Raden
Nur Rahmat asale saka tlatah negara Bagdad Irak. Putrane Syekh Abdul Kohar bin
Abdul Malik bin Abdul Yazid. Raden Nur Rahmat lair taun 1320 M.
Panjenengane dados tokoh kharismatik sing bisa di sejajarna kaliyan wali sanga.
Syekh
Abdul Kohar iku lelana numpak perahu. Perahune iku kenek ombak lan badai banjur
minggir ing daerah Sidayu kilen. Ing ngriku kiyambake kepanggih kaliyan penguwasa,
yaiku Tumenggung Jaya Sasmita. Wektu
jam 5 sore remeng-remeng, Syekh Abdul Kohar lan Tumenggung Jaya Sasmita
omong-omongan kaliyan ngrasakke kaendahan pantai. Syekh Abdul Kohar diajak
wangsul ing daleme Tumenggung Jaya Sasmita. Akhire dipun pundhut mantu dinikahaken
putrine sing namine Dewi Sukarsih.
Syekh
Abdul Kohar lan Dewi Sukarsih nikah dianugrahi hamil kaliyan Allah ta’alaa.
Wiwit hamile wolung ulan Syekh Abdul Kohar pamit nyang garwane badhe sambang tiyang
sepuhipun sing wonten ing Bagdad. Syekh Abdul Kohar pesen nyang ibune menawi benjang
bayine lahir kanthi jaler wenehana jeneng Nur Rahmat, menawi estri terserah
ibune sing penting nami ing kang sae. Ing Sidayu Lawas Dewi Sukarsih nglahirake
putra kanthi slamet. Sahingga dipun namani Nur Rahmat. Amerga putune Tumenggung
dadi jenenge mau di tambahi Raden dadi “Raden Nur Rahmat”.
Dene
keadaan sidayu lawas wonten perang Perak Poranda, perang antarane Ronggolawe
Tuban kaliyan Sidayu. Keng putra dipun ajak pindah ing kampung sing wonten ing
Gunung Hamin Tunon Sendang. Hamin Tunon iku panggonane ngobong mayit. Yen ana
wong budha mati ya di buak banjur diobong ana ing gunung ngriku. Banjur gunung
iku di arani Gunung Tunon amerga wong mati di tunu ana ing ngriku.
Jaman
iku Syekh Abdul Kohar, Dewi Sukarsih lan Raden Nur Rahmat manggon ana ing
Gunung Tunon. Banjur Raden Nur Rahmat di titipke Kyai Shaleh di kengken ngulang
ilmu kanoragan. Raden Nur Rahmat iku salah sawijining murid sing pinter dhewe.
Sing nduweni ilmu nganeh-anehi. Kaya-kaya sing arep di ajarna Kyai Shaleh iku
Raden Rahmat wis bisa dhisik. Pancen Allah Taala ngersaaken yen Raden Nur
Rahmat iku pinter.
Saben
dina Raden Nur Rahmat iku nyang Gunung Hamin Tunon, gawene ing ngriku ya icer
apa-apa ana siwalan, menyok, uwi, pilus, tales lan liya-liyane. Pancen Raden
Nur Rahmat iku wis pinter cocok tanam ubi-ubian. Raden Nur Rahmat ndamel sumur
di gawe nyiram tandhurane mau. suwene-suwe sumure iku dados sumur kedotan.
Banyu kedotan iku yen di nginum bisa tahan apa-apa (ora mangsah di bacok).
Jaman
samonten wonten tiyang sing badhe nyembelih sapi, sakderengipun digorok sapi
iku dipekna banyu ana ing sumur kedotan, ndlalah sapine iku gak mangsah disembelih.
Timba sing saka godhong siwalan digawe nimba ana ing sumur kedotan iku gak iso
dicoklek. Akhire sumure iku ditutup kaliyan Raden Nur Rahmat amerga malah garai
prakara. Ya wiwit saiki yen ana wong sing golekki sumur iku gak bakalan
kapetuk. Amerga Raden Nur Rahmat olehe nutup sumur iku di do’ai supaya wong
liya ora ana sing weruh. Ya amerga ana sumur kedotan iku, dadi Raden Nur Rahmat
bisa kondhang ana ing ngendi-ngendi, karomahe uga kondhang. Kapireng ing para
wali. Akhire Raden Qasim kapengin metuki Raden Nur Rahmat. Kapengin weruh
ilmune.
Raden
Qasim nduweni kebiasaan yen dina jum’at ngumpulake santri-santrine. Amerga
kapengin ngerti langsung kapiye keadaan masyarakat lan santri-santrine lan
kapiye perkembangane. Wektu iku Raden Qasim ngewehi pengajian nyang santri-santrine,
nggawokna awake dhewe yen awake iku nduweni ilmu sing gak ana sing bisa
nandingi. Nunjukna yen dewekke iku nduwe derajat Waliyullah. Banjur salah
sawijining santrine ana sing usul.
“Yai, ana salah
sawijining sing nduweni kesentikkan, mbten namung saget nandhingi panjenengan
nanging ilmune iku ngungkuli ilmune
panjenengan!”
“Sapa iku?”
“Muride Kyai
Sholeh kae, Yai.”
“Lha, Kyai Sholeh
iku santriku, yen ana muride Kyai Sholeh sing ilmune ngungkuli aku, temen aku
gak percaya!”
Saben
benggi Raden Qasim iku dakwah ngulang ngaji santrine. Lha nek awan iku kesah golek
manuk ing daerah Mbrumbun. Ing kana ana uwong banjur diparani karo Raden Qasim
amerga kapengin nyuwun beras di damel makani manuke.
“Pak,, nyuwun
berase damel pakan manuk!” Ujare Raden Qasim
“Oh, ra nduwe
cong, iki uyah dudu beras!”
Wiwit
Raden Qasim balik, berase wong lanang mau maleh dadi uyah, wong lanang mau
kaget “Lha berasku ngapa kok maleh uyah? Apa wong sing njaluk beras mau wali?”.
Uyah iku mau banjur mleleh dados banyu sing di jenengi “Ngasinan” (Tlaga Asin).
Raden
Qasim lan santrine kesah lelana mangetan. Begal wau di kengken mlayu nyang
wetane Kranji lan di kengken tobat. Ing ngriku para begal tobat lajeng daerah
niku di jenengi “Tunggul”.
Pas
iku jum’at benggi, Raden Qasim kesah ing daerah sing indah sing daerah iku dijenengi
“Dagan”. Wayah benggi Raden Qasim arep sholat tahajud, arep wudlu mumat-mumet golek
banyu ora ana, nemune iku banyu sing banger, akhire daerah iku dijenengi
“Bangeran”.
Saka
Bangeran Raden Qasim mulih banjur ing pinggir dalan marani wong tua njalok
beras kanggo pakan manuk. Njaluke iku mau di taker disik banjur ing pinggir
Bangeran iku di arani desa “Takerharja”.
Raden
Qasim ngejak santrine marani Kyai Sholeh, amerga dewekne iku kaya-kaya gak
percaya yen ana manungsa sing bisa ngalahake.
“Ayo saiki nyang
Kyai Sholeh, yen santrine Kyai Sholeh iku bisa nandingi aku apa totoanmu lan
sing gak bisa nandingi aku apa totoanmu uga?”. Raden Qasim nantang santrine.
“Kula mboten
kagungan napa-napa Yai, yen kula salah
ngih jenengan ketok gulu kula.” Wangsulane santrine.
Jaman
samana iku totoane gedhe, santrine wani taruhan nyawa. Amerga kapengen olehe
buktiake omongane.
“Yen, aku kalah
karo muride Kyai Sholeh. jaminane kowe bakal tak pek mantu” Raden Qasim
ngendika.
Raden Qasim ngajak santrine ndayoh
nyang daleme Kyai Sholeh. Ing daerah Sendang iku. Ing lawang Raden Qasim uluk salam.
“Assalamu’alaikum..”
“Waalaikumussalam..
mangga mangga!. Lho, Rama Yai ?” ujare Kyai Sholeh.
“Iya”
“Awan-awan ndugi
ngriki wonten napa Yai?”
“Sing kapisan
silaturrahmi, sing kapindo aku nduwe kabar jare awakmu iki nduwe santri jenenge
Nur Rahmat iki iya ta?” pitakone Raden Qasim.
“Oh, ngih
kagungan!”
“Saiki ndi?”
“Saiki nang
Gunung Tunon ngrika, Gunung Tunon Sendang”
“Mboten ditimbali
ae, kersane mantok Leh?”
“Ora, dereng
wancine mantok Yai”
“Aku kepengen
weruh, saiki aku terna nyang Gunung Tunon kana!”
Pancen Kyai Sholeh iku santrine
Raden Qasim dadi di kongkon apa wae nurut. Kyai Sholeh ngeter Raden Qasim nyang
Gunung Tunon nemoni Raden Nur Rahmat. Ing kana Raden Nur Rahmat iku ngedukki
uwi. Ringette ndlewer-ndlewer wong pancen ngeduk uwi ndek watu, ya nggawa
linggis, pecut, pecok lan sakliyane.
Pancen
Raden Nur Rahmat pinter ilmu tani dadi ing sawah nduwur Gunung Hamin Tunon iku nduweni
iciran sing apik-apik. Raden Nur Rahmat iku disenengi masyarakat amerga
prilakune lan tindakane sing nyata. Raden Nur Rahmat iku dados pelopor
reresikan lan pertanian. Sampek yen Raden Nur Rahmat kepengin idu nduweni wadah kusus kanggo idu.
Nalika Raden Qasim weruh Raden Nur
Rahmat ngedok uwi mau ngguyu ngakak, ya kaya ngece Raden Nur Rahmat ngana.
“Ha..ha..ha..
Nden, Ganden. Lha wong kaya ngene kok nduweni kesentikan sing ngungkuli aku.
Wong ngeduk uwi ae di ewanggi mruntus ra karu-karuan. Lha aku ngana ya rak
ngene larane rak ngene sorone. Ngene lho, wong sing nduwe ilmu iku, njabut uwi
iku kudu kenek oyotte kabeh” Ujare Raden Qasim karo mbedol uwi sing kenek sak
oyotte kabeh.
“Lho... Lho...,
kok ngoten, dospundi Yai” pitakone Raden Nur Rahmat karo kaget. “ngoten niku lak
mesakake anak putu kula mbenjeng, nek sedanten sing nyambut damel kudu nganggo
ilmune kiyambak-kiyambak. Lha, sing mboten nggadah ilmu lak mboten puron
mruntus yai..?, mok ngedak-ngedokaken ilmune mawon?”
“Lha Koen ya
kudu bisa” Raden Qasim nantang Raden Nur Rahmat
“Ngih, yen
Gusti Allah kersa, Insya Allah saget!”
Akhire
Raden Rahmat njabut uwi mau. Oyotte nglumbyuk katot sedanten, setunggal mawon
mboten wonten sing kari.
“Lha.. Yai kaya
ngene lho njabut uwi iku oyotte bisa katot sedanten, njenengan wau pas njabot
oyotte taseh wonten sing kanton mlenceng teng pinggir watu!” Raden Nur Rahmat
ngendika.
Raden Qasim iku deleg-deleg wis
ngrasa kalah. Oh Akhire Raden Qasim ngetes Raden Nur Rahmat maleh.
“Bo..ook.. ngeneki
na ana menyok mateng tanpa geni, ndahneya enake lan senenge” Ujare Raden Qasim.
“Oh, jenengan
kersa ta?. Yen njenengan kersa kula jabutaken!. Kaliyan izin Gusti Allah, Insya
Allah menyok niki saget mateng!”
Raden
Nur Rahmat cepet-cepet olehe mlaku ngolek menyok. Ing nduwur Gunung Hamin Tunon
Raden Nur Rahmat mbedol menyok lan tangan kiwone karo di sebul lan ngucap “Loossss..
teengg...!”. banjur menyok iku pas di bedhol langsung warnane ireng, meduk
mumpur kaya tunonan.
“Mangga..
mangga! Yai, yen njenengan kersa!” Ujare Raden Nur Rahmat karo mliyak-mliyak
menyok sin kebul-kebul panas kaya mari di tunu ndek njero geni.
“Mangga...
Mangga...! njenengan dhahar Yai, yen kersa”
Raden Qasim wis ngrasa kalah lan wis
isin temenan, gak wani nyacak yen kiyambakke bisa. Nanging Raden Nur Rahmat
pancet olehe nyereng ngengken Raden Qasim dhahar.
“Mangga.. di
dhahar riyen Yai!”
Raden Qasim
mboten puron dhahar. Ngrasa isin temenan.
Bekase jabutan uwi iku mau dadi
sumur, sing di jenengi “Sumur Leng Sanga”. Wiwit saiki ya isih ana sumur iku.
Ya di gawe kebutuhane para masyarakat Sendang.
Raden
Qasim ngrasa isin temen banjur ngajak mulih nyang Kyai Sholeh. Ing daleme Kyai
Sholeh masakan wis cemepak kabeh. Pancen Raden Qasim iku salah sawijining
gurune. Guru nang silaturrahmi ing santrine makane ya wis pantes yen Raden
Qasim iku di sambut kaliyan prilaku sing sae.
Raden
Qasim lan Kyai Shaleh lenggahan ana ing emperan omah. Lan pada rembugan nganti
dalu.
“Leh, Sholeh.. Nur
Rahmat iki sejatine anake sapa kok bisa ngalahake aku?” pitakone Raden Qasim.
“Oh, Raden Nur Rahmat
iku yogane Dewi Sukarsih sing di titipaken ing kula di kengken ngulang ngaji, menapa
Yai?”. Wangsulane Kyai Shaleh.
Raden Qasim mboten njawab pithakone
Kyai Sholeh nanging malah nyoba mbucuk Kyai Sholeh supaya purun olehe ngewehne
muride mau.
“Bookk Leh..
Sholeh, kowe kok nduwe santri sing nduweni kesentikan gedhe. Mbokyoho tak dadekake
santriku wae. Nek aku sing ngulang mesti kesentikane tambah gedhe” Ujare Raden
Qasim.
“Mangga Yai..!
yen larene kersa, ning larene puron ngih mangga njenengan beta.”
Kyai
Sholeh nyelok santrine mau, “Mat, Rahmat rene disek, iki Raden Qasim kapengin
ngepek awakmu, arep di dadekna santrine!, kowe gelem ta?.”
“Ngih, Yai kula
kersa tumot Raden Qasim!”. Wangsulane Raden Nur Rahmat.
Ing tengah dalan Raden Nur Rahmat
nolah-noleh deweke iku ngarasa ngorong sanget amerga wayah iku ya panas.
“Eh Yai Qasim, kula
kedah minum Yai, kok mboten wonten bocah angon, arep tak kongkon menek wit
ental sing ndadi ing duwur iku!” ujare Raden
Nur Rahmat.
“Oh, kowe kudu
ngombe ta? Lha kowe nduwe kesentikan kudu ngombe ngene ae kok leren ngenteni
bocah angon” ujare Raden Qasim.
Tekenne Raden Qasim di damel nutok wit
cematan “Grobyookk..” sembarang kaler sing
ana ing wit ental mau logrok kabeh. Kembang-kembang cematan uga milu logrok.
Wujud saiki dadi cematan lanang sing mboten awoh iku. Polane sangking bantere
olehe nutok mau cematane dados kenceng jejek. Mangkane cematan sing mboten awoh
niku sing kenceng jejek.
“Lho... lho...
ngoten niku dospundi Yai lak mesakno anak putu kula mbenjeng!” Ujare Raden Nur
Rahmat.
“Lha iya, wong
kowe iki nduweni ilmu kesentikan, na digunakna ilmune, apa ilmu kok ora digunakake!”
“Lha, gunakna
ilmu kok ngeten, mbenjeng anak putu kula lak mboten uman, mboten awoh sedanten
engken!”. Ujare Raden Nur Rahmat.
Raden Nur Rahmat lajeng njempok
dielus lan dipengkelungna wit cematan lan ngendika. “Ya ngene yai, ngamek iku
sak butohe mawon. Sing sedengan mawon sing di pundut, sing tuwa kersane damel
bibit, sing enom kersane nang tuwa, sing kembang-kembang niki kersane damel
anak putu kula mbenjeng!. Na nek sampeyan tukok tok..tok.. logrok kabeh kabeh
ya anak putu kula mbenejeng lak mboten kumanan.”
Raden Qasim ing ndalan wau wis
lenger-lenger ngrasa kalah temen, ngrasa kalah kesentikane. Nyampek ing jaten
Sejajar Nggampeng, ing Nggampeng iku Raden Qasim nyoba Raden Rahmat maleh.
“Lho.. lho.. Mat
kula kok kepengin ngising piye iki ora ana banyu kanggo sesuci?” ujare Raden
Qasim.
“Oh ngih yai,
yen gusti Allah ngersakake jenengan saget, mangke tak pundutna toyo damel
sesuci”. Raden Nur Rahmat mangsuli.
Raden Qasim
sejatine mboten ngising temenan, wong niku namong nyoba.
Akhire
driji telunjukke Raden Nur Rahmat dibelek diencepna ana ing lemah, lemah kuwi
langsung metu banyune, lan dadi sumur banjur langsung diparengna Raden Qasim.
“Sampon wonten
toyo Yai, pon manton ta?”
“Wis, gawanen
rene, aku tegak ewoh-ewoh njukuk.”
Raden Nur Rahmat
ngerok ngerok banyu nganggo di wadahi watu.
“Lho, nemu banyu ndek ndi kowe iki? Ndek kene
iki kan ora ana sumur!” pitakone Raden Qasim kaleh kaget.
“Kula mundhut teng
lemah niki Yai, kula pamit ing Gusti Allah lan Gusti Allah ngersani kekarepan
kula.”
Raden
Qasim ngrasa kalah maneh, dheweke weruh apa sing dilakoni Raden Nur Rahmat mau
geleng-geleng gak trima yen ilmune ana sing nandhingi. Mlaku mangetan weruh
Sendang Mbrumbun. Pas wayah iku jam 3 sore ngadepna asar. langsung wae Raden
Qasim pikire pon panas. njegor ana ing Sendang Mbrumbun, banyu sing dijeguri
iku umop mbegojok umop kaya di godok. amerga saking panase awake sebab gak
trima olehe dikalahake karo Raden Rahmat.
Wiwit
saiki Sendag Mbumbun iku yen jam 3 sore mesthi panase pol. Ora ana sing wani
yen njegor jam semana. Wiwit saiki Sendang mbrumbun iku dipercaya bisa ngobati
penyakit kulit, kayata borok, gudik, lan sak liyane.
Raden
Nur Rahmat ngerti “Oh, Raden Qasim iki mureng-mureng amerga ngetes aku, lha
ilmuku iku bisa ngungkuli dheweke. “Ilmu iki sejatine diwenehi Allah Ta’aala
dadi ora merga tuwa enome tapi ya merga Gusti Allah iki ngewehi pepeling, dadi
ya sek akeh ilmune wong tuwa wong padha-padha waline, tapi Allah taala memang ngewehi
teguran. Awake Mau kandhane ora ana sing bisa nandingi awake. Dadi aku lagek
semene diwehi ilmu sing kaya ngene. kabeh iki ya kersane Allah Ta’ala”. Dadi
ing pinggire Sendang Mbrumbun sing di damel njegur Raden Qasim mau ana sumur
sing dijenengi “Tepanas”, amerga banyune iku panas.
Raden
Qasim matur “wis saiki Drajat Sendang dieleh Sendang Drajat. Sendage di disikna
amerga ilmune isih duwur Sunan Sendang.” Sejatine Raden Qasim lan Raden Nur
Rahmat iku waliyullah, nanging ilmune iku isih duwur Raden Nur Rahmat, senajan Raden Nur Rahmat
mboten mlebet wali sanga nanging Allah kersa yen Raden Nur Rahmat iku salah sawijining
makhluk Allah sing dikersakake nduweni kesentikan gedhe.
Raden
Qasim ngajak Raden Nur Rahmat mulih, nyampek ing daleme Raden Qasim Sunan
Drajat, Raden Nur Rahmat ditangkleti.
“Lha, mosok kowe
iki anakke Dewi Sukarsih? aku gak ngandel, nek ora tedha ing Madu tedha ing
soco ora bakal nduwe kesentikan sing kaya ngene iki.”
“Ngih, yai
temenan kula yogane Dewi Sukarsih.”
Amerga
pitakonane Raden Qasim mau nyereng terus, akhire dikandhani sing sabenere.
“Ngih Yai Sejatine
kula niki yogane Dewi Sukarsih. Kula putune Tumenggung Jaya Sasmita.”
“Oh ya aku
percaya wangsulanmu mau Mat!” wangsulane Raden Qasim.
Ajarane
Raden Nur Rahmat iku di apalke kaliyan warga. kepala desa Sarimbit sing jenenge
Raden Jingga iku sombonge mboten jamak. Raden Jingga gawe wara-wara “urip nang
donya namung pisan dinikmati wae. Aja ana sing milu ajaran sesate Raden Nur
Rahmat”. Penggaweyane Raden Jingga yaiku yen ana warga desa Sarimbit lunga
ngaji nyang Sendang Duwur dicegat malah dikengken ngalap berkah nyang eyange
yaiku Mbah
Cokroatmaja sing wis seda.
Raden Jingga
ngaku sakti amerga wis mari ngalap berkah lan njaluk kesentikan nyang Mbah
Cokroatmaja, amerga kesentikan Raden Jingga mau akeh sing nyata, dadi warga akeh sing percaya
lan gelem manut nalika dijak ngalap berkah nyang makome Mbah
Cokroatmaja disambi gawa sesajen pithik ingkung lan rokok klembak.
Nalika iku
Yu Tari matur nyang Raden Jingga yen anakke sing jenenge
Sutini dereng angsal bojo. panjenengane ngajak Yu Tari lan warga liyane ngengken
nyang maqome Mbah Cokroatmaja gawa sesajen lan njaluk kepinginane. Nalika
giliran Yu Tari, Kang Jarwo, lan bojone mengarep nyang maqom Mbah Cokroatmaja
kanggo nyerahna sesajen lan nyampekna kepinginane bocah telu mau mboten puron
akhire Raden Jarwo mureng-mureng, wong telu iku mau di anggep mboten ngurmati
sesembahane, akhire Raden Jingga nyeret lan diseblak.
