Ana
sawijining pemburu sing kasil manah menjangan gedhi ning alas, banjur menjangan
digendong arep digawa mulih. Ndilalahe neng tengah ndalan dheweke weruh Gajah
lemu sing lagi leyeh-leyeh ning ngisor wit gori. Pemburu ngetokke tombak banjur
nginceng Gajah lemu kuwi. Ananging sakdurunge tombak dioncalake, Gajahe
tangi, marani Pemburu terus nggubet
awake pemburu nanggo tlalene. (Majda Yulianingrum)
Si
Pemburu diangkat banjur dioncalake sak
kayange ngantek keceblung jurang. Nanging sakdurunge kontal, tombake pemburu
sempat ditancepke ning jantunge Gajah.
Si Pemburu mati kejegur njurang,
nanging Si Gajah uga mati amarga jantunge kena tombake Pemburu.
Ora
sakwetara suwe ana tukang golek kayu, jenenge Prendis sing mara ndana arep
negor wit gori. Weruh ana bangke Menjangan lan Gajah dheweke dadi gumun. Wasan
mikir-mikir dheweke ngira menawa Gajah lan Menjangan mesthi wae bar kerengan
terus loro-lorone mati. Prendis pengen nggawa bali sungune Menjangan lan
gadinge Gajah. Nanging dheweke ora kuwat
nggawa loro-lorone. Kudu milih salah siji.
Saiki
Prendis bingung arep milih sing endi.
Sungu Menjangan apik banget yen dadi pajangan ning ngomah, nanging
gading Gajah payu larang yen di dol ning kutho. Mengko nek nduwe duwit dheweke
iso kelakon ngajak kanca-kancane sakdesa ngiras ning Bakso Bangjo, kidul Pasar
Bantul. Wis suwe dheweke nduwe kepinginan jajan bakso malang sing komplet jenis
baksone lan mantep rasane. Mbiyen wis tau ditraktir Pakdhene nang kono, saiki
Prendis wis kangen banget pengen mangan meneh. Mengko mulihe dheweke bisa tuku
sarung lan klambi anyar ning Toko Ijo Pasar Bantul.
Dasar
Prendis, dheweke ketungkul wira-wiri ndelok menjangan, bar kuwi marani Gajah.
Bingung nimbang-nimbang endi sing luwih nguntungake menawa digawa bali. Saking
bingunge dheweke wira-wiri kawit awan nganti sore ora bisa mutuske. Penyebape
amarga Prendis rumangsa abot kelangan salah sijine. Owel lega lila ngeculke
salah siji. Majda Yulianingrum
Wayah
lingsir wengi dumadakan ana suara Macan sero banget. Ayake Macan wis tangi turu
terus ngambu ana daging sing siap dipangan. Prendis wedi banget krungu suara
macan, banjur mlayu njrantal ninggalake gading gajah lan sungu menjangan. Cita-citane arep njajakke kanca-kancane ning
Bakso Bangjo kidul Pasar Bantul lan tuku klambi ning Toko Ijo ora sida kelakon
amarga ketungkul ragu-ragu (Undil-2012).
Sumber
:
http://duniashinichi.blogspot.com/2012/11/cerita-cekak-bahasa-jawa-tukang-kayu.html
Tidak ada komentar:
Posting Komentar