Aksårå
Pallawa iku asalé såkå India sisíh kidúl. Jênís aksårå iki digunakaké ing
kiwå-têngêné abad kapíng 4 lan abad kapíng 5. Búkti kapisan panganggonan jênís
aksårå iki ing Nuswantårå ditêmókaké ing pulo Kalimantan sisíh wétan ing cêdhak
tlatah síng saiki diarani Kutai.
Banjúr
aksårå iki ugå digunakaké ing pulo Jawa ing Tatar Sundhå ing prasastiné
Tarumanêgara síng katulis ing kiwå-têngêné taun 450. Ing Tanah Jåwå dhéwé
aksårå iki kagunakaké ing Prasasti Túk Mas lan Prasasti Canggal.
Aksårå
Pallawa iki biså dianggêp babóníng kabèh aksårå ing Nuswantårå, kalêbu aksårå
Hånåcåråkå. Yèn didêlêng aksårå Pallawa iki rupané makothak-kothak. Ing basa
Inggrís prêkårå iki diarani nganggo ukara “box head” utåwå “square head-mark”.
Banjúr mèh kabèh aksårå tinulís nganggo åpå síng kasêbút måwå istilah serif.
Serif-é tinulis ing sisíh kiwå.
Sênadyan
aksårå Pallawa wís ditêpangi ing Nuswantårå wiwít abad kapíng 4, nangíng båså
Nuswantårå asli durúng ånå síng katulis ing aksårå iki.
Aksårå Kawi Wiwitan
Prabédan
antårå aksårå Kawi Wiwitan karo aksårå Pallawa iku utamané gayané. Aksårå Pallawa iku kêtårå yèn
sawijiníng aksara monumèntal síng kanggo nulís ing watu. Aksårå Kawi Wiwitan katóné utamané aksårå síng kanggo nulís ing
róntal lan mulané bêntúké dadi luwih kursif.
Aksårå
Kawi Wiwitan digunakaké antara taun 750 nganti 925. Prasasti-prasasti sing
katulís ing aksårå Kawi Wiwitan cacahé akèh, kurang luwíh 1/3 (sapratêlón) såkå
kabèh prasasti síng ditêmókaké ing pulo Jåwå.
Ing
Tanah Jåwå, aksårå iki palíng tuwå ditêmókaké ing Prasasti Plumpungan (cêdhak
Sålåtigå) síng kurang luwíh ditulís ing taún 750. Prasasti iki isíh ditulís ing
båså Sangskrêta.
Aksårå Kawi Pungkasan
Kira-kira
sawisé taún 925, pusat kakuwasan ing pulo Jåwå dadi pindhah ing Jåwå Wétan. Pangalihan kakuwasan iki uga katón
pangaruhé ing jênisíng aksårå síng kanggo.
Mångså aksårå Kawi Pungkasan iki kirå-kirå såkå taún 925 nganti 1250.
Sajatiné aksårå Kawi Pungkasan ora béda akèh ing wujudé karo aksårå Kawi
Wiwitan, namúng gayané waé sing dadi rådå séjé.
Ing
sisi liyå, gaya aksårå síng kanggo ing Jåwå Wétan sadurungé taún 925 uga wís
bédå karo gaya ing Jawa Têngah. Dadi
katóné prabédan iki ora namúng prabédan ing wêktu waé nanging uga ing papan.
Ing
mångså iki biså dibédakaké papat gaya aksårå sing bédå-bédå:
- Aksårå Kawi Jåwå Wétanan såkå taún 910 – 950.
- Aksårå Kawi Jåwå Wétanan såkå jaman prabu Airlangga (1019 - 1042).
- Aksara Kawi Jåwå Wétanan Kêdhiri (kurang luwíh 1100 - 1220).
- Aksara têgak (quadrate script) isíh såkå mångså Kêdhiri (1050-1220).
Sumber:
http://ki-demang.com/index.php/sejarah-hanacaraka/670-03-aksara-pallawa
http://ki-demang.com/index.php/sejarah-hanacaraka/670-03-aksara-pallawa
Tidak ada komentar:
Posting Komentar