Sabtu, 10 Januari 2015

Cerita Cekak Isin Nek Konangan

“Yudh, kowe wis nggarap PR bahasa indonesia durung?” takone Pras nalika mulih bareng.
“wis entuk separo aku pras, sing pelajaran mengarang iku ta? jawabe pras
“iya sing  kuwi, aku ki paling ora bisa je yen kon ngarang ngono..aku isin soale” grundelane Yudha
“lho..kok bisa isin barang, wong pelajaran mengarang kan nulis, ora kaya maca pidato apa puisi ngono Yudh” Pandu urun rembug
“lagian wingi temane kan wis ditentukan, dadi kan penak…” Pras nimpali
“iya ik, Yudha ki ndadak isin barang ngapa coba, soale kan wingi dhawuhe pak Guru dhewe ngarang tentang tempat kelahiran masing-masing ta” Pandu nambahi maneh
“lha iya amarga kuwi aku dadi isin leh arep nulis bro…mengko aku gek malah diece karo kanca-kanca” Yudha njawab karo raine melas
“ehh…mosok bisa kaya ngono?” kekarone takon karo rada bingung
“iya..soale dusun kelahiranku biyen jenenge jumbleng, mosok iya aku kudu nulis lahir ning jumbleng sih?
“woooo……….”
_____________________________________________
ket : jumbleng dalam bahasa jawa biasa diartikan sebagai kakus, namun ada beberapa daerah yang memang bernama jumbleng.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar