Ing
sajarah Nuswantårå mångså antårå taún 1250 - 1450 iki ditandhani karo dhominasi
Måjåpait ing Jåwå Wétan. Aksårå Måjåpait iki ugå nudúhaké pangarúh såkå gaya
panulisan ing róntal lan rupané éndhah. Gayané sêmu kaligrafis.
Tuladha
utåmå gaya panulisan aksara iki bisa paling bêcík didêlêng ing Prasasti
Singhåsari 1351 sing gambaré ana ing sisih ndhuwur iki. Gaya panulisan aksårå
gaya Måjåpait iki wis nyêdhaki gaya modhèrn.
Aksårå Pasca-Måjåpait
Sawisé
jaman Måjåpait síng miturút tradhisi Jåwå nêgårå binêdhah ing taún 1478
(cåndråsangkalané sirnå ilang krêtaning bumi) nganti pungkasan abad kapíng 16
utåwå awal abad kapíng 17, kanggo sajarah aksårå Jåwå bisa diarani "jaman
pêtêng". Amêrgå sawisé iku nganti awal kapíng 17 mèh ora ditêmókaké bukti
panulisan. Ujug-ujug bêntúk aksårå Jåwå dadi bêntuké síng modhèrn.
Sênadyan
mêngkono ugå ditêmókaké prasasti síng wigati amêrgå dianggêp dadi "missing
link" antårå aksårå Hånåcåråkå såkå jaman Jåwå Kunå lan aksårå Budå síng
isíh diênggo ing Tanah Jåwå, utamané ing sakiwa-têngêning Gunúng Mêrapi lan
Mêrbabu nganti abad kaping 18.
Prasasti
síng diómóngaké iki diarani Prasasti Ngadóman síng ditêmókaké cêdhak Sålåtigå. Nangíng
tuladha aksårå Budå síng paling tuwå didugå asalé såkå Jåwå Kulón lan
ditêmókaké ing naskah-naskah síng ngamót Kakawin Arjunawiwaha lan Kunjarakarna
gancaran.
Sumber:
http://ki-demang.com/index.php/sejarah-hanacaraka/671-04-aksara-majapait
Tidak ada komentar:
Posting Komentar