Paribasan
yaiku unen-unen kang wis gumathok racikane lan mawa teges tartemtu. Dhapukaning
paribasan awujud ukara utawa kumpulaning tembung (frase), lan kalebu basa
pinathok. Racikaning tembung ora owah, surasa utawa tegese uga gumathok,
lumrahe ateges entar. Tegese tembung lumereg, gumantung surasa lan karep kang
kinandhut ing unen-unen. Paribasan ngemu teges: tetandhingan, pepindhan, utawa
pepiridan (saemper pasemon). Kang disemoni manungsa, ulah kridhaning manungsa,
utawa sesambunganing manungsa lan alam uripe.
Tuladha:
1. Andaka ina tan wrin upaya = Wong
kang didakwa nyolong nanging ora ngaku, wasana.
Tuladha:
Amir nyolong motore tetanggane. Pas ning kantor polisi, Amir ora ngaku yen dheweke
nyolong amarga dheweke wedi nek mlebu penjara.
2. Adol lenga kari busik
= Dum-dum barang, nanging sing andum ora oleh bageyan.
Tuladha:
Sawijinging Nabi iku sifate pancen becik. Nalika delok rakyat miskin, Nabi iku
ora tega. Panjenengane paring-paring apa kang bisa diparingake tanpa medulikake
dheweke.
3. Anirna patra
= Ngungkiri tulisane dhewe.
Tuladha:
Nalika bali sekolah, Basbas nulis boten pareng ngagem sepatu ing kelas.
Sakesuke, Basbas ngidak reregetan. Dheweke nganggo sepatu ing kelas, dadine
kelase rusuh. Kanca-kancane ngamuk marang Basbas, nanging Basbas ora ngaku
menawa dheweke sing nulis. Sebabe kanca-kancane wis ora nganggo sepatu.
4. Asor kilang munggwing gelas
= Gunem manis tur marak ati lan bisa mranani sing krungu.
Tuladha:
Dhoxie senengane muja-muja pacare nek pacare iku ayu. Dhoxie seneng nek pacare
iku seneng uga utawa guyu. Soale guyune pacare Dhoxie iku manis.
5. Ana adulate ora ana begjane
= Arep nemu kabegjan, ning ora sida.
Tuladha:
Cihuy ndelok dhuwit satus ewu ing dalan. Dheweke mlaku marani dhuwit iku,
nanging ana wong kang jupuk dhuwit iku. Dadine Cihuy ora sida entuk dhuwit iku.
6. Ana gula ana semut
= Panggonan sing akeh rejekine, mesti akeh sing nekani.
Tuladha:
Ana sawijining toko kang ngedol barang-barang elit nganggo rega sing murah.
Toko iku rame ditekani wong-wong amarga ngedol barang-barang elit kanggo rega
terjangkau.
7. Angon mangsa
= Golek wektu kang prayoga kanggo tumindak.
Tuladha:
Nalika pelajaran kosong, kanca-kancane Ellok pada rame, nanging Ellok sinau
pelajaran Basa Jawa sing dheweke ora bisa. Ellok migunakake wektu iku supaya bisa
nyalip Marwan sing jago Basa Jawa iku.
8. Arep jamure emoh watange
= Gelem kepenake ora gelem rekasane.
Tuladha:
Ing perlombaan 17-an, Fashtha ora gelem melu siji wae perlombaan. Dheweke
ngongkon kancane supaya melu lomba. Nalika kancane menang lomba, kancane oleh
hadiyah mangan gratis. Dheweke melu mangan karo kanca-kancane. Kanca-kancane
padha nggremengi Fashtha.
9. Ana catur mungkur
= Ora seneng nyampuri urusaning liyan.
Tuladha:
Izta duwe prinsip menawa dheweke kudu dadi bocah kang apik. Dheweke ora gelem
ngurusi urusan wong liya menawa urusane dhewe durung rampung. Dadine dheweke
disenengi karo kanca-kancane.
10. Anak molah bapa kepradhah
= Wong tuwa melu repot amarga tumindake anake.
Tuladha:
Ghading menika tiyang sing nakal. Piyambakipun seneng migunakaken narkoba.
Amargi piyambakipun taksih alit, tiyang sepuhipun dados dipenjara amargi
kelakuan putranipun.
11. Arep nengkane emoh pulute
= Gelem kepenak emoh nglakoni rekasane.
Tuladha:
Shabien lan kanca-kancane kadhawuhan saking ibu guru menawa nandur wit
rambutan. Nanging Shabien ora melu kerja bakti amarga gawe dheweke reget.
Nalika wit rambutane wis uwoh, Shabien banjur jupuk kabeh rambutane.
Kanca-kancane padha ngamuk, nanging dheweke ora ngrasa salah.
12. Adigang, adigung, adiguna
= Seneng ngendelakake kekuwatane, panguwasae, lan kepinterane.
Tuladha:
Benjo dhuwe otot sing keker, dheweke iya anake wong pangkat. Benjo lumayan
pinter, nanging dheweke sombong. Menawa nyalonake dadi OSIS, dheweke nyritakake
tentang keluwihane. Kanca-kancae ora ana sing gelem milih Benjo. Nanging
kanca-kancane diancem menawa ora milih dheweke. Pancen Benjo bocah kang
sombong.
13. Asu marani gebug
= Njarag bebaya.
Tuladha:
Nalika liburan sekolah, Yadhie lan kanca-kancane ngrencanakake piknik. Yadhie
ngusul menawa dheweke pingin piknik ing tanah Sagih. Kanca-kacane wenehi
piweling kanggo Yadhie menawa tanah iku akeh ulane. Menawa ora gelem kabeh,
Yadhie menyang ing tanah Sigih dhewekan. Nalika tekan ing tanah mau, Yadhie
kaget menawa akeh ula ana ing tanah Sagih iku.
14. Bapa kesolah anak molah
= Yen wong tuwa oleh prakara, anak uga melu ngrasakake lan melu tanggung jawab.
Tuladha:
Ramanipun Zatzat dipenjara amargi mejahi tetangginipun. Nalika ing sekolah,
Zatzat oleh ala-ala saking rekanipun amargi ramanipun Zatzat dipenjara.
15. mBarung sinang
= Nyela-nyela wong guneman.
Tuladha:
Ghestho lan kanca-kancane padha guneman masalah penting pekara piknik. Nalika
lagi serius-seriuse, Ghestho malah malingke BAB. Dheweke malah ngomong pekara
motor anyar.
16. mBondhan tanpa ratu
= Mbangkang marang nagara.
Tuladha:
Negara Indonesia nglarang menawa ora entuk nyiksa bocah. Nanging Pak Laskar ora
mirengaken peraturan mau. Dheweke terus nyolong bocah, banjur jaluk tembusan
kanggo wong tuwa bocah mau. Polisi akhire bisa ngringkus Pak Laskar mau.
Dheweke nyesel amarga wis mbangkang marang Negara.
17. Asu gedhe menang kerahe
= Wong kang dhuwur pangkate mesthi wae luwih dhuwur panguwasane.
Tuladha:
Presiden SBY menika dados presidenipun Indonesia. Panjenenganipun gadhah sopan
santun. Ing pundi mawon, panjenenganipun diajengi kaliyan rakyat amarga dados
presiden Indonesia.
18. Ati bengkong oleh oncong
= Wong duwe niyat ala oleh dalan.
Tuladha:
Besta kepingin dadi profesor kang terkenal. Dheweke latihan supaya bisa dadi
professor. Sinau terus tanpa ngeluh. Cita-citane akhire bisa kawujud amargi
usahane mau lan niyate mau. Gusti pancen adil kanggo ciptaane.
19. Criwis cawis
= Seneng maido nanging ya seneng menehi (muruki).
Tuladha:
Surti iku wong kang sugih. Dheweke pancen cerewet, dheweke gadah pembantu akeh.
Saben kerjaan menawa ora rampung didukani Surti. Namung Surti seneng
meneh-meneh karo wong liya.
20. Beras wutah arang bali menyang
takere = Barang kang wis wah ora bakal bali kaya maune.
Tuladha:
P. Ahmad kagungan pitik kanga rep disembelih ing dina Minggu. Mardin, putrane
P. Ahmad ora setuju yen pitike mau arep disembelih. Barang wis dina Minggu, P.
Ahmad nyembelih pitike lan digawe opor. Mardin nangis lan nyuwun karo P. Ahmad
supaya pitik kang sampun diopor dibalike ning asale. P. Ahmad ngendikan karo
Mardin yen pitike mau ora bisa balik marang asale.
Sumber:
Tidak ada komentar:
Posting Komentar