Minggu, 11 Januari 2015

Sepi



Pasuryanmu kang bening
Tumiba ing lining tirta
Turut pletheking surya
Saya suwe tan saya adoh
Ninggalake sepi
Sepi nyenyet

Tan ana sabawa gumrisiking alang-alang
Aku mung bisa nyawang
Nyawang pasuryanmu kang bagus gemagus
Pasuryanmu kang kagawa ilining tirta
Tirta kang saka turut pinggir kali
Nganti datan katon kasaput pedut
Pedut peteng saka awang-awang
Kang gawe petenging murba jagat

Jagat kang maneka werna
Sepining jagat
Ramenng jagat
Pan jare manungsane
Kang mapan ing kana

Tidak ada komentar:

Posting Komentar