Wiwít
dåsåwårså 1980-an pungkasan lan purwané 1990-an, aksårå Hånåcåråkå ugå
digawèkaké fónt ing kanggo panrapan ing kómputêr. Salah siji síng kapisan
nggawé fónt aksårå Jåwå iku Willem van der Molen, dhosèn filologi lan sastrå
Jåwå Kuna ing Univèrsitas Leiden.
Hånåcåråkå
ugå diênggo nulís båså-båså liyå, saliyané båså Jåwå. Tuladha síng cêthå bangêt
tamtuné båså Bali. Båså Bali Kunå ditulís nganggo sawijiníng aksårå síng biså
diarani séjé. Nangíng mbókmênåwå sawisé jaman Måjåpait, aksårå Hånåcåråkå gaya
Jåwå dadi kanggo nganti sêpréné. Dadi aksårå Bali modhèrn iku yèn dirunút
sarasilahé asalé såkå aksårå Måjåpait lan ora såkå aksårå Bali Kuna.
Sabanjúré
aksårå Hånåcåråkå síng diarani Carakan ugå dadi diênggo ing Tatar Sundhå wiwít
abad kapíng 16 nalikå Mataram mbêdhah karajan Sundhå lan ngasta budåyå Jåwå
såhå agama Islam ing Jåwå Kulón.
Sadurungé
iku wóng-wóng Sundhå nganggo aksårå Sundhå síng sênadyan isíh sakrabat karo
aksårå Hånåcåråkå, nangíng séjé rupané. Aksårå Sundhå iki luwíh cêdhak lan
luwíh mèmpêr karo aksårå Budå.
Carakan
disinaóni ing Tatar Sundhå nganti sawisé Pêrang Donya II. Ing sawêtårå pirang
taún pungkasan iki ånå gêrakan ing Tatar Sundhå síng nyobå nrapaké panggunané
aksårå Sundhå Kunå manèh. Têrús såkå pulo Madurå akèh ditêmókaké naskah-naskah
manuskrip ing róntal utåwå dluwang. Akèhé pancèn tinulís ing båså Jåwå, nangíng
aksårå Hånåcåråkå ugå ditrapaké kanggo nulís båså Madurå. Utamané wiwit ing
abad kapíng 19. Såkå pungkasané abad kapíng 19 lan wiwitan abad kapíng 20 ugå
akèh buku-buku måwå båså Madurå ing aksårå Hånåcåråkå síng kacithak.
Banjúr
ing wusånå, aksårå Hånåcåråkå ugå kadhangkålå diênggo nulís båså Mêlayu. Biyasané
wujudé layang síng tinulís déníng wóng-wóng síng dudu kalêbu wóng pribumi ing
Tanah Jåwå utåwå Bali lan dadi ora nguwasani båså lokal.
Sumber:
http://ki-demang.com/index.php/sejarah-hanacaraka/673-06-komputerisasi-aksara-hanacaraka
Tidak ada komentar:
Posting Komentar