Tradisi
upacara Nyadran inggih menika kegiatan rutin masyarakat desa Giyanti saben
tahun yaiku nalika siji Suro. Miturut sesepuh desa upacara Nyadran mesti di
pengeti kalian masyarakat Desa Giyanti kanggo wujud rasa syukur amerga keberkahan
lan keselametan. Saderenge adicara nyadran biyasane masyarakat mbukak omahe
kanggo adicara anjangsana lan silaturrahmi kanthi tujuwan supaya raket kaliyan
tangga sakiwa tengene.
Upacara
Nyadran diwiwiti kanthi:
1. Nyadran
ing makam
Nyadran
nggadahi arti nekani makam leluhur kang dikeramatna. Inggih menika makam
leluhur utawa pendhiri desa Giyanti. Kanthi gawa sesaji arupa tumpeng, endhog,
buah-buahan, kembang setaman, teh, kopi, lan dawet.
2. Tenongan
Tenongan
inggih menika wadah kang digawe saka anyaman pring (bambu), digawe wujud bunder
lan nduweni tutup bunder. Tenongan iki kanggo wadah panganan jajan pasar utawa
pala pendhem kayata pohung, kacang brol, tales, gembili, lan liyane. Lan
panganan kayata sega, lawuh, bubur, jagung, krupuk, lan ketimun. Panganan kuwi
mau diwadahi tenongan banjur digawa kaliyan ibu-ibu lan para remaja estri
kanggo arak-arakan nyang pendhapa Desa.
3. Prosesi
Upacara ing Pendhapa Desa
Prosesi
upacara ing pendhapa desa diwiwiti kaliyan ndeleh sesaji ing ngisor wit ringin
ngarep pendhapa desa. Pohon ringin kuwi diyakini dadi panggonan leluhur utawa
danyang desa kang nduweni sumber banyu kang isih kasimpen dadi panggonan
keramat utawa punden.
4. Rakanan
Rakanan
yaiku ngebyarna panganan kang ana ing njero tenongan. Para warga bebas milih
panganan apa wae. Ing kana masyarakat padha rayahan panganan.
5. Festival
Emblek
Festival
Emblek yaiku seni kuda lumping. Kang nggambarna para prajurit. Biyasane ngamek
cerita Babad Kediri utawa Raden Panji Asmarabangun. Komposisi tari Emblek yaiku
ana pitung penari. Dipun pandhegani siji pasukan jaran lan enem dadi prajurit. Properti
kang digunakake kayata jaran kang digawe saka kepang (emblek). Senjata pedhang
lan tombak cilik.
6. Lenggeran
Kesenian
topeng lenggeran kang dadi tontonan lan tuntunan. Kesenian iki ditampilna
kaliyan Sanggar Seni Sekar Budhaya Wonosobo. Kesenian iki gabungan kaliyan tari
Emblek. Biyasane ditampilna ping loro yaiku nalika dalu lan awan. Penari kuwi
joget-joget banjur atraksi kesurupan mangan kembang setaman lan semprong.
7. Wayang
kulit
Wayang
kulit digelar ing adicara pungkasan inggih menika kanggo malam penutupan ing
ngarep omah Kades Giyanti. Wayang kulit iki dadi tontonan lan tuntunan
masyarakat Giyanti.
Sumber
:
http://www.javaisbeautiful.com/our-blog/nyadran-tenongan-ritual-giyanti-village-wonosobo-central-java-indonesia.html
Tidak ada komentar:
Posting Komentar