- Ontang-anting : anak siji lanang
- Unting-unting : anak siji wadon
- Uger-uger lawang : anak loro lanang kabeh
- Kembang sepasang : anak loro wadon kabeh
- Cukil dulit : anak telu lanang kabeh
- Gotong mayit : anak telu wadon kabeh
- Saramba : anak papat lanang kabeh
- Sarimpi : anak papat wadon kabeh
- Pandhawa : anak lima lanang kabeh
- Pancagati : anak lima wadon kabeh
- Kendhana-kendini : anak loro lanang wadon
- Sendhang kapit pancuran : anak telu, lanang-wadon-lanang
- Pancuran kapit sendhang : anak telu, wadon-lanang-wadon
- Keblat papat : anak papat lanang wadon
- Padangan : anak lima wadon siji
- Ipil-ipil : anak lima lanang siji
- Kembar : anak loro lair bareng
- Kembar gantung : bocah kembar laire sedina
- Dhampit : anak loro lanang wadon laire bareng
- Gilir kacang : anake giliran lanang wadon
- Lumpat kidang : anake akeh ora giliran lanang wadon
- Gendhong : anak wadon sing ana tengah-tengah anak lanang
- Pathok : anak lanang sing ana tengah-tengah anak wadon
- Grandhel : anak lanang pirang-pirang, sing wuragil wadon, utawa anak wadon pirang-pirang, sing wuragil lanang
- Anggana : anak akeh keri siji
- Cemani : anak ireng mulus
- Wungle, bule : anak putih mulus
- Gondhang kasih : anak loro bedha pakulitane
- Pembarep : anak sing nomer siji
- Penggulu : anak sing nomer loro
- Pandhadha : anak sing nomer telu
- Sumendhi : kakang wuragil
- Wuragil, waruju : anak sing keri dhewe
- Yatim : bocah lair wis ora menangi bapakne
- Lola : bocah lair wis ditinggal wong tuane
- Lola bapa (biyung) : bocah sing wis ora nduwe bapak
- Konduran : bocah lair sing ibune seda
- Sumala : bocah sing cacat wiwit lair
- Thok thing : bocah sing lair kanthi sirah cilik
- Julung kembang : bocah lair nalika srengenge mlethek
- Julung sungsang : bocah lair nalika bedhug awan
- Julung sarah : bocah sing lair ngarepake surup
- Julung caplok : bocah sing lair nalika surup
- Margana : bocah sing lair nalika ibune lelungan
- Wuyunga : bocah sing lair nalika perang
- Wahana : bocah sing lair nalika ana pasamuan
- Jempina : bocah sing lair durung titi mangsane
- Tiba sampir : bocah sing lair kalung usus
- Tiba ungker : lair ususe nggubed gulu
- Wungkul : bocah sing lair tanpa ari-ari
Sumber:
Daryanto.
S.S. Kawruh Bahasa Jawa Pepak.
Surabaya: APOLLO LESTARI.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar