Aksårå Hånåcåråkå.
Aksårå
Hånåcåråkå ( utåwå ) iku sarupaníng aksårå síng kaanggo ing Tanah Jåwå lan
saubêngé kåyå tå ing Madurå, Bali, Lómbók lan ugå Tatar Sundhå.
Aksårå
Hånåcåråkå iku ugå diarani aksårå Jåwå nangíng sajatiné ukårå iki kurang srêg
amargå aksårå Jåwå iku warnané akèh saliyané iku aksårå iki ora namúng diênggo
nulís båså Jåwå waé. Aksårå iki uga diênggo nulís båså Sangskrêta, båså Arab,
båså Bali, båså Sundhå, basa Madurå, båså Sasak lan ugå båså Mêlayu.
Nangíng
ing artikêl iki ukårå Hånåcåråkå lan aksårå Jåwå diênggo loro-loroné lan yèn
ånå ukårå aksårå Jåwå síng dirujúk iku aksårå Hånåcåråkå. Aksårå Hånåcåråkå
kagólóng aksårå jinis abugida utåwå hibridha antårå aksårå silabik lan aksårå
alfabèt.
Aksårå
silabik iki têgêsé yèn sabên aksårå ugå nyandhang sawijiníng swårå. Hanacaraka
kalêbu kulåwargå aksårå Brahmi síng asalé såkå Tanah Hindhústan. Yèn bêntúké,
aksårå Hånåcåråkå ånå wís kåyå saiki wiwít minimal abad kapíng 17. Aksårå
Hånåcåråkå iki jênêngé dijupúk såkå limang aksårå wiwitané.
Étimologi lan lêgèndha asal
Aksårå
Hånåcåråkå jênêngé dijupúk såkå urutan limang aksårå wiwítan iki síng uniné
"hånå cåråkå". Urutan dhasar aksårå Jåwå nglêgêna iki cacahé ånå
róngpulúh lan nglambangaké kabèh foném båså Jåwå.
Urutan
aksårå iki kåyå mêngkéné:
hå
nå cå rå kå
då
tå så wå lå
på
dhå jå yå nyå
må
gå bå thå ngå
Urutan
iki uga biså diwåcå dadi ukårå-ukårå:
"Hånå
cåråkå" têgêsé "Ånå utusan"
"Dåtå
såwålå" têgêsé "Pådhå garêjêgan"
"Pådhå
jåyånyå" têgêsé "Pådhå digjayané"
"Mågå
båthångå" têgêsé "Pådhå dadi bathang".
Urutan
ukårå iki digawé miturút lêgèndha yèn aksårå Jåwå iku diastå déníng Aji Såkå
såkå Tanah Hindhústan mênyang Tanah Jåwå. Banjúr Aji Såkå ngarang urutan aksårå
kåyå mêngkéné kanggo mèngêti róng pånåkawané síng sêtyå nganti pati: Dorå lan
Sêmbådå. Loroné mati amêrgå ora bisa mbúktèkaké dhawuhé sang ratu. Mulå Aji
Såkå banjúr nyiptakaké aksårå Hånåcåråkå supåyå biså kanggo nulís layang.
Caritané kåyå mêngkéné:
Kacaritå
ing jaman mbiyèn ånå wóng såkå Tanah Hindhústan anóm jênêngé Aji Såkå. Dhèwèké
putrané ratu, nangíng kêpéngín dadi pandhitå síng pintêr. Kasênêngané mulang
kawrúh rupå-rupå. Dhèwèké banjúr péngín lunga mêncaraké ngèlmu kawruh ing Tanah
Jåwå. Banjúr anuju sawijiníng dinå Aji Såkå sidå mangkat mênyang Tanah Jåwå,
karo abdiné papat síng jênêngé Dugå, Prayogå, Dorå lan Sambådå. Barêng têkan
ing Pulo Majêthi pådhå lèrèn. Aji Såkå banjúr nilar abdiné loro; Dorå lan
Sambådå ing púlo iku. Déné Aji Såkå karo Dugå lan Prayogå arêp njajah Tanah
Jåwå dhisík.
Dorå
lan Sambådå diwêlíng orå olèh lungå såkå kana. Saliyané iku abdi loro wau
dipasrahi kêrís pusakané, didhawuhi ngrêkså, ora olèh diêlúngaké marang
såpå-såpå. Aji Såkå banjúr tindak karo abdiné loro mênyang ing Tanah Jåwå.
Njujúg ing nêgårå Mêndhang Kamolan. Síng jumênêng ratu ing kono ajêjulúk Prabu
Déwåtå Cêngkar. Sang prabu iku sênêngané dhahar dagingé wóng. Kawulané akèh
síng pådhå wêdi banjúr pådhå ngalíh mênyang nêgara liya. Patihé ngaran Kyai
Tênggêr.
Kacarita
Aji Såkå ånå ing Mêndhang Kamolan jumênêng guru, wóng-wóng pådhå mlêbu dadi
siswané. Pårå siswané pådhå trêsna marang Aji Såkå amêrga dhèwèké sênêng
têtulúng. Nalika sêmana Aji Såkå móndhók nèng omahé nyai råndhå Sêngkêran dipèk
anak karo nyai råndhå. Kyai patíh karo nyai råndhå iyå wís dadi siswané Aji
Såkå.
Anuju
sawijiníng dinå sang prabu Déwåtå Cêngkar dukå bangêt ora wóng manèh síng biså
didhahar. Aji Såkå banjúr sagúh dicaósaké sang nåtå dadi dhaharané. Sang nyai
råndhå lan patíh dadi kagèt bangêt. Nangíng Aji Såkå cêlathu yèn wóng loro iku
ora usah kuwatír yèn dhèwèké ora bakal mati. Banjúr Aji Såkå diatêraké ngadhêp
prabu Déwata Cêngkar. Prabu Déwåtå Cêngkar yå rumångså éman lan kêrså ngangkat
Aji Såkå dadi priyayi, nangíng Aji Såkå ora gêlêm. Ånå siji panyuwuné, yåiku
nyuwún lêmah saikêt jêmbaré. Síng ngukúr kudu sång prabu dhéwé.
Sang
prabu Déwåtå Cêngkar iyå banjúr nglilani. Nuli wiwít ngukúr lêmah diastå dhéwé.
Ikêté Aji Såkå dijèrèng. Ikêté tansah mulúr baé, dadi åmbå sêrtå dåwå. Iya
dituti waé déníng sang prabu. Nganti nótóg ing sêgårå kidúl. Barêng wís mèpèd
ing pinggír sêgårå, ikêté dikêbútaké. Déwåtå Cêngkar katút mlêsat kêcêmplúng
ing sêgårå. Malíh dadi båyå putíh, ngratóni saisiníng sêgårå kidúl. Wóng-wóng
ing Mêndhang Kamolan pådhå bungah. Awít ratuné síng diwêdèni wís sírnå. Sêka
panyuwuné wóng akèh. Aji Saka nggantèni jumênêng ratu ånå ing nêgårå Mêndhang
Kamolan ajêjulúk Prabu Jåkå, iya prabu Widåyåkå. Déné patihé isíh lêstari kyai
patíh Tênggêr. Si Dugå lan si Prayogå didadèkaké bupati, ngarané tumênggúng
Dudugå lan tumênggung Prayogå. Sang prabu Jåkå, iyå sang prabu Widåyåkå nimbali
si Dorå lan si Sambadå.
Kacarita
sang prabu Widåyåka, pinuju miyós siniwåkå. Diadhêp kyai patíh sartå pårå
bupati. Sang prabu kèngêtan abdiné síng didhawuhi ngrêkså pusåkå kêrís ånå ing
Pulo Majêthi. Ndangu marang Dudugå lan Prayogå kêpriyé wartané si Dorå lan si
Sêmbådå. Prayogå lan Dudugå ora bisa mangsuli awit wís suwé ora krungu åpå-åpå.
Kacarita
si Dorå lan si Sambådå sing kari ånå ing Pulo Majêthi. Wóng loro iku wís pådhå
krungu pawårtå manåwå gústiné wís jumênêng ratu ånå ríng Mêndhang Kamolan. Si
Dorå ngajak sowan nangíng si Sambådå ora gêlêm awít wêdi nêrak wêwalêré
gústiné, ora parêng lungå-lungå sêkå pulo Majêthi, yèn ora tinimbalan. Nangíng
si Dorå nékad arêp sowan dhéwé. Si Sambådå ditilapaké. Banjúr mangkat ijèn waé.
Ånå
ing dalan si Dorå kapêthúk karo tumênggúng Dudugå lan Prayogå. Utusan loro mau
banjúr diajak bali déníng si Dorå. Awit si Sambadå dijak ora gêlêm. Wóng têlu
banjúr sowan ing ngarsané sang prabu. Sang Prabu ndangu si Sêmbådå ånå ing
ngêndi lan diwangsuli yèn dhèwèké ora gêlêm diajak. Mirêng aturé si Dorå, sang
prabu dukå bangêt, lali dhawuhé dhéwé mbiyèn. Banjúr Dorå, didhawuhi bali
mênyang pulo Majêthi lan nimbali si Sambådå. Yèn mêkså ora gêlêm didhawuhi
dirampungi lan kêrisé dibalèkaké. Dorå sanalikå mangkat. Ing pulo Majêthi
kêtêmu karo Sêmbådå. Kåndhå yèn mêntas sowan gústiné. Saiki diutús nimbali si
Sambådå. Pusåkå kêrís didhawuhi nggåwå. Nangíng si Sambådå ora ngandêl marang
kandhané si Dorå. Banjúr pådhå padu ramé. Suwé-suwé pådhå kêkêrêngan, dêdrêg
ora ånå síng kalah, awít pådhå digdayané. Wasånå banjúr pådhå nganggo gaman
kêrís pådha gênti nyudúk. Wêkasan pêrangé sampyúh. Si Dorå lan si Sambådå pådhå
mati kabèh. Sang Prabu ngarêp-arêp têkané si Dorå. Wís sawêtårå suwéné têkå
durúng sowan-sowan mångkå didhawuhi énggal bali.
Sang
prabu nimbali tumênggúng Dudugå lån Pråyogå. Didhawuhi nusul si Dorå mênyang
pulo Majêthi. Sanalikå banjúr mangkat. Barêng Dudugå lan Prayogå wís têkå ing
pulo mau, kagèt bangêt déné si Dorå lan si Sambådå kêtêmu wís pådhå mati kabèh.
Tilasé mêntas pådhå kêkêrangan pådhå tatu kênå ing gaman. Pusåkå kêrís síng
dadi rêrêksan gumléthak ånå ing sandhingé. Pusåkå banjúr dijupuk arêp diatúraké
marang gústiné. Dudugå lan Prayogå banjúr bali sowan ing ngarsané gústiné lan
mratélaké kahanané.
Sang
Prabu Widåyåkå kagèt bangêt mirêng pawarané, awít pancèn kaluputané dhéwé wís
kêsupèn pandhawuhé. Banjúr sang prabu nganggít aksårå Jåwå nglêgêna kanggo
mèngêti abdiné loro iku.
Sumber:
Ki-demang.com
: Sutresna Jawa
http://ki-demang.com/index.php/sejarah-hanacaraka/668-01-sejarah-hanacaraka
Tidak ada komentar:
Posting Komentar