Katrangan:
Basa
Jawi punika pepak sanget, ngantos tiyang manca manawi badhé nyinau basa Jawi
asring rumaos kewalahan, amargi saking kathahing sinonim tembung Jawi,
caranipun ngetrapaken basa antawisipun tiyang ingkang bènten umur umuranipun
utawi derajatipun lan malih pancèn wonten tembung tembung Jawi ingkang ing basa
sanès boten wonten utawi boten matis.
Upaminipun
tembung mangan: sinonimipun (dasanamanipun): maem, dahar, madhang, malah taksih
kathah panganggènipun ing basa kasar.
Antawisipun
laré kaliyan nèm nèman sampun boten cak-cakanipun, semanten ugi antawisipun
nèm-nèman kaliyan tiyang sepuh lan sapanunggilanipun. Lan malih asring wonten
tembung Jawi ingkang ing basa sanès boten wonten (dèrèng dipun sumerepi)
upaminipun tembung: kadingarèn, upil, karipan, maido, lan sapanunggilanipun.
Manawi
dipun tingali saking pandapuking tembung, kathah sanget éwah éwahipun, margi
saking pepaking ater ater (awalan), seselan sarta panambang (akhiran) punika
badhé katerangaken ing wingking. Déné unggah ungguhing basa inggih punika
caranipun ngetrapaken basa dhumateng tiyang ingkang dipun ajak gineman.
Unggah ungguhing Basa.
1. Basa Ngoko.
Basa
ngoko, kapérang:
a.
Ngoko Lugu,
wujudipun
tembung tembungipun ngoko sadaya.
dipun
ginakaken.
1.
Dhateng sesami ingkang sampun kulina.
2.
Dhateng kapernah nèm (anak, putu, murid, sémah).
3.
Manawi pinuju ngunandika.
4.
Wonten ing buku buku karangan (wucalan).
b.
Ngoko Andhap Antya Basa,
wujudipun:
ngoko, krama inggil.
dipun
ginakaken:
1.
Dhateng tiyang ingkang langkung enèm nanging langkung inggil
derajatipun.
2.
Priyantun kaliyan priyantun ingkang kulina ngoko.
Tuladha:
-
Apa sliramu mengko sida tindak pasar mundhut bakal klambi?
c.
Ngoko Andhap Basa Antya,
wujudipun:
Ngoko, krama inggil dipun selingi krama.
dipun
ginakaken: antya - basa.
Tuladha:
-
Coba panjenengan pirsani, bapak ora saéstu tindak, la kaé lagi maos buku.
2. Basa Madya:
Basa
madya dipun ginakaken tiyang tiyang ingkang boten nggatosaken basa ingkang saé,
racakipun tiyang padhusunan utawi paredèn lan tiyang pekenan.
Tuladha
Basa Madya:
-
nika, niku, ajeng, teng, nèk, saweg, napa, pripun, samang dika, lsp.
Basa
Madya Kapérang:
a.
Madya Ngoko,
wujudipun
ngoko, madya.
Tuladha:
-
Nèk dika ajeng tuku akèh mengké kula wèhké rada murah.
b.
Madya - Krama,
wujudipun:
Madya kaliyan krama.
Tuladha:
-
Dos pundi ta samang nika, sinjang saéné kados ngaten kok diwastani awon.
c.
Madya Antara,
wujudipun:
Madya krama, krama inggil.
dipun
ginakaken:
1.
Priyantun dhateng tiyang kapernah sepuh nanging mimpang drajad.
2.
Garwa priyantun.
3.
Priyantun kaliyan priyantun ingkang sampun kulina.
Tuladha:
-
Napa panjenengan ajeng ngersakaken mirsani bioskop, nèk kersa ngga kula
dèrèkaken.
3. Basa Krama,
Basa
Krama kapérang:
a.
Kramantara,
wujudipun
krama thok krama lagu.
dipun
ginakaken:
1.
Kanca kanca ingkang déréng kulina.
