Sabtu, 29 November 2014

Asal Usul Desa Payaman Lamongan

Desa payaman asale saka telung keturunan. Yaiku wong jawa asli, wong saka tlatah negara Bagdad lan wong Madura. Wong Bagdad iku urip nalika masa khalifah sayidina Ali. Pas masa iku ning Arab lagi ana pemberontakan, tedhak turune kanjeng nabi entek padha dipateni kabeh, banjur dhewekke mlayu keparat-parat nang pulau jawa, yaiku ana ing alas Jambon. pas wayah iku ing alas Jambon ya pancen wis akeh wong. Nanging durung ana wong tua sing dianggep bisa lan ngerti. Dadi panjenengane sing saka Bagdad iku mau dianggep wong sing paling berjasa amerga sakjeke ana wong saka Bagdad masyarakat ing kana ngerti agama islam.
Syekh Abdul Jalil, Syekh Abdul Qadir Jaelani lan Siti Khadijah saka Bagdad nyiarna agama islam ing daerah Pertapaan Ringin Pitu. Anane wong telu saka Bagdad ing Pertapaan Ringin Pitu iku sakdurunge ana wali sanga. Ora suwe ana wali muncul ing jawa. salah sawijine Raden Nur Rahmat, panjenengane krungu yen ana agama islam nyebar ing daerah Pertapaan Ringin Pitu, banjur Raden Nur Rahmat Sunan Sendang rundingan kaliyan Raden Rahmat Sunan Ampel ndunungna Pertapaan Ringin Pitu kaliyan cara gawe sumur pitu lan icer wit ringin pitu. Dadi sumur pitu lan pratapan ringin pitu iku kanggo simbol Payaman.
Sinambi Syekh Abdul Jalil nyiarna agama islam penggaweyane saben dina ngrawati gajah. Syekh Abdul Jalil iki nduweni julukan Jaka Bodho. Amerga dheweke seneng prawan Dusun Bango, meh wae ape dilamar nanging ora digatekna ora dikarepi amerga gajah sing ape digawe nglamar iku ucul. Banjur gawe sayembara “sapa sing bisa nyekel gajahku bakal tak olehna sadulurku”. Gajah iku mlayu nang desa Palang. Dijenengi desa palang amerga ing kana gajahe di palang wong akeh. Banjur ana sing weruh lan medani “calah bodho, Jaka Bodho-Jaka Bodho wong kaya ngono kok seneng Prawan Bango ya mesthi wae ora dikarepi.” Gajah iku mau diarani gajah mada lan diserahna ing Prabu Brawijaya. Dadi sing bisa nyancang iku mau bisa diankat dadi Patih. Dadi prawan sing disir iku mau dirabi kaliyan Prabu Brawijaya ora kaliyan Penggedhe jalak sangan.
Suwene-suwe Syekh Abdul Jalil iku tuwa banjur perjuangene mau diterusna kaliyan Siti Khadijah yaiku nyiarna agama islam ing Pertapaan Ringin Pitu nganti pirang-pirang taun. Nalika Syekh Abdul Jalil wafat dimakamna ing Gobango, lan Syekh Abdul Qadir Jaelani lan Siti Khadijah nalika wafat dimakamna ing makam cungkup utawa maqom Kyai Putih. Makame Syekh Abdul Qadir Jaelani lan Siti Khadijah iku rano sing weroh, nanging nalika ing alas iku ana wong ngrakal ora ana sing kuat amerga lemahe alot. Banjur lagek nggraita yen ing kana iku ana makame pejuang agama islam yaiku Syekh Abdul Qadir Jaelani lan Siti Khadijah.
 Nalika Siti Khadijah nyiarna agama ing Pertapaan Ringin Pitu ora let suwe banjur ana wong loro saka Madura sing lelana masang manuk. Wong lanang sing jenenge Pak Yaman nalika masang manuk iku weruh ana wong sing saka Bagdad sing jenenge Siti Khadijah banjur panjenengane kepincut, nanging ora digatekna amerga Siti Khadijah iku kelbu pejuang agama islam ing daerah Pertapaan Ringin Pitu. Saben dina penggaweyane Pak Yaman iku ya masang manuk wae, bojone sing lagi mbobot iku ditinggal. Pas wayah bojone lairan panjenengane mulih ing alas Jambon, ing kana bojone nglairna anak lanang sing dijenengi Panjilaras amerga laire ing alas.
