TV ing
jaman saiki wis dadi kasenengane manungsa utamane bocah sekolah kang golek
hiburan kanggo ngisi wektu luwange. Tv kang gampang diakses nduweni dampak positif
lan negatif kanggo penggunane utamane bocah cilik kang durung bisa mbedakake
bener salah manfaat lan orane.
Program tv kuwi akeh kang ngetokake film-film
kang ora ndhidhik. Biasane tayangan tv kang ana ing jam sinau bisa ndadekake
bocah males sinau, amerga bocah kang nduweni kepinginan mirsani tayangan
film-film nganti rampung kang sadurunge wis dipaparna sitik supaya dadi
penasarane. Dampak iki bisa dadi luwih gedhe maneh yen kabeh manungsa kecanduan
acara tv.
Pengaruh negatif kuwi umume uga manggon
ing fisik, sosial, mental lan emosional. Yen bocah sekolah nduweni kesenengan
mirsani tv ora suwi mesti bocah kuwi nduweni sikap pasif lan individual. Sikap
pasif kuwi kang gawe proses perkembangan otak lan sikap kurang maksimal.
Ana ing kesehatan ingkang diperlokake
kanggo masa pertumbuhan anak. Kaliyan pengaruh ora langsung tv kuwi nyebabake sleep terror disorder (gangguan turu)
kurange istirahat utawa kekeselen perkara mirsani tv. Pengaruh langsung saka tv
yaiku efek sinar gamma kang dipancarake kaliyan pesawat tv. Radiasi kuwi bisa
nyebabake larane mripat.
Bocah sekolah yaiku calon generasi
bangsa kang rentan kena pengaruh negatif saka tv. Bocah kang kepingin ngudut
amerga weruh gagahe bintang sponsor kang ana ing tv. Prilaku kang kaya mangkono
kuwi bisa ngawatirake amerga miturut pakar komunikasi yaiku Dr. Alwi Dahlan
luwih saka 60 yuta anak-anak ing Indonesia digedhekake kaliyan tv (Astuti:
1995).
Dampak kang ditimbulake kaliyan tv wis nyata
katon wiwit perang dunya kang kaping loro. Pas wektu kuwi tv terkenal amerga
siaran kang ora namung gambar naging uga ana suwarane. Av Westin kuwi salah
sawijing pengamat tv, kang miwiti bukune kanthi irah-irahan News Watch kaliyan ukara “Berita ing tv
bisa ngrubah cara mikir wong Amerika!” (Atmowiloto, 1986: xi). Ora namung ing
Amerika kang nduwe luwih saka sewu tv, nanging uga ing Indonesia. Indonesia
kalebu negara kang kecanduwan mirsani tv.
Pengaruh tv ora liya bisa ngrusak
tatanan sosial kang nduweni skala cilik, uga pengaruh ing tatanan sistem
kenegaraan. Ing buku The Third Wave,
Alvin Toffler ngendhika: bangsa kang nguwasani informasi yaiku bangsa kang
nguwasani donya. Nanging ora namung saka militer wae. Ideologi, kebudayaan, lan
norma diterapna ana ing pribadi kita.
Pemerintah kang nduweni tanggung jawab
ing sistem sosial kudu bisa ngontrol kang teges ngenani tayangan tv kang saru
lan nyimpang.
Bocah sekolah yaiku golongan kang akrab
kaliyan tv. Ora sadar tv bisa ngrubah prilaku bocah saka gaya urip saben dina.
Tv kuwi nduweni akeh manfaat nang para ingkang mirsani kayata gawe kesenengane
lan tambah informasi. Saka manfaat kuwi ana dampak negatife kang bisa
ditanggulangi kaliyan wong tuwa lan guru sekolah.
Anane tv kuwi ora bisa dipungkiri
kaliyan masyarakat. Dadi wong tuwa diharapna supaya nduweni program sortir tv
yaiku bisa ngatur wektu kanggo sinau, mirsani tv lan liyane. Wong tuwa supaya
menehi motivasi maring anake kanggo nglakoni hal kang manfaat. Lan ngawasi
supaya istirahat cukup lan teratur. Nalika mirsani tv yaiku jaga jarak kaliyan
pesawat tv minimal 5 kali diagonal layar.
Yen bocah nyalahi aturan nalika mirsani
tv, kang aturan kuwi wis disepakati bareng kaluwarga wong tuwa bisa ngalihake
perhatian uga menehi sanksi ingkang mendhidhik.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar