Pas
wektu kuwi ana mala petaka ing Kerajaan Majapahit. Perang sadulur nyebabake
kerajaan Majapahit dadi kerajaan kang kropos, akeh penyakit, lan wis gak nduwe
wibawa maneh. Nanging Adipati Kediri malah nganggep yen kuwi kesempatan kanggo
ngrebut kekuwasaan Majapahit. Banjur panjenengane nggawe tak tik yaiku njodohake
putrine kaliyan putrane Bupati Lamongan. Amerga ya cocok banget Bupati Lamongan
nduweni putra kembar ingkang nama Panji Laras lan Panji Liris. Lan Adipati Kediri
ya nduweni putri kembar ingkang nama Dewi Andansari lan Dewi Andanwangi. Adipati
Kediri nduweni tujuwan Supaya gampang olehe ngrebut kekuwasaan.
Kekarepane Adipati Kediri mau gawe
Bupati Lamongan bingung, yen ditrima bakal gampang olehe Adipati Kediri nggulingna Kerajaan Majapahit
nanging yen gak ditrima Adipati Kediri bakal gawe rusuh mesti bakal bales
dendam. Perkara kuwi mau dipikir temenan kaliyan Bupati Lamongan banjur
panjenengane nduweni idhe yaiku bakal nrima lamaran kuwi nanging kaliyan telu
syarat kanggo nguji Adipati Kediri sepira ketemenane niate. Syarat kuwi ingkang
nomer siji yaiku ngongkon Dewi Andansari lan Dewi Andanwangi supaya melbu agama
islam. Nomer loro keluwarga ingkang wadon kang dikongkon nglamar. Ingkang
pungkasan yaiku gawa gentong banyu lan tikar digawe saka watu. Syarat kuwi mau
ditrima kaliyan Adipati Kediri kanthi rasa bungah.
Wayah lamaran kuwi Dewi Andansari
lan Dewi Andanwangi diiring kaliyan rombongan saka Kediri. Banjur Panji Laras
lan Panji Liris dikancani kaliyan Ki Patih Mbah Sabilan
diprintah bapakne kanggo nitek putri Kediri mau ing bates Kota Lamongan. Pas
wektu kuwi ing Lamongan lagi ana banjir gedhe dadi Dewi Andansari lan Dewi
Andanwangi nyincing rokke nganti sak pikang supaya ora teles. Cilakane nalika
kuwi Panji Laras lan Panji Liris ngerti yen pikange putri Kediri kuwi mau akeh
wulune kaya wulune jaran. Panji Laras lan Panji Liris langsung nolak lamaran
kuwi lan ngajak supaya rencana nikahan dibatalake.
Krungu kang kaya mengkono Dewi
Andansari lan Dewi Andanwangi ngrasa yen dihina diisin-isinake. Banjur putri
loro iku langsung bunuh diri ing ngarepe Panji Laras lan Panji Liris. Adipati
Kediri lan rombongane weroh yen Dewi Andansari lan Dewi Andanwangi dihina
banjur langsung pingin bales dendam, pinging ndhang cepet-cepet mateni Panji
Laras lan Panji Liris. Akhire perang nganti ruwame nalika Panji Laras lan Panji
Liris meh dipateni Ki Patih Mbah Sabilan langsung nyegati. Banjur
panjenengane sing kenek senjatane rombongan Kediri nganti ninggal. Amerga Panji
Laras lan Panji Liris gak trima yen patihe dipateni panjenengane langsung milu
bunuh diri ing kana.
Rombongan Adipati Kediri isih durung
puwas nalika rampung mateni Panji Laras Panji Liris lan Ki Patih Mbah Sabilah.
Rombongan kuwi isih teka nang pendhapa Kadipaten. Ing kana ana tempur
rakaru-karuwan nganti Bupati Lamongan ninggal. Sadurunge Bupati Lamongan kuwi
ninggal panjenegane pesen nang kabeh wong Lamongan supaya anak putune ora nikah
kaliyan wong Kediri.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar