Jaman
biyen kuna, urip sejodho lanang wadon sing dadi petani. Urip ing desa cepake
hutan lan uripe bagyo, nanging durung diwehi momongan yaiku durung diwehi anak.
Saben dina ndonga marang sing Maha Agung njaluk diwehi anak. Sawiji ning dina
ana raksasa liwati omahe lan rungu dongane , banjur raksasa aweh wiji timun.
"Tanduren
wiji kui, mengko arep olih anak wadon" omonge raksasa karo pasangan mau.
"Nanging ana syarate. Umpama umure wis 17 taun anak mau kudu wehaken meneh
marang aku," walese raksasa. Ora pikir dawa pasangan mau setuju karo
syarate raksasa amarga kepingin duweni anak.
Pasangan
tani mau banjur nandur wiji-wiji timun kuwi. Saben dina dirumat kanggo
temenanan tanduran sing muali urip kuwi. Wulan-wulanan nembe woh timun sing
warnane kaya emas.
Timun
kuwi suwe-suwe tambah gede karo abot. Wohe timun wis mateng, ati-ati banget
petani mau ngarah wohe timun. saking kagete, ing jerone timun ana bayi wadon
sing ayu rupane. Petani mau banget senenge banjur diarani Timun Mas.
Taun
ganti taun, Timun Mas dadi cah wadon dewasa sing ayu rupane. Wong tuane bangga
karo Timun Mas, nanging ndadekake rasa wedi sing gede. Amarga nek Timun Mas
umure wis 17 taun, raksasa pan teka lan nagih janjine kanggo njimot Timun Mas.
Petani
mau usaha ben bisa tenang. "Enteni sedela, Timun Mas lagek dolan. Bojoku
pan ngundang," kandahe. Petani kuwi gagean nemoni anake, "Anakku,
gawa iki," kandahe karo aweh kantong bujur. "Iki kanggo nulung kowe
nglawan raksasa, Saiki cepet mlayu," kandhahe. Banjur Timun Mas gagean
mlayu.
Petani
mau sedih lungane Timun Mas, nanging ora rela nek anake kanggo pakanan raksasa.
Raksasa ngenteni wis suwe, dadi ora sabar. Raksasa ngerti wis dilombo marang
petani mau. Banjur raksasa ngobrak-abrik pondoke pak tani, banjur nyusul Timun
Mas menyang hutan.
Raksasa
gagean mlayu nyusul Timun Mas, wis cepak Timun Mas njimot segegem uyah saka
kantong bujur. Banjur uyah mau ditawurake menyang raksasa. Ujug-ujug dadi laut
amba. Raksasa terpaksa ngelangi kangelan. Timun mas mlayu maning, nanging
raksasa bisa nyusul. Timun Mas njimot barang ajaib saka kantonge. Timun Mas
njimot segegem lombok, banjur ditawurake menyang raksasa. Wit-witan ana eri
landep ngurung raksasa. Raksasa kelaranen, banjur Timun Mas mlayu golet aman.
Nanging
raksasa banget kuwate, meh bisa nongkop Timun Mas. Timun Mas njimot barang
ajaib sing ketelu saka kantonge. Ditawuraken wiji timun, urip lan woh dadi
kebon timun sing amba. Amarga kekeselen lan ngelih, raksasa mangan timun-timun
sing seger kui nganti kewaregen, banjur raksasa turu.
Timun
Mas mlayu meneh sekuwat tenagane ngantek enteng. Luwih cilaka maning raksasa
tangi saka turune. Raksasa meh nongkop Timun Mas, Timun Mas keweden, banjur
ditokake senjata sing keri dewe yaiku segegem trasi urang. maning-maning ana
keajaiban, dadi danau belet sing amba lan raksasa gigal meng kero belet.
Timun
Mas lega, bisa selamet seka raksasa banjur bali maring omahe wong tuane. Rama
lan biyung seneng bisa weruh Timun Mas selamet. "Maturnuwun duh Gusti,
nyelametake anakku," kandhane seneng. Kawit kejadian kuwi Timun Mas bisa
urip tenang karo wong tuwane, tanpa keweden maneh.
Sumber
:
http://kumpulanceritajawa.blogspot.com/2009/03/timun-mas_8941.html
Tidak ada komentar:
Posting Komentar