Klakuane
sing kaya ngono iku Raden Nur Rahmat ngerti langsung ae panjenengane nuturi:
“aja salahna yen Gusti Allah bendu lan ngewehi bencana kanggo ngilangna musyrik
iku”. Raden Jingga nentang “yen bener, tekakna bencana saiki uga”. Raden Nur
Rahmat ngangkat tangane bencana iku langsung teka sing rupa angin gedhe sing
nerjang desa iku.
Raden Jingga
bingung lan wedi keterak angin gedhe sing kaya mangkana iku, akhire
panjenengane ngalah “yen panjenengan kersa mandekna angin iki aku janji bakal
milu lan ngajak warga supaya milu ajarane panjenengan!”. Akhire Raden Nur
Rahmat nggedokna Tombak Abirawane ora suwe angin iku
mandek lan suasana kaya biyasane.
Pancen
Raden Nur Rahmat iku nduweni senjata sakti sing rupane Tombak Abirawa sing
dawane 6 meter, lan diyakini nduweni tuah bisa ngilangna bencana sing wis di
izini Allah Swt. Pas Raden Thoyib (Sultan Hadlirin Saha) diangkat dadi
bupati ing Jepara, panjenengane nyiarke agama Islam. Sahingga dibangun masjid
megah ing wilayahe nalika taun 1531 Masehi. Akeh para ulama lan kyai nalika iku
kagum kaendahan lan kemegahane masjid iku.
Pas
wektu iku Raden Thoyib (Sultan Hadlirin Saha) putune Raden Muchayat, Syech Sultan
saka Aceh dadi garwane Ratu Kalinyamat putri Sultan
Trenggana saka Kraton Demak Bintoro damel sayembara “sapa
sing bisa mindah Masjid ndek Mantingan Jepara lan bisa nggenjong masjid tanpa
ewanggane wong liya ya wong iku sing nduweni hak ngepek masjid iku”. Pas wektu iku Sultan Hadlirin pon sedha
naning masjid iku pancet disayembarakna.
Titi
wancine nyebarake islam Raden Qasim mrentah Raden Nur Rahmat dikengken milu
sayembarane Ratu Kalinyamat yaiku mindah masjid saka Mantingan Jepara.
Sayembara iki wujud saka karomah wali. Masjid saka Mantingan Jepara iku diboyong
Raden Nur Rahmat nyang pucuk Gunung Hamin Tunon pas taun 1561.
Akhire
wis oleh izin yen masjide arep digenjong. “Lha nek wis oleh saiki dekna ing
Payaman, Lha ngapekna urok nek lore Ringin pertapaan pitu”. perintahe Raden
Qasim. Lamuna sida didekna ndek payaman iku arep di dekna ing daerah Payaman
blok karang Asem. Nanging angkate ngedekna ndek daerah Payaman, wayah jam 3
benggi iku ana wong nggedokna bojok, dikira wis isuk dadi gak sida ngedekna
ndek payaman. Banjur laporan nyang Raden Qasim nek gak sida ngedekna ndek
Payaman amerga prasane wis isuk. Nanging njaluke didekna ing nduwur gunung
Tunon. Raden Qasim ngizini “Ya, yawis gak apa-apa nek mok dekna ndek Gunung
Tunon tapi ngameka urok ndek lore Desa Payaman ya ning Lapangan Tlaga Plasa
iku”.
Dadi Raden Nur Rahmat iku ngusong
lemah digawa nyang Gunung Hamin Tunon kanggo urok masjid lan tempone iku ya
diwenehi waktu suwengi dikandani yen aja sampek kecandak pitik kluruk. Dadi ing
kunu kedadian temen masjide ngadek ing pucuk Gunung Hamin Tunon. Sing dijenengi
“Masjid Nur Rahmat”. Masjid Nur Rahmat iku nalika ngadek ditandai
surya-sengkala “Gunaning Sarira Tirta Hayu” sing nduwene teges tahun 1483 Saka
atau 1561 M. Masjid iku tau dipugar nalika taun 1929 lan nalika taun 1938 diapiki
lan pemugaran gapura sing dibiayai Gubernur Jawa Timur Ch. van der Pias.
Ing
ndalan menuju nang Sendang iku masjid digenjong dhewe. Lawange iku cicir ing
salah sawijining daerah sing daerah iku saiki dijenengi PACIRAN. Nalika cicir
iku cepet-cepet olehe dikengken mundut amerga wedhi yen konangan Mbok Randha
Mantingan. Lan ompak-ampike iku nggletak ing salah sawijining daerah sing saiki
dijenengi desa JETAK. Ing daerah PACIRAN iku aet saiki diarani daerah
pendidikan amerga sekolahan-sekolahan iku manggone ing kunu kabeh ya ana
sekolahan TK sampek SMA. Lan ing desa JETAK iku akeh pemerintahane ya kaya KUA,
Masjid, Kepolisian, Pasar, Puskesmas lan sapanunggalane.
Nalika
mbangun masjide Raden Qasim lan Raden Nur Rahmat waktune ya padha suwenggi tapi
gadahane Raden Qasim iku dereng manton amerga cagakke kurang setunggal. Dadi
isih menang Raden Nur Rahmat ketimbang Raden Qasim. Waktu nggenjong Masjid saka
Mantingan iku ana kedadian yen kubane Masjid dijaluk wong lan sing dijaluk iku
nganeh-anehi, duwek ketengan sak juta. Jaman biyen duwek ketengan iku duwek
seteng yen di padakna saiki pada karo duwek satus persenene sak rupiah. Lha
njalukke iku moh diganti liyane, njaluke pancet duwek ketengan sing akehe sak
juta. Banjur diwenehi waktu seminggu kanggo dilek ketengan iku mau. Raden Nur
Rahmat nduweni akal yen iku mau bisa diatasi yen icer tebu. Wektu seminggu digawe
icer Tebu, nek saiki ya gak matuk akal.
Dadi
saiki icer sesuk diketok digawa nyang pasar, ngana terus sampek seminggu. Lha
nek ana wong tuku duwike ya kudu duwek ketengan nek ra ketengan ora oleh. Wong
tuku iu kemrubut amerga sak unjok iku regane mok seteng. Seminggu persis wis oleh
duwek akeh sampek ra kelar gawa. Diwehna Raden Qasim banjur duwek mau diitung
Raden Qasim karo diewanggi santrine kabeh. Olehe ngitung iku mau gor dicakup-cakup
ngana wae, dadi ben sak cakupan iku diarani angger sepuluh ewu, satus ewu.
Pokoke Raden Qasim iku ndi unine sak karepe dhewe. Dadi sing nyekseni iku sing
katok.
Akhire
nek iku mau wis dunung, dadi Raden Qasim iku sadar, “E.. pancen aku sing
lepat”.dadi Raden Qasim lagek percaya yen Raden Nur Rahmat iku bener-bener
anakke Dewi Sukarsih. Amerga ya wis terbukti yen Raden Nur Rahmat bisa ngedekna
Masjid ing Gunung Tunon. Senajan Raden Nur Rahmat bisa mboyong masjid iku tapi
Raden Nur Rahmat isih tetep ngewehi duwek keteng kanggo Ratu Kalinyaman niku
mboten wujud patukonan nanging niku wujud ikatan lan pangucapan matur nuwun.
Wiwit
masjid wis ngadek Raden Nur Rahmat delang-deleng amerga bingung dereng wonten
panggenan kangge wudlu. Raden Nur Rahmat lenggah ing ngarepe masjid, saka kulon
ana sinar biru sing mencorong yaiku sinar keris. Raden Nur Rahmat nyedhaki
keris mau banjur dijabut lan sumber banyu metu. Sumur iku dijenengi “Sumur Giling”.
Lan Raden Nur Rahmat nggawe sumur ing daerah Sendang agung. Gawene ya namung
ngencepake teken banjur langsung metu sumbere, ya wiwit iku daerah ing kana dijenengi
Sendang Agung amergi banyune iku ora bisa entek.
Paninggalan
sing unik saka masjid iku yaiku bentuk sirah barong sing disimpen ing duwure
langit-langit ing ngisor puncak utawa mustaka masjid. Barang iku di sedohna
nalika dina riyaya Kupatan. Amerga kupatan nduweni teges papat prakara yaiku
judi, zina, ombenan sing diharamne lan nyolong sing kudu didohi.
Nalika Raden Qasim lan Raden Nur Rahmat
bertapa ing pucuk Gunung, sangune iku beras sak liter ditambahi wedi sak liter.
Wong loro iku padha puwasane. Nanging sing Raden Qasim iku namung turu wae,
sing Raden Nur Rahmat iku saben bengine melek ae amerga sing diitung iku panganan
terus. Saben benggi beras sing dicampur wedi iku mau dipilehi sitok-sitok mari
ngono wedine iku disuntek maneh nang beras mau, tujuane ya namung siji ben
melek nek mileh beras iku mau. Banjur wong loro iku mau rembukan.
“Ah, seng kok
atur mok panganan ae!” Ujare Raden Qasim
“Lha, kowe pasa
kok turu ae, ya gak weruh apa-apa!” wangsulane Raden Nur Rahmat
“Yowis, ya.! Koe
malah mangan terus!”
“Mangan gak dadi
masalah sing penting yen ana apa-apa kan aku ngerti, Lha nek wong turu ngerti
saka ngendi?”
Raden Qasim ora
mangsuli.
Dadi
wong puwasa sing jejaya iku wong puwasa sing gelem melek. Merga weruh apa-apa, na
ning wong turu ae lha nandi ?. dadi saben dina penggaweyane Raden Nur Rahmat ya
kaya ngana iku mok ngatur panganan ae. Saben dina iku ngliwet ndek kendhil.
Saking judege weruh Raden Nur Rahmat ngliwet akhire kendhil mau disadok Raden
Qasim, kendhil sing disadok wau numplek akhire ing kono iku diarani “Gunung
Kendhil”.
Iku
mau ditangisi kaliyan Raden Nur Rahmat. “Cah, wong saben dina tak gawe ngliwet
kok disadok, cah.. cah.. terus aku piye nek arep ngliwet?”. Dadi kendhil sing
temumplek iku mau diangisi lan diteleti idune.
Sedasa
tahun sing kepungkur kendhil sing temumplek ing pucuk Gunung iku mau isih ana.
Nanging saiki wis ora ana amerga kelakuane manungsa ya kaya ngono iku. Lemah
dikeruk digawe garap omah utawa ngurok dalan.
Sejatine
Raden Nur Rahmat iku wali lan ilmune ngungkuli wali-wali. Apa-apa sing dilakoni
iku nganeh-anehi. Nalika ngedekna masjid ngerti yen masjide iku durung lurus
kiblat, akhire digagahi dewe dibenakna supaya madep kiblat lurus. Ya nganggo
carane iku mau Raden Nur Rahmat nyebarake agama islam ing daerah Sendang
Paciran. yaiku gunakake ilmu pertanian lan ilmu bebersih iku.
Amerga
Raden Nur Rahmat olehe diuji Raden Qasim, akhire Raden Nur Rohmat diwenehi
gelar SUNAN. Dados wiwit saiki Raden Nur Rahmat iku nduweni gelar Sunan Sendang
sing panggone wonten ing pucuk gunung Hamin Tunon kecamatan Paciran Kabupaten
Lamongan.
Pas
dina jum’at kliwon mapan ing Sendang Raden Nur Rahmat nikah kaliyan Raden Ayu Tilarsih
saka Sunan Kudus. Lan gadahi anak 6. Dadi keturunane Raden Nur Rahmat iku
keturuane Sunan Kudus.
Raden
Nur Rahmat iku sedha taun 1585. Lan maqome ana ing nduwur gunung Hamin Tunon
utawa ing Sunan Sendhang. Dadi aet saiki maqome iku diparani masyarakat, sing
diarani ziarah.
Taun
2014 iki haule Raden Nur Rahmat sing nomer 429. Biyasane yen haul iku
masyarakat sendang lan sekitare pada milu kabeh. Amerga kapengin olehe ngirim
doa kanggo Raden Nur Rahmat.
Raden
Nur Rahmat nggadah unen-unen “senenga
donya tapi aja lali sing gawe donya”, “mlakuha
dalan kang benar, ilinga wong kang sak burimu”.
Narasumber:
1. Abdul
Chayi, lahir ing Lamongan, 25 Mei 1947. Alamat: Payaman Solokuro Lamongan
Jatim. Panjenengane umur 67 taun. Makarya dadi petani.
2. Adlim.
Alamat: Solokuro Lamongan Jatim. Umur 30 tahun, panjenengane makarya dadi
petani nanging nduweni keahlian ing bidang kesenian kentrung.
3. H.
Ach. Khusairi. Alamat: Solokuro-Lamongan-Jatim. Panjenengane umur 55 taun,
makarya dadi petani lan nduwei keahlian ing bidang kesenian kentrung.
4. KH.
Muhammad Maslur. Alamat: Sendang Duwur-Paciran-Lamongan Jatim. Umur 42 tahun, panjenengane
gadahi kedudukan dadi juru kunci utama Sunan Sendang Paciran. Lan kalebu
keturunan Raden Nur Rahmat.
5. Muhammad
Syueb. Alamat: Sendang Duwur-Paciran-Lamongan Jatim. Panjenengane umur 38 taun,
makarya dadi guru agama MA Al-Muhtadi Sendang Paciran lan uga makarya dadi
petani. Panjenengane nggadahi kedudukan dadi juru kunci I Sunan Sendang.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar