Minggu, 11 Januari 2015

Cerita Cekak Nalika Mobil Kuncine Kembar

Sakwise pembagian bonus akhir tahun, Ima tuku mobil MPV seri terbaru yen miturut dheweke body ngarepe apik banget memper kaya Camry. Sawijining dina pas wektu istirahat kantor, Ima lunga metu sakperlu jajan bakso malang komplet ning warung Bakso Bangjo. Ndilalahe pas parkir ning ngarep Bakso Bangjo, wis ana mobil liya sing padha persis jenise di parkir ning jejere mobile Ima.  Dadine mobil loro werna abu-abu kuwi jejer ning parkiran.
Sawise rampung mangan bakso, Ima balik meneh ning mobil. Dithokake kunci mobil, dibukak lawange, banjur Ima mlebu ning mobile. Wasan ning njero mobil, Ima kaget amarga isi mobile kok beda. Iki mesthi mobile wong liya sing diparkir jejer dheweke. Wah gawat iki! Mosok kunci mobile Ima bisa dinggo mbukak mobile wong liya!. Enggal-enggal Ima ngethokke handphone lan protes marang dealer sing dodol mobil.
Ima:
Piye tho Pak Quality Control panjenengan menika? Kok kunci mobilku bisa dinggo mbukak mobile wong liya?
Dealer:
Ah mosok mbak? Wiwit jaman pithik durung kathokan kunci mobil ki ya mung bisa dinggo mbukak siji mobil thok, ora bisa dinggo mobil liyane!
Ima:
Lha iki buktine! Aku saiki bisa mlebu mobile wong liya. Padahal aku ki dudu tukang sulap loh!
Dealer:
Okey Mbak! Tunggu disik yah. Sedilit mengkas teknisi teka mrono  ngecek mobile Mbak Ima.
Ima:
Cepet ya Pak! Yen sak kunci bisa dinggo bukak mobil liya rakyo bahaya ta! Mobilku bisa kleru karo mobile wong liya!
Dealer:
Iya Mbak. Teknisi wis meluncur menuju lokasi.
Sakwise sauntara wektu sing nduwe mobil wis rampung jajan bakso lan marani mobile. Dheweke kaget weruh ana Ima ning njero mobile. Ima banjur nerangake menawa dheweke salah mlebu mobil amarga kuncine ora spesifik, bisa dinggo bukak mobil liyane. Ima ngajak sing nduwe mobil bareng-bareng protes karo teknisi sing arep mara mbrene.
Ima:
Dadi ngoten ceritane pak. Kuncine panjenengan kalian kunci kula sajake sami. Mangke awake dhewe kudu bareng-bareng komplain marang Dealere nggih!
Sing nduwe mobil malah ngguyu kemekelen banjur celathu:
Heuheuheu... Mbak Mbaaak! Lah mesthi wae mbake bisa mlebu mobilku wong ora tak kunci je. Soale anakku lungguh ning jok mburi lagi maca komik. Lha niku bocahe sakmenika ngadek.
Dumadakan ning jok mburi njedul cah cilik sing ngguyu mringis lan ngruruhi Ima:
Halo Mbak Cantik. Sorry nggih, aku mau lagi asyik maca komik dadi mboten weruh Mbake mlebu mobil.

Sumber :
http://duniashinichi.blogspot.com/2012/07/cerita-cekak-lucu-basa-jawa-nalika.html

Tidak ada komentar:

Posting Komentar