Sawisé
jaman Måjåpait, muncúl jaman Islam lan uga jaman Kolonialismê Kulón ing Tanah
Jawa. Ing jaman iki banjúr muncúl naskah-naskah manuskrip kapisan síng wís
nganggo aksårå Hånåcåråkå Anyar.
Naskah-naskah
iki ora namúng katulís ing gódhóng palêm (róntal utawa nipah) manèh, nangíng
ugå ing dluwang utawa kêrtas lan awujúd buku utåwå codex ("kodhèks").
Naskah-naskah iki ditêmókaké ing tlatah pasisir lór Jåwå lan pådhå digawani
mênyang Eropah ing abad kapíng 16 utåwå 17.
Bêntuké
aksårå Hånåcåråkå Anyar iki wís bédå karo aksårå sadurungé kayåtå aksårå
Måjåpaitan. Prabédan utåmå iku anané serif tambahan ing aksara Hånåcåråkå
Anyaran. Aksårå-aksårå Hånåcåråkå awal iki bêntúké mèmpêr kabèh såkå Bantên ing
sisíh kulón nganti têkan Bali. Nangíng banjúr akiré pirang-pirang tlatah ora
nganggo aksårå Hånåcåråkå lan pindhah nganggo Pégón lan aksårå Hånåcåråkå gaya
Surakartan síng dadi baku. Nangíng saka kabèh aksårå iku, aksara Bali síng
bêntúké têtêp padha nganti ing abad kapíng 20.
Aksårå Hånåcåråkå ing médhia céthak
Aksårå
Hånåcåråkå wiwít digunakaké kanggo nyithak buku ing púrwané abad kapíng 19. Tèknik
médhia cithak wiwít ditêpangi púrwané ing Eropah ing têngahé abad kapíng 15 ing
kiwå-têngêné tahún 1450.
Síng
kapisan ngriptå iku Johannes Gutenberg såkå Jêrman. Måwå sistém Gutenberg iki,
dadi sawijiníng tèks ora usah ditulís måwå tangan manèh déníng sawijiníng juru
tulís nangíng bisa dicithak. Akibaté buku-buku biså diprodhúksi massal lan
éwadéné biså diêdól luwíh murah lan panyêbarané luwíh jêmbar.
Bångså
Éropah wís pådhå nêkani Nuswantårå wiwít taun 1511, lan manyinaóni båså-båså
pribumi ing tlatah kéné, nangíng gagasan kanggo nyithak buku-buku måwå aksårå
pribumi lagi muncúl ing purwané abad kapíng 19. Sadurungé ånå aksårå síng
marêmi brayat umúm, ana sawêtårå gagasan-gagasan síng muncúl prêkårå aksårå
Jåwå cithak síng apík såkå sumbêr síng séjé-séjé.
Ing
kålå sêmono pangriptå aksårå Jåwå cithak iki dadi diprakarsani déníng kêlómpók
síng séjé-séjé yaiku: Raffles, pamaréntah Hindhia-Walåndå, kaúm panyêbar agåmå
Kristên (zending), lan pårå ngèlmuwan.
Kanggo
aksårå Hånåcåråkå Jåwå, priyayi síng kapisan nggawé cithakan aksårå Hånåcåråkå
iku Thomas Stamford Raffles ing bukuné síng misuwúr The History of Java
(Raffles 1817). Nangíng aksårå cithak Jåwå iki namúng kanggo ilustrasi ing
bukuné waé, ora kanggo nyithak tèks síng akèh.
Van Vlissingen
Sawisé
iku ing taún 1820, kêpala Algemeene Secretarie ing Batavia, J.C. Baud mutúsaké
supåyå ånå mêsín cithak måwå aksårå Jåwå. Baud banjúr awèh paréntah marang
sawijiníng pakar båså Jåwå Walanda síng nalika iku manggón ing Suråkårtå, P.
van Vlissingen supåyå biså ngrancang sawijiníng aksårå cithak síng praktis tur
apik. Van Vlissingen sarujúk lan nggawé sawijiníng modhèl aksarané. Nangíng
dhèwèké ing taún 1821 mulíh mênyang Walåndå.
Sênadyan
mêngkono pårå pênggêdhé ing Batavia sênêng marang rancangané lan Van Vlissingen
síng wís ing Walåndå dikirim layang supåyå nêrusaké gayuhé. Banjúr wusanané ing
Juni 1825 aksårå cithak iki têkan ing Batavia. Wóng-wóng ing kånå pådhå sênêng
amêrgå aksarané biså kanggo nyithak tulisan tênanan lan tuladhané yå aksårå
síng kaanggêp apík dhéwé kålå iku: aksårå Hånåcåråkå gaya kêratónan Suråkårtå.
Nangíng sênadyan mêngkono ugå ånå kritik marang aksårå cithak iki. Aksarané
kêcilikên ukurané minångkå rélatif lan akèh pådå-pådå såhå sandhangan síng ora
mèlu kacipta dadi aksårå iki ora bisa kanggo nyithak tèks-tèks kasusastran,
namúng kanggo nyithak tèks-tèks biyåså waé ing koran.
Kamångkå
rêncanané mbiyèn olèhé nggawé aksårå cithak iku supåyå bisa nyithak buku-buku
kasusastran
Brückner
Banjúr
kurang luwíh ing mångså síng pådhå ånå sawijiníng juru dakwah Protèstan
(Walanda zendeling) såkå Jêrman ajênêng Gottlob Brückner síng nduwé kapénginan
nêrjêmahaké Alkitab ing båså Jåwå. Brückner wís manggón wiwít taún 1814 ing
Sêmarang. Alíhbåså Alkitabé wís rampúng ing taún 1821, banjúr dhèwèké kêpéngín
nyithak naskahé lan takón mênyang pamaréntah kolonial åpå bisa nggawé mêsín
cithak aksårå Jåwå ora. Nangíng suwé ora olèh réaksi wusanané dhèwèké nggawé
aksara cithakan dhéwé síng rampúng ing taún 1831. Aksarané iki saliyané kanggo
nyithak pratélan Alkitabé, uga diênggo nyithak pamflèt-pamflèt Kristên síng
diêdúmaké ing Sêmarang taún 1831.
Ing
Sêmarang pårå pêdunúng pribumi tibaké sênêng bangêt marang tulisané nganti
pamaréntah kolonial dadi wêdi lan mbêslah åpå síng turah. Banjúr Brückner ugå
olèh pèngêtan yèn Alkitab-Alkitabé ugå bakal dibêslah yèn diêdúmaké.
Wujúd
aksårå Jåwå gaya Brückner iki ditliti déníng pårå pakar sastrå Jåwå kålå iku
yaiku C.F. Winter lan J.F.C. Gericke. Pårå pakar iki kúrang sênêng marang
modhèl aksarané Brückner amêrga kaanggêp dudu cangkókan gaya Kêratón Suråkartan
síng kålå iku kaanggêp apík dhéwé.
Roorda van Eysinga lan Radèn Saleh
Roorda
van Eysinga, sawijiníng pakar sastrå Jåwå ing nêgårå Walåndå uga tau ditugasi
nggawé aksara cithak. Roorda van Eysinga banjúr ngrancang sawijiníng aksårå,
rinéwangan déníng Radèn Salèh.
Aksårå
riptan Roorda van Eysingan iki rampúng ing taún 1835. Nangíng kasilé dikritik
amêrgå rupané isíh ålå lan wujúdé wujúd aksårå pêsisiran, dudu aksårå gaya
Suråkartan.
Roorda
Taco
Roorda iku síng kapisan biså nggawé aksårå Jåwå síng biså dianggêp suksès
amêrgå aksarané ditampa déning pårå pakar sajaman lan têtêp diênggo nganti
luwih saka 100 taún.
Aksårå
Roorda iki rampúng ing taún 1838. Taco Roorda iku sajatiné pakar båså Wétan
Têngah kaya ta båså Ibrani, budaya Wétan Têngah, såhå tafsir Prajanjian Lawas. Nangíng
dhèwèké dadi profésor båså lan sastrå Jåwå wiwít taún 1842 ing Delftsche
Academie, akadêmi studi ‘Hinda’ ing Delft. Sawisé lêmbaga iki dibubaraké ing
taún 1864, dhèwèké dadi profésor ing lêmbaga pênêrusé ing Leiden síng diarani
Rijksinstelling tot Opleiding van Indische Ambtenaren utåwå 'Lêmbaga Negårå
bagi Pêndidikan Pêgawai Nêgêri Hindia.
Roorda
dhéwé miturút panuturé dhéwé biså nggawé aksårå síng apík mêrgå bisa niliki lan
sinau såkå pêngalaman pårå pêndahulu-né. Saliyané iku dhèwèké biså nggambar
måwå apík, mulané bisa nggambar konsèp cithakan aksarané. Banjúr jênís aksårå
sing diênggo déníng Roorda iku jênisé pancèn têpat, yaiku aksårå Jåwå gaya
Karatón Suråkårtå síng kålå iku dianggêp apík dhéwé.
Sumber:
http://ki-demang.com/index.php/sejarah-hanacaraka/672-05-muncule-aksara-anyar-hanacaraka
Tidak ada komentar:
Posting Komentar