gunung. Nah, sing
manggon ing siseh lor, panguwasa aibe ditunggu dening Ratu Kalayuwati. Sing
pungkasan utawa sing kaping lima, panguwasa gaib sing manggon ing tengah Kraton
Kasunanan Surakarta, pase ing panggung Sangga Buwono sing panguwasa gaibe uga
ditunggu dening Kanjeng Ratu Kencanasari.
“Dadi saben-saben ing kraton ruwet
renteng, putra putri kraton tansah manekung ing panggung Sangga Buwono kana,
kanggo nampa dhawuh saka Kanjeng Ratu Kencanasari” ujare KRHT Pujodiningrat,
karo nambahi yen kabeh ritual wilujengan nagari mau mung minangka sarana
nglantarake puja-puji marang Gusti Kang Murbeng Jagat, amrih Kraton Surakarta
Hadiningrat sumrambahe ing tlatah jawa lan nusantara, tansah pinaringan
wilujeng saking sakabehe sambekala.
Kaya prosesi wilujengan nagari
Mahesa Lawung ing awan kuwi, para paraga kang nggawa ubarampe sesaji luwih
dhisik nyuwun palilah marang Sinuwun PB XIII anggone arep ngleksanani adat
wilujengan nagari Mahesa Lawung ing alas Krendhawahana, sing adihe saka kraton
kurang luwih 17 kilo meteran. Sawise PB XIII menehi palilah, banjur para abdi
dalem paraga ubarampe sesaji, budhal kanthi kairing dening para kaluwarga lan
putra-putri kraton.
Budhale para paraga wilujengan
nagari Mahesa Lawung iki puluhan cacahe, sahengga mbutuhake 3 bus lan 4 mobil,
uga ana welasan sepeda motor. Udakara setengah jaman, para paraga wis tekan
panggonan kang dituju, Alas Krendhawahana. Ing kana para paraga saka kraton iku
banjur padha nyiapake ubarampe sesaji sing dumadi saka pitik panggang, bekakak,
walang-walang katoga (panggang), pitik cemani lan ndhas kebo.
Ndhas kebo mau ora kebo sembarangan,
nanging kebo sing isih jumagar, durung tau kawin, sing mung dijupuk saperangan
awake, kayata ndhase wutuh, sikil 4, buntut, jerohan lan planangane. Sawise
kabeh wis cumawis, banjur para paraga bebarengan karo putra-putri kraton banjur
padha sila ngapurancang, madeng ing ringin putih sing dipercaya minangka kratone
Ratu Kalayuwati (putrine Bathari Durga), ing kana para ngulama sing dipimpin
dening KRHT Pujoningrat banjur banjur umbol donga.
Kanthi maca rapalan donga karon sih,
minangka donga marang panguwasa sak-andhahane Alas Krendawahana, para paraga
liyane banjur ngucap rahayu... rahayu... rahayu, wola-wali miturut pangejane
pmimpin umbul donga. Ing kahanan kuwi keluk menyan lan dupa ratus kemelun,
sakwernane kembang ziarah kubur katon ngubengi wit ringin putih, sahengga
suwasana sakral kebak pandonga, ndadekake mrindinge wulu githoke saperangan
wong sing ana ing kana.
Sakpamungkase umbul donga mau, para
paraga banjur mbaka siji maju ing ngarep ringin putih sing diubengi dening watu
gilang, banjur padha nyembah lan ngajokake panjaluk miturut pangangen-angene
dhewe-dhewe, sing diwiwiti dening para putra-putri kraton urut memburi jumbuh
karo drajat lan pangkate. Sakwise kuwi banjur dibacutake prosesi ritual mendhem
ndhas kebo, sing dina kuwi dijupuk saka Demak. “Mendhem ndhas kebo iki minangka
simbul mendhem kebodhowan” tambahe Pujodiningrat.
Awit ing wanci iki bangsa lan
negara, lagi keterak sengkala kebodhowan, saengga akeh para pejabat sing
tumindak bodho, padha korupsi saengga nyengsaraake para rakyat lan kawula alit.
Nadyan saiki akeh wong pinter ing bab ilmu kadonyan lan tekhnologi, nanging
akeh uga sing keblinger saka tumindhak nistha sing gawe kasengsarane liyan.
“Mula umbul donga ing dina kuwi mligi kanggo mbrantas kebodhowane manungsa
mau,” Pujodiningrat miterang.
Bubar prosesi ritual mendhem ndhas
kebo, ana saperangan wong sing banjur nimba banyu sumur Sihna, sing ora adoh
saka kono kanggo raup, awit banyu sumur Sihna mau dipercaya bisa gawe awet
enom. Banyu sumur Sihna mono biyene tau kanggo siram dening Pangeran Diponegara
lan PB VI, nalika perang mungsuh walanda. Priyagung loro mau banjur keplayu lan
ndhelik ing alas Krendawahana. “Nalika lelorone siram ing sumur Sihna banjur
tuwuh semangate lan bali maneh nyerang walanda kanthi kridha kang
makantar-kantar, saengga gawe mungsuhe gigrik lan mundur saka palagan.”
Sumber:
Panjebar Semangat No. 17 – 26 April 2014
Tidak ada komentar:
Posting Komentar