Amerga Pak Yaman wis kumpul kaliyan bojo lan anake banjur panjenengane ngajak bojone ngaleh ing pinggire alas Jambon. ing alas kono iku krasa aman, nyaman. Pak Yaman lan bojone manggon ing dusun Sawo. Ing kana ndlalah ana wit sawo akeh makane dijenengi dusun Sawo. Ing kana Pak Yaman dianggep tuwa lan berjasa karo masyarakat. Nanging kasenengane Pak Yaman ya adu jago lan mburu manuk. Saben dina lelungan morak-marek kanggo adu jago. Nalika pak yaman wis tuwa banjur wafat lan daerah Pertapaan Ringin Pitu sing dipanggoni Pak Yaman iku diganti dijenengi Payaman. Pak yaman nguwasai daerah Payaman.
Awit payaman iku wis dadi desa kang ngenali agama islam. Desane kang ayem tentrem. Perjuangan kanggo nyebarna iku ya saka kesenian-kesenian, utamane kesenian gamelan Sunan Drajat sing dijuluki Singa Mengkok. Pak Yaman sing awitane ndolok Jambon, banjur Jambon iku dadi kerajaan Jambon amerga ana warak sura lan warak apa ngono iku tandhingan gawe gaman lan padha kuate, kang dijenengi Mpu. Sing digawe yaiku gaman adhem lan gaman pekanat. Gaman adhem iku gaman kang ayem tentrem lan kluwer-kluwer. Iku gawe perang ing alas Jambon nganti ana kobongan gedhe barang.
Sakdurunge diwenehi jeneng Payaman iku dijenengi “Pertapaan Ringin Pitu” jeneng sing dijukuk saka pelopor Raden Nur Rahmat ingkang ngrunding ngajak murid-muride gawe sumur pitu lan icir wit ringin. Sakwise santri-santrine mari ngerjakna tugase iku mau, kang santri mlayu ngidol, ing tengah dalan dheweke dibegal amerga gawa qur’an kang diwadahi kacu lan dikira bandha utawa duwik. Wadahan kacu iku mau dijaluk kaliyan begal, nanging muride Raden Nur Rahmat ora ngolehi, banjur begal Tenggulun iku mateni salah sawijine santrine Raden Nur Rahmat. Lan santri sing sijine mlayu mengalor banjur dipateni kaliyan wong Solokuro. Loro jasade santrie mau dikubur ing ing alas, alas iku banjur dijenengi makam santri.
Wiwit loro santri mau dipateni, sumur lan iciran wit ringin iku mau ditekani kaliyan Raden Nur Rahmat, amerga dikira sumber saka sumur iku ora bisa nyukupi masyarakat. Banjur Raden Nur Rahmat gawe tlaga kaliyan mundhut lemah saksorban lan saiki dikenal kaliyan jeneng Tlaga plasa. Banjur lemahe digawa nyang masjid Sendang nduwur gawe urok mesjid. Sing manggon ing gunung Hamin Tunon.
Biyen iku ana salah sijine lelungan ngerti yen nek kene kelangan ameng-amengane manuk berkutut. Penggedhe ringin pitu gawe sayembara “sapa sing bisa nyekel manuk berkutut oleh njaluk ganjaran apa wae”. Pak Yaman saka Madura iku maju lan milu sayembara iku mau. Akhire njaluk wilayah ndi ubengge manuk berkutut iku mau. “aku gelem nyekel manuk berkutut iku tapi aku jaluk wilayah ndi ubengge manuk berkutut mau miber”. Manuk iku mau dicekel kaliyan Pak Yaman, manuk iku mau miber ngaluwor nganti tekan wates Kranji, lore jaten. Bareng dipikat ndek kana mbalik ngiduwol sampek notok ndek pinggire kuburan Godog sak kidule ratan. Bareng ndek kono kenek. Terus ditakokna kaliyan pertapan Ringin pitu amerga perjanjiane mau ndi ubenge manuk mulane sing tak wehna wilayahe ya mok nyleret ngidol lan nyleret ngalor, tekan jaten lor lan tekan prapatan Godog. Makane wilayah iku mau dijenengi Payaman amerga dikuasai Pak Yaman. Sawise Pak yaman ing akhir kekuwasaane kyai H. Abdurrahman Musthafa teka nyang Piyaman kanggo nyebarna agama islam. jeneng piyaman di salen dadi Payaman. Ing desa Payaman iku nduweni maskot manuk amerga Pak Yaman pas uripe seneng manuk. Pak Yaman iku ya nduweni keris sing dijenengi keris Singgrang Macan kang dadi senjatane nalika panjenengane urip. Uga kanggo senjata nalika panjenegaane adu jago.

Narasumber: Bapak Abdul Chayi lan Bapak Arjo

Tidak ada komentar:

Posting Komentar