2.
Wonten buku buku karangan (wucalan).
Tuladha:
-
Nuju satunggiling dinten pun Kancil saweg mlampah mlampah wonten sapinggiring
lèpèn, lsp.
b.
Muda Krama,
wujudipun:
Krama lan krama inggil.
Basa
Muda krama basa ingkang saé lan alus piyambak.
Ingkang
ngginakaken:
1.
Tiyang nèm dhateng tiyang sepuh.
2.
Murid dhateng gurunipun.
3.
Priyantun kaliyan priyantun.
Tuladha:
-
Kula dipun dhawuhi bapak guru, supados matur kaliyan bapak, manawi bapak guru
bénjing dinten Minggu badhé tindak dhateng dalemipun bapak.
c.
Krama Inggil,
wujudipun:
Muda krama, namung tembung:
mu-
dalem, aku - abdi dalem, kowé - panjenengan dalem.
dipun
ginakaken tumrap para luhur / ratu.
Tuladha:
-
Abdi dalem boten saged sowan ngarsa dalem, amargi anakipun dalem saweg sakit.
d.
Wreda krama,
wujudipun:
krama nanging ater ater lan panambang boten dipun kramakaken.
Tuladha:
-
Manawi diparengaké griyané ingkang kilèn punika kula enggènané.
"di",
"é", "aké" boten dipun kramakaken.
e.
Krama désa,
Krama
désa punika basanipun mesthinipun boten wonten kramanipun kapeksa dipun
kramakaken, wonten malih mesthinipun sampun dipun kramakaken margi saking
kirang maremipun lajeng dipun kramakaken malih.
Tuladha:
-
jaran, kramanipun kapal dados kepel.
-
dhuwit, kramanipun arta dados yatra
-
tuwa, kramanipun sepuh dados sepah
-
belo, kramanipun dados belet
-
dhelé, kramanipun dados dhekeman
-
Boyolali, kramanipun dados Bajulkesupèn
4. Basa Kedhaton
Basa
kedhaton dipun ginakaken para abdi dalem kraton manawi pinuju gineman kaliyan
ratu.
Tuladha:
-
manira = aku
-
pakènira = kowé
-
enggah = inggih
-
darbé = duwé
-
boya = ora
-
besaos = bae
5. Basa Kasar
Basa
kasar dipun anggé tiyang urakan, tiyang paben, tiyang saweg nepsu, lsp.
Pokokipun
boten sekéca manawi dipun mirengaken. mila ing ngriki boten perlu dipun rembag.
Ngulinakaken Nggladi Basa,
Ngèngeti
ing jaman samangké kathah para muda ingkang sampun ical tata kramanipun saha
unggah ungguhipun, langkung langkung bab anggènipun ngginakaken basa krama
kados kados kathah ingkang risak boten kanten kantenan. Umpaminipun, laré nèm
dhateng tiyang sepuh, murid dhateng gurunipun langkung langkung para nèm nèman
dhateng para nèm nèman sanèsipun.
Racakipun
anggènipun ngetrapaken basa klèntu lan ing ngrika ngriki taksih campur bawur
kaliyan basa Indonesia, kamangka mesthinipun kita punika saged nglairaken
gagasan utawi pikiran sarana tembung tembung basa Jawi ingkang murni.
Pramila
kanggé ngudi basa ingkang saé kita saged ngulinakaken nganggé basa ingkang saé
ing saben saben wekdal, wonten ing bebrayan ngagesang.
Para
putra nèm nèman saha ingkang taksih alit sageda dipun tuntun, dipun gladi
nganggé basa ingkang saé wonten ing nggriya utawi sadéngah panggènan. Kanggé
ngulinakaken para putra ing ngriki perlu dipun sukani latihan latihan sageda
kanggé apalan.
Sumber:
http://ki-demang.com/index.php/paramasastra-jawa/642-09-unggah-ungguhing-basa
Tidak ada komentar:
Posting Komentar