Jaman
biyen kuna, ana ing sawijine desa urip sakaluwarga yaiku rama, biyung lan cah
ayu arane Bawang Putih. Kaluwarga mau dadi keluwarga sing bagyo. Nalika Ramane
Bawang Putih pahalane mung dagang cilikan, nanging uripe rukun lan dame.
Nanging sawijining dina biyunge Bawang Putih lara sing ora bisa ditulungi lan
akhire ninggal dunia. Bawang Putih sedih pisan lan ramane uga.
Ing
desa liya urip uga janda sing duwe anak sing arane Bawang Abang. Sawise biyunge
Bawang Putih ninggal, biyunge Bawang Abang kerep maring omahe Bawang Putih.
Biyunge sering nggawa panganan, rewangi Bawang Putih resik-resik umah utawa
ngancani Bawang Putih lan ramane kandahan. Akhire ramane Bawang Putih kepikir
mungkin lewih apik nek mbojo karo biyunge Bawang Abang supayane Bawang Putih
ora dewekan maning. Mula kuwi ramane Bawang Putih mbojo karo biyunge Bawang
Abang. Awal mulane biyunge Bawang Abang lan Bawang Abang ulate apik karo Bawang
Putih. Nanging suwe-suwe sifat asline keton. Kae kerep ngomei Bawang Putih lan
aweh pahalan abot nek ramane Bawang Putih uwis lunga dagang. Bawang Putih kudu
lakoni kabeh pahalan umah, nanging Bawang Abang lan biyunge mung males-malesan.
Ramane Bawang Putih ora ngerti tindakan mau, wong Bawang Putih ora tau wadul.
Sawijining
ramane Bawang Putih lara lan ninggal dunia. Mulai Wektu kuwi Bawang Abang lan
biyunge sing nguwasani kabeh lan gawe ulah semena-mena karo Bawang Putih.
Bawang putih ora tau leren. Bawang Putih kudu uwis tangi nalika urung subuh,
kanggo nyiapake banyu adus lan sarapan kanggo Bawang Abang lan biyunge. Banjur
Bawang Putih kudu aweh pakan kanggo ternake, nyirami kebon lan masui klambi
marang kali gedhe. Sawise banjur nggosok klambi, beberes omah, lan isih akeh
pahalan liyane. Nanging Bawang Putih seneng lakoni pahalan kuwi, amarga Bawang
Putih ngarepake sawijing dina biyung tirine bisa seneng karo dheweke kaya dene
anake dhewek.
Esuk
iki wis dadi biasane Bawang Putih nggawa keranjang isi klambi sing arep diwasuh
ing kali. Karo nembang suara lirih mlaku dalan setapak ing pinggir hutan cilik
sing biasa diliwati. Dina kuwi cuacane cerah banget. Bawang Putih cepet-cepet
masui kabeh klambi kotor sing digawa. Saking asike, Bawang Putih ora sadar
salah siji klambine keli kegawa arus. Siale klambi sing keli klambine biyung
tirine sing paling disenengi. Pas sadar, klambine beyung tirine uwis keli adoh.
Bawang Putih usaha nyusuri kali kanggo golet klambi mau, nanging ora ketemu.
Karo putus asa bali omah banjur cerita karo biyung tirine.
"Dasar
crobo!" bentak biyung tirine. "Aku ora peduli, pokoke ko kudu golet
klambi kuwi! lan aja wani bali omah seurunge kowe nemokake. Ngerti.?!"
Bawang
Putih kepaksa nuruti karepe biyung tirine. Bawang Putih gagean nusuri kali sing
kanggo ngumbahi. Srengenge uwis mulai duwur, nanging Bawang Putih durung nemu
klambi biyunge. Bawang Putih teliti nggolet klambi biyunge ing saben oyot sing
nang pinggir kali, mbokan klambine biyunge kali nang kana. Uwis adoh mlaku lan
srengenge wis nang kulon, Bawang Putih weruh tukang angon agi ngadusi kebone. Bawang
Putih takon :"Paman, napa priksa wonten rasukan abrit ingkang keli teng
riki? amargi kula kudu mekta wangsul rasukan menika."
"Iya
cah ayu aku weruh, nek kowe ngolet cepetan, mungkin isih bisa ketemu,"
wangsulane paman.
"inggih
paman, matur nuwun." Bawang Putih nimbali lan gagean mlayu maning nusuri
kali.
