SARASEHAN
budaya selasa legen wujud konservasi budaya ing kampus Unnes. Selasa legen
yaiku adicara kang dilaksanakake saben ulan pisan nalika dina senin kliwon sore,
kanthi tujuan kanggo nguri-uri budaya jawa lan Indonesia. Uga nduweni upaya
nglestarikake lan ngembangna nilai-nilai budaya kanggo ngukuhake konservasi budaya
ing kampus Unnes Sekaran.
Wujud selasa legen kang dilaksanakake
kaliyan pegiat budaya ing Unnes wis kaselenggarakake kurang luwih 5 taun ing
akhir taun 2014. Kang dadi usaha nyedhakake kabudayaan ing kader mudha
intelektual kampus. Ora liya mahasiswa asing ing kampus konservasi kuwi ora
absen nalika adicara Selasa legen.
Ing selasa legen para budayawan saka
tanah jawa diundhang kanggo ngisi adicara menika. Budayawan menika mbagi ilmune
ing dosen, tamu undangan, lan utamane para mahasiswa Unnes kang mirsani adicara
menika.
Ing pelataran auditorium kampus Unnes
Sekaran selasa legen digelar kanthi adicara diskusi budaya kaliyan para budayawan.
Uga ana kolaborasi budaya kayata kesenian tari, cokekan, macapatan, klenengan,
wayang kulit, gurit lan sanesipun.
Ora lali, ing selasa legen iku
diramekake kaliyan para kadang karawitan UKM Kesenian Jawa Unnes. Karawitan
kuwi pokok kanggo adicara selasa legen. Nalika temane apa wae mesthi mbutuhake
kelompok karawitan. Kayata diskusi penanggalan jawa utawa nanggap wayang,
karawitan kudu ana ing adicara iku mau.
Antusiasme mahasiswa kang saka saliyane
indonesia nyengkuyung adicara selasa legen kanggo sinau seni lan budaya kang
ana ing kampus Unnes. Mangkono iku kang bisa mantepna visi Unnes dadi
Universitas Konservasi kang nduweni taraf internasional ing taun 2020.
Pancen Unnes dadekake budaya dadi salah
sijine pilar kang nyangga konservasi. Amerga lembaga kuwi sadar yen budaya
bangsa hal kang paling dhasar kudu dikembangna ing kampus kang dadi
laboratorium keilmuan.
Universitas Konservasi konsisten ora namung
kanggo nyuguhake seni tradisi kanggo wujud budaya ing perhelatan. Nanging uga
kanggo gawe kajian lan diskusi budaya kanggo upaya telaah kritis ing kedadeyan
budaya.
Bareng kaliyan upaya konservasi, penguatan
aspek sikap lan prilaku kabeh warga universitas uga lingkungan ing sekitare
kang dadekake nilai konservasi dadi wujud program konservasi ing bidang budaya.
Ora liya yen malah akeh warga asing kang
seneng lan luwih paham sarta gelem nyinauni kang sejatine ing budayane kita
sedaya. Ora banget ngagetake ing jagat kuwi nemokake nama Kitsie Emerson, wadon
asli Amerika kang mahir nalika main kendhang lan rebab, Hiromi Khano kuwi sinden
saka Jepang lan Christophe Moure kang jago nabuh gamelan uga dhalang saka
Prancis.
Ing ngisor payung konservasi budaya,
sabenere Unnes nduweni tujuan paling dasar, yaiku nglakoni kaderisasi ben mahasiswa
nduweni kesadaran budaya. Perkara kuwi dirasa luwih penting yen budaya dibabar
kanggo identitas lan lokalisasi kanggo nglestarikake kudu dijaga.
Kudu lan wajib diakoni, kabudayaan ana
ing posisi marginal amerga upaya pamerintah budaya durung dadi prioritas
masyarakat. Kaliyan cara ora langsung kita wis pasrah, amerga upaya pamerintah
budaya lokal ana ing apa kang asring sinebut dadi pelaku budaya, utawa pegiat
budaya lan seniman.
Ing perkara kuwi dibutuhake upaya kang
sinergis lan kasinambungan. Ora namung kang nduweni jabatan utawa peran
strategis, nanging uga kaliyan kang nduweni rasa lan peduli kaliyan kabudayaan
kuwi dhewe. Selasa legen kang kudu diuri-uri kaliyan mahasiswa Unnes.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar