Jumat, 28 November 2014

Tari Mayang Madu



Tari mayang madu yaiku tari kang nyritakake salah sawijining wali yaiku Sunan Drajat kang nyebarake agama islam ing pesisir lor, ing desa Drajat Lamongan. Tarian iki nggunakake rebana, musik gamelan Singa Mengkok lan alunan lagu sholawat. Tarian iki bisa ditampilake ijen, kelompok, utawa masal. Nanging biyasane sak kelompok ana lima penari, kang nggambarake perintah sholat lima wektu. Tarian iki nduweni konsep islami lan tradisonal. Kang diilhami saka kegigihan sunan drajat kang ngenalna agama islam ing para masyarakat Drajat.
            Latar belakang sunan drajat nggunakake seni iki amerga pas wektu iku akeh kang manut agama hindhu budha lan pengaruh saka kerajaan majapahit. Harapan sunan drajat anane tarian mayang madu supaya masyarakat tergugah atine kanggo melbu islam manut ajarane sunan drajat.
            Nama tari mayang madu dijumok saka sejarah Raden Qasim kang mandhegani lan menehi teladan kang apik kanggo panguripan ing desa Drajat Paciran. Banjur Raden Fattah menehi gelar nang Raden Qasim “Sunan Mayang Madu”, banjur tarian kuwi dijenengi Tari Mayang Madu. Tarian iki ditampilna nalika mengeti maulud nabi, suranan, lan liya-liyane.
            Busana tari mayang madu yaiku krudhung polos, hiasan krudhung, suweng, klambi lengen dhawa, sabuk, epek, kemben, rok dawa, lan clana.
            Keunikan saka tarian mayang madu yaiku improvisasi saka gerak bagian kawitan, gerak tari kang nggunakake lagu sholawatan, musik gamelan lan alunan sholawat dipadu kaliyan musik rebana, busana kang diagem yaiku busana nuansa islami, lan sifat tarian lembut, gemulai lan pejuang.
Sumber:
http://suaralamongan.wordpress.com/budaya/tari-mayang-madu/

Tidak ada komentar:

Posting Komentar