Jaman
biyen ing Tulungagung kuwi daerah kang kerep kena banjir, sadurunge nduwe
jeneng Tulungagung biyen kuwi jenenge Ngrawa amerga daerahe akeh rawa-rawa kang
amba. Salah sijine rawa kang terkenal yaiku Rawa Pening. Konon wilayah Rawa
Pening kuwi ora adoh saka Gua Song Gentong. Ngomong babagan Rawa Pening iki
mesthi ora lepas kaliyan pusaka Kabupaten Tulungagung jenenge Tombak Kiai Upas.
Asal
usul Rawa Pening disebabna anane bocah cilik kang njelma Naga Baru Klinthing
kang lidhahe dipedhot kaliyan bapakne. Bocah cilik kuwi jengkel kaliyan tingkah
lakune warga, kang ora tau menehi panganan. Saka akehe warga kang pedhuli
namung si Mbah. Banjur bocah cilik mau ngadakna sayembara sapa kang bisa njabut
lidi ing tancepan lemah.
Nalika
bocah cilik kuwi diwenehi panganan kaliyan si Mbah banjur dipangan, rampung
mangan bocah cilik kuwi pesen nang si Mbah ben disediakna lesung kaliyan
enthong kayu yen kapan-kapan dibutuhna. Krungu apa kang dijaluk bocah cilik
mau. Si Mbah bingung, gawe apa lesung karo enthong kayu wong pas wayah kuwi
musim kemarau. Nanging kanggo belas kasihan nang bocah kuwi si Mbah akhire
nuruti apa kang dijaluk mau.
Rampung
ngewanti-wanti si Mbah kang wis mbantu bocah cilik jelmaan Naga Baru Klinting
kuwi. Banjur dheweke nang lapangan desa kanggo menehi pelajaran nang warga kang
sombong lan ora pedhuli kaliyan manungsa liyane. Nalika ing lapangan bocah
cilik kuwi nancepna siji lidi lan kandha “sapa kang bisa njabut lidi kuwi
enthuk njukuk nyawaku, nanging nalika ora bisa kudu menehi aku panganan.”
Akhire akeh panganan numpuk amerga warga gak ana sing bisa njabut. Amerga
kegagalan warga nesu-nesu lan njaluk nang bocah cilik supaya njabut lidi kuwi.
Sadurunge
lidi dijabut kaliyan bocah cilik, dheweke kandha yen lidi kuwi dijabut bakal
ana mala petaka. Nanging amerga warga nesu-nesu ngongkon njabut, akhire bocah
cilik njabut lidi tenanan, nalika lidi dijabut sumber banyune metu, suwe-suwe
ing desa kuwi banjir gedhe. Kabeh warga ninggal amerga klelep. Namung siji
warga kang slamet ing mala petaka iki, yaiku simbah kang nulung bocah cilik. Si
mbah slamet amerga numpak lesung digawe prahu lan enthong kayu kanggo dayunge.
Kaya kang tau diomongna Naga Baru Klinthing.
Sumber:
http://jawatimuran.wordpress.com/2013/11/24/legenda-rawa-pening-kabupaten-tulungagung
Tidak ada komentar:
Posting Komentar