Minggu, 11 Januari 2015

Ma Lima (Guyonan Punakawan)

Debat-punakawan “Kang Petruk, Ma Lima kuwi apa ta ?”
“Ma sing jumlahe lima”
“Apa wae kuwi Kang ?”
“Ma Lima kuwi miturut Rama Semar, petuah para leluhur kanggo nglakoni urip bebrayan kanti ngadohi limang perkara Ma kuwi. Yen wis padha ngerti isa dienggo sebagai upaya mencegah, nek wis kebacut merebak ning masyarakat kudu diberantas, lan kanggo sing wis kadung nindakake kudu diobati, basa Ngalengkane masyarakat kudu ngupayake preventif, post facto lan kuratif.”
“Lha apa Ma sing lima kuwi ?”
“Ma lima kuwi : MAling, MAdat, MAin, MInum, MAdon. Lima perkara sing kudu dihindari, dienyahkan saka awake dhewe yen kepengin nggayuh urip sing bener lan pener.”
“Bisa dijelasake Kang”
“Maling, aja njupuk barang sing dudu duweke, dudu hak-e. Klebu korupsi cilik apa maneh wis em eman, kudu diadohi. Kowe aja sepisan pisan nyoba barang barang sing marakake fly, sing sejatine ngrusak awakmu dhewe kayata nyabu, narkoba, ekstasi lsp. Barang barang mau marakake nyandu, yen wis krasa enak pengin nyoba meneh lan meneh. Barang barang mau dudu solusi kanggo menyelesaikan masalah, malah njlomprongake awakmu ke jurang kesengsaraan. Ora ana wong sugih amarga main, judi. Kepengin sugih aja sepisan pisan nggunakake shortcut, jalan pintas melalui upaya untung-untungan. Kepengin sukses kudu makarya sing smart, aja mengharapkan emas sak-trek teka ning omah. Mabuk mabukan aja sepisan pisan mbok coba lan mbok tindakake. Lha iki kanggomu Gong. Aja seneng madon, njajan, lha wong sing ning omah ora entek entek. Sifate wong lanang kuwi nek ndelok ana sing luwih kempling luwih bening, terus tertarik lan pengin selingkuh. Lha kuwi mung polah tingkah nafsu sing ngojok ojoki awakmu kanggo selingkuh. Lha nek dipikir rasane ya padha wae. Rak iya mangkono ta Gong ?”
“Iya Kang. Ning aku nate krungu Ma LIma versi lain Kang.”
“Apa kuwi Gong?”
“Mlumah, Mengkurep, Modod, Mlebu, Metu”
“Lha kok ketoke rada-rada mengarah ngono Gong. Aja sing saru lho Gong”
“Kuwi nek pikirane wis ngeres disik. Kuwi ngemu maksud ngene Kang. Mlumah kuwi menghadap ke langit, kudu eling marang Pangeran pencipta dan penguasa alam semesta dan seisinya. Mengkurep kuwi posisi ndelok ngisor. Ning rumah tangga kudu fokus karo pasangane, ora oleh tergoda karo liyane sing ketoke luwih bening, kinyis kinyis, lha kuwi mung penampilan luar wae kok. Yen dirasakake sing ning omah pastine luwih mranani ati. Modod, kuwi kanggo pepeling yen manungsa kuwi kudu berusaha mengembangkan kompetensi kanggo meningkatkan kemampuan, keterampilan kanggo membina rumah tanggane. Mlebu. Orientasi pertama kudu keluarga sing penting. Terus baru Metu, membina hubungan baik karo masyarakat sekitare. Ngono Kang.”
“Elok tenan yen bisa dijadikan pedoman urip ya Gong”
“Ning kandane yu Mince putrane Lik Jono kae, Ma kuwi ora mung lima Kang.”
“Lha piye kuwi”
“Ma kuwi nganti akeh”
“Apa kuwi ?”
“Madep Mantep Mangan Melu Maratuwa, Maratuwa Mulya Mardika Melu Mukti, Maratuwa Macem Macem Mending Minggat, Maratuwa Mati Merana Melu Marisi.”
“Halah … kuwi dudu saka Yu Mince, pastine karanganmu dhewe ta?”
“He he he … ana maneh Kang. Malam MInggu Mantep Marani Mal, Mloka Mlaku Munggah Mudhun Maneh, Mlerak Mlerok Mbak Mbak Mbagusi, Maassss Maaasssss Mbok Makarya Mawon”

Sumber :
Seratan saka Paguyuban Pecinta Wayang (PPW).
http://tanahmemerah.wordpress.com/2014/02/12/mo-limo-guyonan-punokawan/#more-1949

Cerita Cekak Nalika Mobil Kuncine Kembar

Sakwise pembagian bonus akhir tahun, Ima tuku mobil MPV seri terbaru yen miturut dheweke body ngarepe apik banget memper kaya Camry. Sawijining dina pas wektu istirahat kantor, Ima lunga metu sakperlu jajan bakso malang komplet ning warung Bakso Bangjo. Ndilalahe pas parkir ning ngarep Bakso Bangjo, wis ana mobil liya sing padha persis jenise di parkir ning jejere mobile Ima.  Dadine mobil loro werna abu-abu kuwi jejer ning parkiran.
Sawise rampung mangan bakso, Ima balik meneh ning mobil. Dithokake kunci mobil, dibukak lawange, banjur Ima mlebu ning mobile. Wasan ning njero mobil, Ima kaget amarga isi mobile kok beda. Iki mesthi mobile wong liya sing diparkir jejer dheweke. Wah gawat iki! Mosok kunci mobile Ima bisa dinggo mbukak mobile wong liya!. Enggal-enggal Ima ngethokke handphone lan protes marang dealer sing dodol mobil.
Ima:
Piye tho Pak Quality Control panjenengan menika? Kok kunci mobilku bisa dinggo mbukak mobile wong liya?
Dealer:
Ah mosok mbak? Wiwit jaman pithik durung kathokan kunci mobil ki ya mung bisa dinggo mbukak siji mobil thok, ora bisa dinggo mobil liyane!
Ima:
Lha iki buktine! Aku saiki bisa mlebu mobile wong liya. Padahal aku ki dudu tukang sulap loh!
Dealer:
Okey Mbak! Tunggu disik yah. Sedilit mengkas teknisi teka mrono  ngecek mobile Mbak Ima.
Ima:
Cepet ya Pak! Yen sak kunci bisa dinggo bukak mobil liya rakyo bahaya ta! Mobilku bisa kleru karo mobile wong liya!
Dealer:
Iya Mbak. Teknisi wis meluncur menuju lokasi.
Sakwise sauntara wektu sing nduwe mobil wis rampung jajan bakso lan marani mobile. Dheweke kaget weruh ana Ima ning njero mobile. Ima banjur nerangake menawa dheweke salah mlebu mobil amarga kuncine ora spesifik, bisa dinggo bukak mobil liyane. Ima ngajak sing nduwe mobil bareng-bareng protes karo teknisi sing arep mara mbrene.
Ima:
Dadi ngoten ceritane pak. Kuncine panjenengan kalian kunci kula sajake sami. Mangke awake dhewe kudu bareng-bareng komplain marang Dealere nggih!
Sing nduwe mobil malah ngguyu kemekelen banjur celathu:
Heuheuheu... Mbak Mbaaak! Lah mesthi wae mbake bisa mlebu mobilku wong ora tak kunci je. Soale anakku lungguh ning jok mburi lagi maca komik. Lha niku bocahe sakmenika ngadek.
Dumadakan ning jok mburi njedul cah cilik sing ngguyu mringis lan ngruruhi Ima:
Halo Mbak Cantik. Sorry nggih, aku mau lagi asyik maca komik dadi mboten weruh Mbake mlebu mobil.

Sumber :
http://duniashinichi.blogspot.com/2012/07/cerita-cekak-lucu-basa-jawa-nalika.html

Cerita Cekak Tukang Golek Kayu sing Ragu-ragu

Ana sawijining pemburu sing kasil manah menjangan gedhi ning alas, banjur menjangan digendong arep digawa mulih. Ndilalahe neng tengah ndalan dheweke weruh Gajah lemu sing lagi leyeh-leyeh ning ngisor wit gori. Pemburu ngetokke tombak banjur nginceng Gajah lemu kuwi.  Ananging  sakdurunge tombak dioncalake, Gajahe tangi,  marani Pemburu terus nggubet awake pemburu nanggo tlalene. (Majda Yulianingrum)
Si Pemburu  diangkat banjur dioncalake sak kayange ngantek keceblung jurang. Nanging sakdurunge kontal, tombake pemburu sempat ditancepke ning jantunge Gajah.  Si Pemburu mati kejegur njurang,  nanging Si Gajah uga mati amarga jantunge kena tombake Pemburu.
Ora sakwetara suwe ana tukang golek kayu, jenenge Prendis sing mara ndana arep negor wit gori. Weruh ana bangke Menjangan lan Gajah dheweke dadi gumun. Wasan mikir-mikir dheweke ngira menawa Gajah lan Menjangan mesthi wae bar kerengan terus loro-lorone mati. Prendis pengen nggawa bali sungune Menjangan lan gadinge Gajah. Nanging dheweke ora kuwat  nggawa loro-lorone. Kudu milih salah siji.
Saiki Prendis bingung arep milih sing endi.  Sungu Menjangan apik banget yen dadi pajangan ning ngomah, nanging gading Gajah payu larang yen di dol ning kutho. Mengko nek nduwe duwit dheweke iso kelakon ngajak kanca-kancane sakdesa ngiras ning Bakso Bangjo, kidul Pasar Bantul. Wis suwe dheweke nduwe kepinginan jajan bakso malang sing komplet jenis baksone lan mantep rasane. Mbiyen wis tau ditraktir Pakdhene nang kono, saiki Prendis wis kangen banget pengen mangan meneh. Mengko mulihe dheweke bisa tuku sarung lan klambi anyar ning Toko Ijo Pasar Bantul.
Dasar Prendis, dheweke ketungkul wira-wiri ndelok menjangan, bar kuwi marani Gajah. Bingung nimbang-nimbang endi sing luwih nguntungake menawa digawa bali. Saking bingunge dheweke wira-wiri kawit awan nganti sore ora bisa mutuske. Penyebape amarga Prendis rumangsa abot kelangan salah sijine. Owel lega lila ngeculke salah siji. Majda Yulianingrum
Wayah lingsir wengi dumadakan ana suara Macan sero banget. Ayake Macan wis tangi turu terus ngambu ana daging sing siap dipangan. Prendis wedi banget krungu suara macan, banjur mlayu njrantal ninggalake gading gajah lan sungu menjangan.  Cita-citane arep njajakke kanca-kancane ning Bakso Bangjo kidul Pasar Bantul lan tuku klambi ning Toko Ijo ora sida kelakon amarga ketungkul ragu-ragu (Undil-2012).

Sumber :
http://duniashinichi.blogspot.com/2012/11/cerita-cekak-bahasa-jawa-tukang-kayu.html

Bawang Putih Lan Bawang Abang

Jaman biyen kuna, ana ing sawijine desa urip sakaluwarga yaiku rama, biyung lan cah ayu arane Bawang Putih. Kaluwarga mau dadi keluwarga sing bagyo. Nalika Ramane Bawang Putih pahalane mung dagang cilikan, nanging uripe rukun lan dame. Nanging sawijining dina biyunge Bawang Putih lara sing ora bisa ditulungi lan akhire ninggal dunia. Bawang Putih sedih pisan lan ramane uga.
Ing desa liya urip uga janda sing duwe anak sing arane Bawang Abang. Sawise biyunge Bawang Putih ninggal, biyunge Bawang Abang kerep maring omahe Bawang Putih. Biyunge sering nggawa panganan, rewangi Bawang Putih resik-resik umah utawa ngancani Bawang Putih lan ramane kandahan. Akhire ramane Bawang Putih kepikir mungkin lewih apik nek mbojo karo biyunge Bawang Abang supayane Bawang Putih ora dewekan maning. Mula kuwi ramane Bawang Putih mbojo karo biyunge Bawang Abang. Awal mulane biyunge Bawang Abang lan Bawang Abang ulate apik karo Bawang Putih. Nanging suwe-suwe sifat asline keton. Kae kerep ngomei Bawang Putih lan aweh pahalan abot nek ramane Bawang Putih uwis lunga dagang. Bawang Putih kudu lakoni kabeh pahalan umah, nanging Bawang Abang lan biyunge mung males-malesan. Ramane Bawang Putih ora ngerti tindakan mau, wong Bawang Putih ora tau wadul.
Sawijining ramane Bawang Putih lara lan ninggal dunia. Mulai Wektu kuwi Bawang Abang lan biyunge sing nguwasani kabeh lan gawe ulah semena-mena karo Bawang Putih. Bawang putih ora tau leren. Bawang Putih kudu uwis tangi nalika urung subuh, kanggo nyiapake banyu adus lan sarapan kanggo Bawang Abang lan biyunge. Banjur Bawang Putih kudu aweh pakan kanggo ternake, nyirami kebon lan masui klambi marang kali gedhe. Sawise banjur nggosok klambi, beberes omah, lan isih akeh pahalan liyane. Nanging Bawang Putih seneng lakoni pahalan kuwi, amarga Bawang Putih ngarepake sawijing dina biyung tirine bisa seneng karo dheweke kaya dene anake dhewek.
Esuk iki wis dadi biasane Bawang Putih nggawa keranjang isi klambi sing arep diwasuh ing kali. Karo nembang suara lirih mlaku dalan setapak ing pinggir hutan cilik sing biasa diliwati. Dina kuwi cuacane cerah banget. Bawang Putih cepet-cepet masui kabeh klambi kotor sing digawa. Saking asike, Bawang Putih ora sadar salah siji klambine keli kegawa arus. Siale klambi sing keli klambine biyung tirine sing paling disenengi. Pas sadar, klambine beyung tirine uwis keli adoh. Bawang Putih usaha nyusuri kali kanggo golet klambi mau, nanging ora ketemu. Karo putus asa bali omah banjur cerita karo biyung tirine.
"Dasar crobo!" bentak biyung tirine. "Aku ora peduli, pokoke ko kudu golet klambi kuwi! lan aja wani bali omah seurunge kowe nemokake. Ngerti.?!"
Bawang Putih kepaksa nuruti karepe biyung tirine. Bawang Putih gagean nusuri kali sing kanggo ngumbahi. Srengenge uwis mulai duwur, nanging Bawang Putih durung nemu klambi biyunge. Bawang Putih teliti nggolet klambi biyunge ing saben oyot sing nang pinggir kali, mbokan klambine biyunge kali nang kana. Uwis adoh mlaku lan srengenge wis nang kulon, Bawang Putih weruh tukang angon agi ngadusi kebone. Bawang Putih takon :"Paman, napa priksa wonten rasukan abrit ingkang keli teng riki? amargi kula kudu mekta wangsul rasukan menika."
"Iya cah ayu aku weruh, nek kowe ngolet cepetan, mungkin isih bisa ketemu," wangsulane paman.
"inggih paman, matur nuwun." Bawang Putih nimbali lan gagean mlayu maning nusuri kali.
Dina wis mulai peteng, Bawang Putih uwis putus asa. Sedela maning wengi, sekang kadoan keton cahya lampu sing asale saka omah gubug ing pinggir kali. Bawang Putih gagean mampir omah kuwi lan totok lawang.
"Kulanuwun...!salam Bawang putih. Wong wadon tuwa mbukak lawang.
"Sapa kowe nduk?" takon mbah kuwi.
"Kula Bawang Putih mbah. Wau kula madosi rasukan beyunge kula sing keli. Saniki sampun wengi. Angsal kula tilar teng mriki wengi niki.?" takon Bawang putih.
"Ulih nduk. Apa klambi sing kowe goleti warnane abang?" takon mbahe.
"Nggih mbah, Napa mbahe priksa?" takon Bawang Putih.
"Iya. Mau klambine nyangkut nang ngarep omahku. Sayang, padahal aku seneng klambi kuwi," si mbah ngomong.
"Ya aku pan mbelekna klambi kuwi, tapi cah ayu kudu ngancani aku seminggu nang kene. Uwis suwe aku ora tau kandahan karo sapa-sapa, kepriwe?" njaluke mbahe.
"nggih mbah, kula badhe rencangi mbahe seminggu, napa mbah mboten bosen kalih kula," jawab Bawang Putih kalih mesem.

Seminggu Bawang Putih manggon karo mbah kuwi. Saben dina Bawang Putih rewangi mbah pahal pahalan omah. Temtu mbah mau seneng. Wis seminggu, mbah nyeluk Bawang Putih.
"Nduk, wis seminggu kowe manggon nang kene. Lan aku seneng amarga kowe sregep lan ngabekti. Janjine aku kowe ulih nggawa bali klambi biyungmu. Lan siji maneh, koe ulih milih salah siji kang loro waluh iki kanggo hadiah," omonge mbahe. awale Bawang Putih moh nerima pawehe mbahe tapi dipaksa. Banjur Bawang Putih milih waluh sing cilik. "Kula wedos mboten kiat mbekta sing ageng," omonge Bawang Putih. Mbah mesem lan nganter Bawang Putih tekan ngarep omah.
Dung tekan omah, Bawang Putih ngewehna klambi abang gone biyung tirine, banjur Bawang Putih lunga neng dapur arep mbelah waluh kuning mau. Banget kagete Bawang Putih nalika waluk kuwi kebelah, njerone isine emas permata akeh banget. Bawang Putih njetit saking senenge lan aweh ngerti kejadian kuwi marang biyung tirine lan Bawang Abang karo serakah langsung ngrebut emas permata kuwi. Kabeh maksa Bawang Putih nyeritakake kepriye bisa olih hadiah ki. bawang Putih langsung cerita apa anane.
Ngrungu ceritane Bawang Putih, Bawang Abang lan biyunge nduweni rencana kanggo nglakokake apa sing lakokake Bawang Putih nanging saiki Bawang Abang sing pan mangkat. Bawang Abang langsung maring omah mbah tuwa nang pinggir kali. Kaya Bawang Putih, Bawang Abang dijaluki manggon seminggu kanggo ngancani. ora kaya Bawang Putih sing sregep, selama seminggu Bawang Abang gur males-malesan. Umpama pahal ya pahalane ora tau beres lan dipahali asal-asalan. Uwis seminggu mbah ngolihna Bawang Abang mulih.
"Bilih Mbah maringi waluh dateng kulokangge hadiah sampun ngrencangi seminggu?" takon Bawang Abang. Mbah mau kepaksa prentah Bawang Abag milih salah siji kang loro waluh sing ditawarake. Gagean Bawang Abang njimot waluh sing gedhe lan tanpa ngucapaken maturnuwun, mbah geleng-geleng trus lunga.
Tekan omah Bawang abang langsung nemoni biyunge lan karo senenge ndelengaken waluh sing digawa. Amarga wedi Bawang Putih njaluk bagian, prentah Bawang Putih lunga ning kali. Banjur ora sabar waluh dibelah. Nanging udu emas permata sing metu seka waluh kuwi, nanging kewan-kewan wisanen kaya ula, kalajengking lan liyane. Kewan-kewan mau langsung nyerang Bawang Abang lan biyunge kanthi mati. Kuwi walesan kanggo wong sing serakah.

Sumber :
http://kumpulanceritajawa.blogspot.com/2009/03/bawang-abang-bawang-putih.html