Minggu, 11 Januari 2015

Jagat

Padhange surya tan kaya padhange netramu
Bagusing sasangka tan kaya bagusing pasuryanmu
Bagusing kartika tan kaya bagusing driyamu
Jembaring jagat tan kaa jembaring dadamu
Jroning samodra tan kaya jroning tresnaku nang saliramu

Tresna kang saka driya utama
Tresna kang manunggal
Tan bisa disalin karo liyan
Saliramu kang bagus
Bagusing janma ing jagat raya
Kang mapan aneng pratiwi
Pratiwi jawa
Kang utama

Tidak ada komentar:

Posting Komentar