Kurikulum
2013 utawa kang sinebut kurikulum anyar kuwi ora bisa njawab masalah
pendhidhikan kang ana ing bumi indonesia. Kurikulum kuwi kudu disampurnakake
disik. Mangkono sebabe para guru wani nolak anane kurikulum 2013. Kurikulum
pancen penting nanging luwih penting kesiapane guru.
Anjloke kwalitas guru nalika kurikulum
2013 sabenere ora kudu dijawab kaliyan gantine kurikulum anyar nanging sabenere
kuwi pemerintah njawab kaliyan pelatihan guru kang bisa ningkatake kwalitas
guru ing pelatihan kurikulum 2006 utawa KTSP. Amerga guru akeh kang wis ngajar
nganti puluhan taun nanging durung entuk pelatihan guru saka pemerintah. Kuwi
nyata tanpa kudu ngadakake penelitian.
Miturut penelitian TIMSS 2011 lan PISA
kaliyan cara internasional, Anane kurikulum 2013 bisa nyebabake medune nilai
bocah sekolah. Amerga durung nduweni guru kang kwalitas. Saumpama pemerintah
kuwi fokus kaliyan pelatihan guru nilai bocah sekolah bisa apik, amerga bocah
indonesia kuwi sejatine cerdas, makane perlu guru kang cerdas uga.
Bocah sekolah kang dadi kelinci uji coba
kaum penguwasa. Uga didadekake “trial lan error” saka penelitian kebijakan kang
berbasis “proyek”. Kang nyebabake pendhidhikan dadi larang ing negeri iki.
Nganti bocah kang saka keluwarga kurang mampu kuwi angel entuk pendhidhikan
kang layak.
Mendikbud Muhammad Nuh ngendhika ing
media “ing kurikulum anyar, guru ora perlu gawe silabus”. Kuwi nyebabake bodho
kang nduweni struktur. Guru dijaluk dadi makhluk kang nurut lan bisa njangkepi
kepinginane panguwasa. Guru wis ora dadi guru kang merdeka, ora bisa ngajar
kaliyan kepinginane lan cara kang miturute bener.
Guru namung dadi tukang lan wis ora dadi
arsitek pembelajaran maneh. Luwih cilaka maneh mata pelajaran TIK lan pelajaran
liyane kang disenengi siswa malah disingkirna ing kurikulum 2013. TIK namung di
anggep dadi alat, lan ora di anggep dadi pengetahuan maneh, lan ora jelas
cethane. Ngenani perkara kuwi kandhane lagi dipikirna.
Kepriye guru kudu nolak kurikulum 2013? Kurikulum
kuwi sarat kanggo kepentingan politik . Kurikulum kuwi wis ora nuwansa akademik
lan penerapane perlu paksaan. Padahal kurikulum kuwi ora tentu bisa njawab
masalah pendhidhikan kang ana ing jaman saiki. Guru digawe bingung kaliyan
kurikulum anyar. Dijak seminar mrana-mrana nanging hasile kurang srek ing kabeh
pihak.
Nanging ing sisi akdemik, kurikulum kuwi
ora kabeh dikaji kaliyan ilmiah. Isih akeh para guru lan dosen nakonake kajian
ilmiahe. Kompetensi inti lan kompetensi dasare isih nduweni masalah kalebu ing
indikatore. Kesane kurikulum kuwi namung gawe pendekatan kekuwasaan, wis ora
gawe pendekatan akademik.
Akeh dokumen kurikulum kang sengaja ora
disebarake ing publik, amerga wedi yen kena kritik saka kiwa tengen. Guru
dipeksa kanggo siap nrima kurikulum kang implementasine durung siap ing
lapangan, malahan guru bener-bener dipeksa kanggo nrima.
Anggaran dana gedhene Rp. 2,49 Trilyun kuwi
kanggo kurikulum 2013, kang digawe akal-akalan supaya dana bisa metu amerga
iming-imingan pendhidhikan kunci pembangunan. Mangkono kang tau ditulis mantan pak
Wapres Budiono ing koran kompas.
Solusi ingkang paling pas kanggo
kurikulum 2013 yaiku nolak kaliyan tegas. Lan kurikulum 2006 dievaluwasi saka luwih
lan kurange banjur gawe uji publik. Aja namung sepihak ngomong yen kurikulum
2006 utawa KTSP ora apik lan kudu diganti. Nanging apa-apa kuwi digawe bener
lan diteliti, kang gawe tingkat validitas kang ora diragukake.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar