1. Tembung Lingga
Tembung
Lingga yaiku tembung sing durung owah saka asale.
Tuladha:
adus, babar, cokot, tuku, turu, tandhur, lsp.
Tembung
lingga sing unine mung sakecap diarani tembung
wod.
Tuladha:
ler, lur, tul, nul, tik, lsp.
2. Tembung Andhahan
Ater-ater
Ater-ater hanuswara
(awalan nasal) sing awujud (m-, n-, ng-, lan ny-).
m- +
bathik dadi mbatik
n- + dudut dadi ndudut
ng- + kethok dadi ngethok
ny- + sikut dadi nyikut
Ater-ater tripurusa
sing awujud (dak-, kok-, di-).
dak- + pangan dadi dakpangan
ko- + goreng dadi kogoreng
di- + ambung dadi diambung
Ater-ater liyane
awujud:
ma- + lumpat dadi malumpat
ka- + limpe dadi kalimpe
ke- + sandhung dadi kesandhung
sa- + gegem dadi sagegem
pa- + lilah dadi palilah
pi + tutur dadi pitutur
Seselan
Seselan sing awujud
–um, -in, -el, lan –er
-um + ayu dadi kemayu
-in + gawa dadi ginawa
-el + dewer dadi delewer
-er + kelip dadi kerelip
Panambang
Panambang sing awujud
–i, -ake, -e, -ane, -ke, -a, -ana, -na, -ku, -mu, lan –en.
turut + -i dadi turuti
jupuk + -ake dadi jupukake
teka + -ne dadi tekane
bapak + -e dadi bapake
jaluk + -ane dadi jalukane
kethok + -ke dadi kethokke
turu + -a dadi turua
weneh + -ana dadi wenehana
gawa + -na dadi gawakna
buku + -ku dadi bukuku
omah + -mu dadi omahmu
lepeh + -en dadi lepehen
3. Tembung Rangkep
Tembung
Rangkep yaiku sakabehing tembung sing diwaca kaping pindho, bisa sakabehing
tembung utawa mung sawanda wae. Tembung rangkep ing basa indonesia diarani kata ulang.
Tembung
rangkep ana telung werna, yaiku:
1. Tembung
dwilingga, yaiku tembung-tembung sing diwaca kaping pindho
kabeh linggane.
Dwilingga
padha swara
Guru-guru
Bapak-bapak
Bocah-bocah
Omah-omah
Dwilingga
salin swara
Mloka-mlaku
Mrana-mrene
Wira-wiri
Nongas-nangis
Dwilingga
semu
Ondhe-ondhe
Untir-untir
Anggang-anggang
Andheng-andheng
2. Tembung
dwipurwa, yaiku tembung-tembung sing diwaca kaping pindho
mung wanda sing ngarep.
Tuladha:
Dedunung
Jejupuk
Lelumpuk
leluri
3. Tembung
dwiwasana, yaiku tembung-tembung sing diwaca kaping pindho
mung wanda sing mburi.
Tuladha:
Cekakak
Cekikik
Cengenges
Celuluk
Sumber: Daryanto. S.S. Kawruh Bahasa Jawa Pepak. Surabaya: APOLLO LESTARI.
izin share
BalasHapusIzin ngopy nggih mba
BalasHapusKacambor??
BalasHapusMatur nuwun!!!!
BalasHapusTidak baik bikin bingung
BalasHapus"Mulang" kalebu tembung?
BalasHapusKomentar ini telah dihapus oleh pengarang.
BalasHapusMulang Tembung opo
BalasHapus