Dina
wis mulai peteng, Bawang Putih uwis putus asa. Sedela maning wengi, sekang
kadoan keton cahya lampu sing asale saka omah gubug ing pinggir kali. Bawang
Putih gagean mampir omah kuwi lan totok lawang.
"Kulanuwun...!salam
Bawang putih. Wong wadon tuwa mbukak lawang.
"Sapa
kowe nduk?" takon mbah kuwi.
"Kula
Bawang Putih mbah. Wau kula madosi rasukan beyunge kula sing keli. Saniki
sampun wengi. Angsal kula tilar teng mriki wengi niki.?" takon Bawang
putih.
"Ulih
nduk. Apa klambi sing kowe goleti warnane abang?" takon mbahe.
"Nggih
mbah, Napa mbahe priksa?" takon Bawang Putih.
"Iya.
Mau klambine nyangkut nang ngarep omahku. Sayang, padahal aku seneng klambi kuwi,"
si mbah ngomong.
"Ya
aku pan mbelekna klambi kuwi, tapi cah ayu kudu ngancani aku seminggu nang
kene. Uwis suwe aku ora tau kandahan karo sapa-sapa, kepriwe?" njaluke
mbahe.
"nggih
mbah, kula badhe rencangi mbahe seminggu, napa mbah mboten bosen kalih kula,"
jawab Bawang Putih kalih mesem.
Seminggu
Bawang Putih manggon karo mbah kuwi. Saben dina Bawang Putih rewangi mbah pahal
pahalan omah. Temtu mbah mau seneng. Wis seminggu, mbah nyeluk Bawang Putih.
"Nduk,
wis seminggu kowe manggon nang kene. Lan aku seneng amarga kowe sregep lan
ngabekti. Janjine aku kowe ulih nggawa bali klambi biyungmu. Lan siji maneh,
koe ulih milih salah siji kang loro waluh iki kanggo hadiah," omonge
mbahe. awale Bawang Putih moh nerima pawehe mbahe tapi dipaksa. Banjur Bawang
Putih milih waluh sing cilik. "Kula wedos mboten kiat mbekta sing
ageng," omonge Bawang Putih. Mbah mesem lan nganter Bawang Putih tekan
ngarep omah.
Dung
tekan omah, Bawang Putih ngewehna klambi abang gone biyung tirine, banjur
Bawang Putih lunga neng dapur arep mbelah waluh kuning mau. Banget kagete
Bawang Putih nalika waluk kuwi kebelah, njerone isine emas permata akeh banget.
Bawang Putih njetit saking senenge lan aweh ngerti kejadian kuwi marang biyung
tirine lan Bawang Abang karo serakah langsung ngrebut emas permata kuwi. Kabeh
maksa Bawang Putih nyeritakake kepriye bisa olih hadiah ki. bawang Putih
langsung cerita apa anane.
Ngrungu
ceritane Bawang Putih, Bawang Abang lan biyunge nduweni rencana kanggo
nglakokake apa sing lakokake Bawang Putih nanging saiki Bawang Abang sing pan
mangkat. Bawang Abang langsung maring omah mbah tuwa nang pinggir kali. Kaya
Bawang Putih, Bawang Abang dijaluki manggon seminggu kanggo ngancani. ora kaya
Bawang Putih sing sregep, selama seminggu Bawang Abang gur males-malesan.
Umpama pahal ya pahalane ora tau beres lan dipahali asal-asalan. Uwis seminggu
mbah ngolihna Bawang Abang mulih.
"Bilih
Mbah maringi waluh dateng kulokangge hadiah sampun ngrencangi seminggu?"
takon Bawang Abang. Mbah mau kepaksa prentah Bawang Abag milih salah siji kang
loro waluh sing ditawarake. Gagean Bawang Abang njimot waluh sing gedhe lan
tanpa ngucapaken maturnuwun, mbah geleng-geleng trus lunga.
Tekan
omah Bawang abang langsung nemoni biyunge lan karo senenge ndelengaken waluh
sing digawa. Amarga wedi Bawang Putih njaluk bagian, prentah Bawang Putih lunga
ning kali. Banjur ora sabar waluh dibelah. Nanging udu emas permata sing metu
seka waluh kuwi, nanging kewan-kewan wisanen kaya ula, kalajengking lan liyane.
Kewan-kewan mau langsung nyerang Bawang Abang lan biyunge kanthi mati. Kuwi
walesan kanggo wong sing serakah.
Sumber
:
http://kumpulanceritajawa.blogspot.com/2009/03/bawang-abang-bawang-putih.html
Tidak ada komentar:
Posting Komentar