Ngekak Sangger inggih menika tradisi upacara pernikahan wonten ing desa
Legung, kecamatan Batang-batang, Kabupaten Sumenep, Madura. Ing upacara
pernikahan niki sadurunge calon mempelai kakung melbu ing papan upacara, calon
mempelai wanita njaluk bayaran, bentuk kesanggupan pihak calon mempelai kakung
kanggo adicara Tayub utawa Tandhang.
Banjur calon mempelai
kakung disumanggakna melbu ing papan upacara akad nikah kaliyan mlaku jongkok.
Upacara akad nikah kuwi dilaksanakaken kanthi ajaran agama islam kang dipun
pandhegani kaliyan bapak penghulu. Rampung akad nikah yaiku melbu ing adicara
inti inggih menika prosesi adat kang dipun wastani Ngekak Sangger, inggih
menika mempelai kakung diwajibna ngrangkai utawa nata bilah-bilah pring kanggo
panggon turu. Mempelai kakung diuji riyen kados pundi keterampilanipun, kang
dipercaya yen keterampilane sae berarti sokmben gedhe tanggung jawabe kanggo
urip bebarengan lan nglindhungi kaluwarganipun.
Arti Penganten Ngekak Sangger, inggih menika
pernikahan ora namung pertautan kekaro mempelai, nanging nduweni arti kanggo
melbune penganten kakung ing ikatan
keluarga besar sang isteri, kayata sangger. Sangger inggih menika rangkaian saka bilah-bilah pring kang kasusun
rapi dadi saikat. Ing simbol kuwi sangger nduweni arti kanggo ndhidhik
penganten pria kang wicaksana lan tertib nduweni sopan santun kang sejajar
kaliyan kerabat istri. Kang dilambangna kaliyan rangkaian Sangger.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar