Jaman
biyen nalika Dewa-Dewa isih seneng mudun marang dunia saka kayangan, nalika kuwi
kerajaan Majapait lagi kena serangan saka dhaerah-dhaerah. Wargane pada bingung
golet panggonan kanggo ngungsi, pada wae karo para Dewa. Wektu kuwi Dewa mulai
lunga marang sawijining panggonan, nang sekitare Gunung Bromo.
Gunung
Bromo isih tenang, ngadek dislimuti kabut putih. Dewa-dewa sing teka marang
panggonan kuwi ing sekitare Gunung Bromo, semayam ing lereng Gunung Pananjakan.
Ing panggonan kuwi bisa weruh Srengenge munggah saka wetan lan Srengenge sirep
saka kulon. Sekitare Gunung Pananjakan, panggonan Dewa-Dewa semayam, ana uga
panggona kanggo pertapa. Pertapa kuwi mau saben dina pahalane megur muja lan
ngening cipta. Sawijine dina sing mbahagiakake, bojo kuwi lairake anak lanang.
Raine ganteng, cahyane terang. Mertandhakake anak sing lair saka titisane jiwa
sing suci. Wiwit lair anak kuwi keton sehat lan kuat sing luar biasa. Wiwit
lair, anak Pertapa kuwi wis bisa ngetokake suara seru. Gegeman tangane seret
banget, tendangan sikile uga kuat. Ora kaya anak liya umume, bayi kuwi diarani
Joko Seger, sing artine sing sehat lan kuat.
Ing
panggonan liya sekitare Gunung Pananjakan, wektu kuwi ana anak wadon lair saka
titisan Dewa. Raine ayu lan elok. Siji-sijine anak sing paling ayu dewek ing
panggonan kuwi. Wiwit dilairake, udu umume bayi lair, meneng ora nangis wektu
dilairake saka rahim biyunge. Merga kuwi, wongtuane ngarani bayi iku Rara
Anteng.
Rara
Anteng sengsaya dina sengsaya dadi anak remaja sing ayu. Garis-garis ayune metu
jelas saka raine. Rara Anteng terkenal tekan dhaerah-dhaerah. Akeh putera raja
pada nglamar Rara Anteng, nanging ditolak, amarga Rara Anteng wis kepincut karo
Joko seger. Sawijining dina Rara anteng dilamar Bajak sing sekti lan kuat.
bajak kuwi terkenal jahat banget. Rara Anteng terkenal alus atine ora wani
nolak pelamar sekti kuwi. Merga kuwi Rara anteng njaluk supaya di gawekna
segara ing tengah-tengahing gunung. Dikira penjalukan sing aneh supaya pelamar
sekti mau ora bisa nyanggupi. Segara kuwi mau kudu di gawe ing sewengi, yaiku
diwiwiti srengenge sirep tekane srengenge munggah. Disanggupi penjalukan Rara
Anteng kuwi.
Bajak
sekti mau mulai gawe segara nganggo batok saka krambil lan meh rampung. Weruh
kenyataan sing kaya kuwi, atine Rara Anteng gelisah ora tenang. Kepriwe carane
gagalaken lautan sing agi di gawe Bajak kuwi? Rara Anteng mikir nasibe, Rara
Anteng ora bisa urip karo wong sing ora disenengi. Banjur Rara Anteng golet
cara supaya bisa gagalaken usahane Bajak mau. Banjur Rara bisa nemu cara yaiku
nutu pari ing tengah wengi. alon-alon suara alu nangekake jago sing pada turu.
Kluruk jago saut-sautan, kaya fajar wis metu, nanging wargane durung nglakoni
kegiatan esuk. Bajak rungu jago kluruk, nanging benang putih saka wetan urung
metu. Berarti fajar teka urung wektune. Mikir nasib siale, banjur batok sing
dinggo kanggo gawe lautan mau di buwang, gigal tengkurep nang jejere Gunung
Bromo lan malih dadi gunung diarani gunung Batok.
Gagale
Bajak gawe laut ing tengah-tengah gunung Bromo, ati Rara Anteng seneng banget.
Rara Anteng nerusake hubungane karo Joko seger. Banjur Rara Anteng lan Joko
Seger dadi pasangan sing bagya,amarga lorone pada senenge. Pasangan Rara Anteng
lan Joko Seger gawe panggonan lan mimpin ing kawasan Tengger utawa Purbawasesa
Mangkurat Ing Tengger, sing aweh pengerti "Panguasane Tengger sing
Budiman". Aran Tengger di jimot saka akhire suku kata aran Rara Anteng lan
Joko Seger. Tengger uga nduweni makna Tenggering Budi Luhur utawa menehi ngerti
babagan moral sing duwur, simbul ketenangan sing abadi. Saka wektu meng wektu
warga Tengger urip makmur lan dame, nanging panguasa ora ngrasa bagya. amarga
wis suwe mbina umah tangga urung nduweni momongan. Banjur nduweni keputusan
munggah meng pusuke gunung Bromo kanggo semedi nggudi percaya karo sing Kuasa supaya
diwei momongan.
Ijig-ijig
ana suwara gaib sing ngomong semedine arep dikabulaken nanging kanggo syarat
wis olih momongan, anak sing bungsu kudu dikorbanaken meng kawah gunung Bromo.
Pasangan Rara Anteng lan Joko Seger nyanggupi banjur olih momongan 25 anak lanang
wadon, nanging naluri wong tua tetep ora tega enggane kelangan anakae. Carane
Rara anteng lan Joko Seger ngingkari janjine, Dewa murka lan ngancem arep gawe
malapetaka, banjur langit dadi peteng kawah gunung Bromo nyemburake geni.
Kesuma
anak bungsune ilang nang geni lan mlebu neng kawah Bromo, banjur ana suwara
gaib :"Sedulur-sedulurku sing aku tresnani, aku wis dikorbanaken meng wong
tuane dewek lan Hyang Widi nyelametake kowe pada. Urip sing dame lan tentrem, sembahen
Hyang Widi. Aku elingaken supaya saben wulan Kasada ing dina ke-14 nganakake
sesajen kanggo Hyang Widi ing kawah Bromo.
Upacara
rutin kuwi dilakoni turun temurun marang warga Tengger lan saben taune dianakake
upacara Kasada ing Poten lautan pasir lan kawah gunung Bromo.
Sumber:
http://kumpulanceritajawa.blogspot.com/2009/04/misteri-gunung-bromo-jaman-bien-nalika.html
Tidak ada komentar:
Posting Komentar